Zakharia 11:1-17; Jabur 46; I Petrus 1:3-9
SUKARENA
“… Kowe padha sukarena, marga saka anane kabungahan kang mulya
lan kang ora kena kinira kira. Amarga kowe wis padha bisa ngranggeh gegayuhane pracayamu, yaiku karahayoning nyawamu …”
(I Petrus 1:8b-9)
Punapa kita sami taksih saged ngraosaken sukarena nalika nandhang sangsara? Saged. Rasul Petrus nedahaken bilih pasamuwan saged ngraosaken sukarena sinaosa saweg nandang sangsara awit saking kapitadosanipun dhumateng Gusti Yesus. Kenging punapa? Amargi pasamuwan sampun nampeni karahayoning gesang langgeng awit saking kapitadosanipun ingkang boten ewah gingsir. Sinaosa katindhes badan saha manahipun ananging nyawanipun kawilujengaken dening Gusti. Sinaosa katindhes ing alam donya punika ananging pasamuwan badhe ngraosaken gesang langgeng kebak ing kabingahan ing swarga.
Sukarena ingkang sejatos punika boten katemtokaken awit saking kawontenan ing sakiwa tengen kita utawi awit saking kawontenan ingkang saweg kita adhepi. Tuladhanipun, nalika kita mindhak gaji, kita ngraosaken bingah. Punika bingah amargi gajinipun mindhak. Ananging sekarena ingkang sejatos, ingkang karumentahaken saking swarga punika ajeg wonten sinaosa kawontenan ing sakiwa tengen kita tansah ewah. Sukarena punika mijil saking lebeting manah, kasurung saking pakaryanipun Sang Roh Suci. Pramila sinaosa kita saweg nandang kasangsaran lan karibedan, kita sami tetep saged ngraosaken sukarena bingah ing salebeting manah.
Pengajeng-ajeng bab karahayoning gesang langgeng mugi njurung kita sami supados tetep nggadahi raos sukarena. Pengajeng-ajeng punika ndadosaken manah kita tetep bombong, boten nglokro lan semplah. Boten lajeng nedya nebih saking Gusti Yesus. Sumangga kita sami tetep gondhelan kaliyan Sang Kristus nalika ngadhepi bot repoting gesang ing alam donya punika. Kados dene peksi garudha ingkang mabur ing sainggilipun prahara ing jagad, mekaten ugi kita sami saged ngraosaken sukarena bingah ing sainggilipun sedaya kasangsaraning gesang. I*OHPN
