Yehezkiel 11:14-25; Jabur 141; Efesus 4:25-5:2
NGULURI
“Wong kang gawene nyolong, aja nyolong maneh, nanging becik
nyambut gawe kanthi tumemen lan nglakoni pagawean kang becik
kalawan tangane dhewe, supaya bisa nguluri wong kang kekurangan.”
(Efesus 4: 28)
Salah satunggaling wujudipun gesang ingkang kaanyaraken inggih punika nyambut damel kanthi patrap ingkang sae. Tegesipun, tiyang pitados kedah nindakaken pedamelanipun kanthi jujur lan tulusing manah, boten nyolong, boten korupsi. Kanthi mekaten, tiyang pitados saged nyekapi kabetahaning brayatipun piyambak lan boten gumantung kaliyan pambiyantunipun tiyang sanes ananging ‘kalawan tangane dhewe’ (mandiri).
Ing sisih sanesipun malih, para tiyang ingkang nyambut damel kanthi jujur ugi kadhawuhan supados mbiyantu sedherek sanes ingkang mbetahaken pitulungan. Tiyang pitados katimbalan supados ngestokaken tanggel jawab sosial inggih punika purun migatosaken sesami ingkang kesrakat. Kanthi mekaten, raja brana ingkang katampi saking pedamelanipun boten namung kangge nyekapi kabetahanipun piyambak ananging ugi mengku kautaman bab ‘solidaritas.’ Wonten unen-unen ingkang mekaten: ‘ing salebeting raja brana kita, wonten ingkang dados hak-ipun tiyang miskin.’ Kanthi nyambut damel ingkang tumemen, kita saged pinaringan berkah kangge nyekapi kabetahaning gesang saha saged mbiyantu sesami.
Sumangga kota sami ngraos-ngraosaken timbalanipun Gusti lumantar sabdanipun supados kita sami nguluri sesami ingkang kekirangan. Mugi kita sami kasagedna dados talang berkahipun Gusti kangge sesami, sae punika sesamining wargan pasamuwan utawi sesami umating manungsa titahanipun Gusti. Ngayahi pedamelan punika kewajibaning manungsa. Wondene nguluraken berkah kangge sesami punika timbalanipun Gusti ingkang elok. Rahayu sedaya tiyang ingkang ngestokaken timbalanipun Gusti kanthi ikhlasing manah saha kanthi bingah sukarena. “Sing sapa kerep andum berkat, bakal nampeni kaluberan….” (Amsal 11: 25). I*OHPN
