+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 14 November 2025 Minggu Limrah

II Samuel 21:1-14; Jabur 98; II Tesalonika 1:3-12

SEMBADA

Awit saka iku aku kabeh temah padha ndedonga, uga kanggo

kowe kabeh, supaya Allah kita karsa nganggep marang kowe sembada

ing timbalane lan kalawan panguwaose karsaa nyampurnakake sedyamu

arep nindakake kabecikan sarta karsaa nyampurnakake

sakehe panggawening pracayamu(II Tesalonika 1:11)

Tetela bilih rasul Paulus nresnani pasamuwan ing Tesalonika. Sinaosa ngadhepi maneka warni panindhes ananing warganing pasamuwan tetep bakuh kapitadosanipun dhumateng Gusti Yesus. Rasul Paulus nglipur manahipun pasamuwan bilih Gusti Allah piyambak ingkang badhe mitulungi pasamuwan saha paring paukuman dhateng para tiyang tingkang nganiaya pasamuwan.

Rasul Paulus ugi ndongakaken supados pasamuwan sembada anggenipun nindakaken pakaryan ingkang sae minangka wujuding kapitadosanipun. Sinaosa katindhes, warganing pasamuwan tetep setya tuhu nandur wohing pakaryan ingkang sae. Pasamuwan tetep tuhu ngibadah lan ngiyataken kapitadosan. Pasamuwan tetep nunggil ing pasedherekan. Lan pasamuwan tetep sembada martosaken Injilipun sang Kristus. Saestu, rasul Paulus paring pangalembana saha tumemen ndongakaken pasamuwan ing Tesalonika.

Para sedherek kinasih, lelampahanipun pasamuwan ing Tesalonika punika saged dados tulada kangge kita sami. Sinaosa kathah pacoben lan panggoda, kita sami boten lajeng nglokro. Ananging kita sami katimbalan supados tetep sembada nindakaken ayahan saking Gusti. Sedaya pepalang wau kita sami anggep minangka pamecut. Kita sami mbudidaya supados tetep makarya. Kukuh ing kapitadosan, rukun ing patunggilan saha gumregut martosaken pakaryanipun Gusti Yesus. Ing tembe, Gusti piyambak ingkang mirsani, punapa kita sami saestu sembada punapa boten. Kadosdene perangan syair pop rohani : ‘ku berjuang sampai akhirnya, ‘Kau dapati aku tetap setia….”, kawula badhe ngupadi gesang ingkang setya dumugi puputing yuswa. Amin |*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *