I Samuel 28:3-19; Jabur 98; Rum 1:18-25
ELOK
“Pangeran Yehuwah repekna kidung anyar,
awit Panjenengane wus nindakake kaelokan….”
(Jabur 98:1a)
Juru Masmur nelakaken bilih pakaryanipun Sang Yehuwah punika elok satemah piyambakipun njurung para umat supados ngrepekaken kekidungan kagem ngluhuraken asmanipun Gusti. Punapa ingkang elok? Gusti Allah sampun maringi karaharjan saha kaadilan dhateng umatipun. Panjenenganipun sampun ngrentahaken sih kadarman saha nelakaken sih kasetyanipun satemah bangsa Israel saged ngraosaken tentrem rahayu. Pramila, sampun kedahipun para umat sami ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi kekidungan!
Punapa pakaryanipun Allah punika namung kelampah wonten ing satengahing bangsa Israel kemawon? Boten. Ing salajengipun, Panjenenganipun badhe ngadili bangsa-bangsa kanthi kayekten. Karaharjan saha kaadilan ugi badhe kababar ing saindenging jagad awit Panjenenganipun nresnani jagad punika kanthi sih kawelasanipun. Sampun kedahipun menawi umat Israel ugi njejegaken kaadilan saha ngupadi karaharjan, boten namung kangge bangsanipun ananging ugi kangge sesami saking bangsa sanes.
Pangatagipun Juru Mazmur punika ugi njurung kita sami supados nindakaken kalih prekawis. Ingkang sepisan, atur panuwun awit pakaryanipun Gusti ingkang elok ing gesang kita. Ingkang kaping kalih, kita katimbalan supados ndherek mujudaken kaadilan, kayekten saha karaharjaning jagad. Sinaosa kita rumaos sisah menawi ningali tumindaking manungsa ingkang mrihatosaken, kita sami boten surut ing pambudidaya. Malah kepara punika dados pecut kangge kita supados langkung trengginas anggen kita makarya.
Mendahnea menawi gesanging manungsa saha jagad punika kebak ing karukunan. Mendah elokipun menawi sedaya bangsa saestu ngugemi kayekten lan ngupadi kaadilan. Kanthi mekaten kita sami kasagedna ugi mujukaken kaelokanipun tumindak, kados dene Gusti Allah! |*OHPN
