Yehezkiel 39:21-40:4; Jabur 141; I Korinta 10:23-11:1
MAEDAHI
“Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang iku maedahi.”
(I Korinta 10: 23)
Rasul Paulus nedahaken dhateng warganing pasamuwan ing kitha Rum supados nggadhahi tepo slira. Tiyang pitados pancen pikantuk nedha sedaya tetedhan awit Gusti sampun nyawisaken isining alam donya punika kangge nyekapi kabetahanipun manungsa. Menawi pikantuk daging saking tetanggi umpaminipun, kita tiyang pitados pikantuk nedha. Ananging menawi wonten sedherek sapatunggilan ingkang nggadahi ganjelan utawi pambengan bab daging punika, prayogi kita boten nedha daging wau supados boten dados sandhungan ing manahipun sedherek wau. Menawi sedherek wau nggadahi pamanggih menawi daging wau najis awit nembe kemawon dipun pisungsungaken kangge pangabekti dhateng brahala, tegesipun sedherek wau nggadahi ganjelan.
Rasul Paulus ngemutaken warganing pasamuwan supados ngendhaleni dhiri boten nedha daging wau supados boten ndadosaken sandhungan kangge sedherek sanes. Rasul Paulus njurung warganing pasamuwan supados nengenaken karukunan ing satengahing pasamuwan. Ingkang inggil pangertosanipun bab kapitadosan kedah ngurmati lan ngemong sedherek sanes ingkang kirang pangertosanipun. Kanthi mekaten, sedaya tiyang pitados kasagedna angen ingenan setunggal lan setunggalipun. ‘
Sumangga kita sami nggadahi raos pangraos wonten ing gesang sesarengan. Boten nengenaken pikajeng kita piyambak ananging sesambetan ing antawisipun warganing pasamuwan ugi kedah kita reksa sesarengan. Kita pancen saged nindakaken punapa kemawon kangge kapentingan kita pribadi. Kita pancen wenang ing samubarang. Ananing menawi boten maedahi kangge gesangipun pasamuwan, prayogi kita ngendhaleni dhiri satemah boten mbujeng pepinginanning manah kita piyambak. I*OHPN
