Yehezkiel 10:1-19; Jabur 98; Lukas 17:20-37
KATUMPES
“Wong-wong padha mangan lan ngombe, pada omah-omah
lan diomah-omahake, nganti tumeka ing dinane Nabi Nuh lumebet ing prau; banjur ana banjir gedhe, kang numpes wong kabeh.”
(Lukas 17: 27)
Kenging punapa tiyang-tiyang ing jamanipun Nabi Nuh punika katumpes dening Gusti Allah kanthi jalaran bena ageng? Awit tiyang-tiyang punika gesang ing saklebeting dosa, lan boten purun dipun wilujengaken, kepara malah memoyok nalika Nabi Nuh nyawisaken baita. Tiyang-tiyang wau boten pitados lan boten purun nampi pepenget saking Gusti lumantar nabi Nuh bilih badhe wonten bena ageng.
Gusti Yesus ngagem cariyos bab lelampahipun nabi Nuh minangka tuladha lan gegambaran bab kados pundi rawuhipun Kratoning Swarga ing tembe. Menawi manungsa boten sami nyawisaken dhiri saperlu methukaken rawuhipun Putraning Manungsa, manungsa badhe ngadhepi paukumaning Gusti. Punika sami kemawon kadosdene ‘katumpes’ ing cariyos bab nabi Nuh. Pancen kapireng nggegirisi! Ananging bab punika dipun tegesaken dening Gusti Yesus supados manungsa sami mratobat lan cecawis awit manungsa boten sumerep benjang punapa kratonipun Gusti punika badhe rawuh!
Sumangga kita sami saestu nyamektakaken dhiri. Sami bakuh ing kapitadosan kita saha njagi sedaya tumindak kita saben dintenipun. Kita sami nglampahi gesang suci kados-kados benjang punika wancinipun Gusti rawuh methuk umatipun! Sampun ngantos kita kapilut dening panggodaning Iblis bilih wekdalipun taksih dangu, kadosdene para tiyang ing jaman nabi Nuh: “padhang njingglang kok gawe baita…wong aneh!” Sampun ngantos kita sami ketaman ing panggoda satemah kita sami kedlarung nindakaken molimo (main, madat, maling, mendem, madon/mlanang). Sinten ingkang tansah emut lan waspada, punika ingkang badhe kapitulungan rahayu. |*OHPN
