II Babad 18:12-22; Jabur 46; Ibrani 9:23-28
MENENGA!
“Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah!”
(Jabur 46: 11a)
Nalika manungsa ngadhepi kawontenan ingkang nggegirisi lan mbebayani, limrahipun wonten kalih tanggapan. Ingkang sepisan, kita sami bingung lan kuwatos satemah boten saged wening lan ngandelaken panguwaosipun Gusti. Ingkang kaping kalih, kosokwangsulipun, kita sami gumunggung lan rumaos saged mrantasi kanthi kekiyatan kita piyambak. Kita sami namung ngothak-athik sedaya patrap supados saged ngadhepi karibedan utawi kangelan wau.
Lumantar juru Mazmur, Gusti Allah mbereg umat Israel supados pitados sawetahipun dhumateng Panjenenganipun nalika ngadhepi karibedan, mirungganipun nalika ngadhepi bangsa sanes ingkang badhe nindhes. Gusti Allah ngersakaken supados umat sumene saha ngrantos pitulunganipun Gusti. Sampun ngantos bingung lan kuwatos utawi kosokwangsulanipun, gumunggung lan ngandelaken pemanggihipun piyambak.
‘Menenga lan ngretia, menawa Ingsung iki Allah!’ punika minangka wujuding panganthinipun Gusti tumrap kita sami. Kita sami sumene lan ngraosaken kanthi lebet panganthining Gusti Allah temahan saged saestu ngandelaken Panjenenganipun. Kita sami kedah mitadosi kanthi sayektos bilih Gusti Allah punika saestu madeg minangka Gusti ingkang kagungan panguwaos ageng tumrap sedaya karibedan kita sami. Sampun ngantos kadosdene prabu Saul ingkang boten taberi anggenipun nenggo nabi Samuel satemah misungsungaken kurban langkung rumiyin awit ajrih dhateng bangsa Filistin ingkang badhe nindhes.
Ing jaman samangke, punapa kita saged nyamektakaken wekdal sawetawis supados saged sumene lan ngraos-ngraosakaen kanthi lebet panganthining Allah? Punapa kita sami saged langkung ngandelaken pitulunganipun Gusti lan boten ngandelaken kekiyatan kita piyambak? I*OHPN
