Maleakhi 4:1-2a; Jabur 98; II Tesalonika 3:6-13; Lukas 21:5-19
NYAMBUT DAMEL
“… wong kang ora gelem nyambut gawe iku iya aja mangan.”
(II Tesalonika 3: 10b)
.
Kenging punapa rasul Paulus ngendika bilih tiyang ingkang boten nyambut punika boten pareng nedha? Nalika semanten wonten saperangan tiyang ingkang nggadahi pemanggih bilih Gusti Yesus badhe enggal rawuh. Para tiyang wau lajeng nilar brayat saha pedamelanipun. Miturut pamawasipun, nyambut damel punika namung ndadosaken badaning manungsa reged lan boten pantes nalika methukaken rawuhipun Gusti. Tiyang-tiyang wau ugi ngajak pasamuwan ing Tesalonika murih pitados dhumateng keyakinanipun para tiyang wau. Ananging awit dinten ingkang dipun ajeng-ajeng punika ngantos dangu dereng rawuh, para tiyang wau lajeng sami nyuwun tetedhan dumateng warganing pasamuwan. Nanggepi pemanggih ingkang klentu punika, rasul Paulus lajeng ngendikan: “…wong kang ora gelem nyambut gawe iku iya aja mangan.”
Rasul Paulus ugi nelakaken bilih piyambakipun saha saperangan kanca pelados ugi nyambut damel. Piyambakipun njurung pasamuwan supados nebihi para tiyang ingkang klentu ing pemanggih wau. Methukaken rawuhipun Gusti boten ateges nilaraken tanggel jawab ing donya punika. Tiyang pitados kedah tetep nglampahi gesang salimrahipun saha nindakaken ayahan sapadintenan kanthi tumemen. Gesang bebrayatan, nyambut damel, sesrawungan kaliyan sesami saha ngabekti dhumateng Gusti. Kanthi cara mekaten, tiyang pitados cumawis methukaken rawuhipun Gusti Yesus, benjang punapa kemawon Panjenenganipun badhe rawuh.
Nalika Gusti Yesus rawuh ing tembe, Gusti ngersakaken methuk para tiyang pitados ingkang setya tuhu mundhi dhawuhipun, memayu hayuning bawana. Mendahnea menawi kita sami kapetang minangka peranganipun tiyang pitados ingkang nggadahi tanggel jawab, ‘etos’ pakaryan ingkang inggil. I*OHPN
