+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 19 November 2025 Minggu Limrah

Yehezkiel 43:1-12; Jabur 141; Mateus 23:37-24:14

NGULUKAKEN PANDONGA

Pandonga kawula mugi dadosa kados kurban dupa arum kagem Paduka,

saha tangan kawula ingkang kawula ulukaken dadosa

kados pisungsung kurban ing wanci sonten.”

(Jabur 141: 2)

Punapa kemawon ingkang dados kabetahanipun para sedherek adiyuswa? Wonten kalih, inggih punika ‘kempal’ lan ‘cariyos.’ Mendah remenipun para sepuh menawi saged kempal sesarengan lan sami andum cariyos bab gesangipun setunggal lan setunggalipun. Punika saestu ngeram-eramaken!

Ananging kados pundi menawi wonten kasepuhan ingkang boten saged nderek kempalan? Raosing manah temtu kuciwa lan sedhih. Punapa malih menawi ing griya namung piyambakan, boten wonten kancanipun. Sangsaya nggrantes! Mbok menawi lajeng mijil pitakenan ing manahipun: geneya aku kaya wong sing ora kajen? Kenapa aku wis ora iso andum apa-apa? Ora iso leladi maneh kaya nalika isih enom?

Taksih wonten ingkang saged katindakaken inggih punika dados juru syafaat kangge sinten kemawon. Para sepuh saged ngulukaken pandonga kangge brayat, pasamuwan, bangsa lan negari! Saking manah ingkang tuhu, sumengka pandonga ingkang tulus dhumateng Gusti! Juru Mazmur nelakaken bilih pandonga punika minangka pisungsung ingkang arum lan endah wonten ngarsanipun Gusti! Boten namung raja brana ingkang saged kita pisungsungaken ananging ugi pandonga ingkang mijil saking lebeting manah!

Sumangga kita sami ngulukaken pandonga kanthi raos tulus bingah! Pandonga kita sami punika mugi ndhodhog penggalihipun Gusti satemah Gusti kersa miyarsakaken syafaat kita sami. Kanthi mekaten sauruting gesang kita ngantos yuswa sepuh tetep taksih maedahi lan migunani kangge sesami! I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *