Ayub 21:1, 17-34; Jabur 123; II Yokanan 1:1-13 KOTHONG! “Banget kothonge panglipurmu marang aku iki!” (Ayub 21: 34) Punapa ingkang paling dipun-betahaken dening tiyang ingkang nembe nandhang gerah? Tamba! Boten namung tamba sacara kajasmanen ananging ugi sacara karohanen. Nalika Ayub nembe nandhang gerah, rencang-rencangipun sami nuweni lan asung panglipur. Emanipun, sanes panglipuran ingkang dipun tampi dening Ayub, ananging malah pamoyok dhateng piyambakipun. Salah satunggaling rencang inggih punika Zofar, nelakaken bilih Gusti Allah paring bebendu dumateng tiyang duraka lan wujudipun inggih punika sesakit utawi kecalan sedaya ingkang dados darbenipun. Tembungipun Zofar punika katujokaken dhateng Ayub ingkang nembe nandhang sesakit lan sampun kecalan sedaya darbenipun. Ayub rumaos dipun jeksani dening rencangipun wau. Ayub ngendikan bilih piyambakipun boten nate ngrancang tumindak duraka. Punapa ingkang dipun ngendikakaken Zofar wau tebih saking gesangipun Ayub. Pramila Ayub rumaos bilih rencangipun wau boten mangertosi raosing manahipun Ayub. Boten nggadahi empati/raos welas asih! Piyambakipun boten nglipur lan ngiyataken manahipun Ayub ananging malah moyoki lan njeksani Ayub. Pramila Ayub lajeng muntab lan ngucap: “Banget kothonge panglipurmu marang aku!” Para sedherek kinasih, sumangga kita sami nitipriksa manah kita piyambak-piyambak kanthi wening. Punapa tetembungan saha tumindak kita asring natoni sedherek ingkang saweg nandhang gerah? Punapa malah moyoki lan njeksani? Menawi mekaten, anggen kita nuweni sedherek wau boten ndhatengaken tentrem rahayu ananging malah kosokwangsulipun, ndhatengaken raos kuciwa lan sedhih! Ingkang wigatos nalika kita tetuwi inggih punika purun mirengaken kanthi premati punapa ingkang dados raosing manahipun sedherek ingkang gerah wau. Kanthi mekaten, kita saged empan papan anggen kita matur lan nglipur piyambakipun. Kita sami saged dados rencang ingkang sejatos, ingkang tatas lan titis anggenipun nanggepi raosing manahipun sedherek kita wau. I*OHPN
Senen, 10 November 2025 Minggu Limrah
Ayub 20:1-11; Jabur 123; II Petrus 1:16-21 KUMANDELA! “…nyawa kawula sampun langkung dening tuwuk dhateng pamoyokipun para tiyang ingkang rumaos tentrem, tuwin dhateng tiyang gumunggung anggenipun sami ngremehaken” (Jabur 123: 4) Pancen, sinau dados tiyang mursid punika awrat. Asring kita sami sampun rumaos makarya kanthi jujur ananging kita sami malah katindhes lan kasingkiraken. Wondene tiyang sanes ingkang makarya kanthi patrap ingkang boten jujur malah asring ketingal sekeca gesangipun. Ingkang dados mirising manah, tiyang-tiyang wau lajeng ngremehaken saha moyoki kawontenan kita sami. Sacara kamanungsan, kita sami rumaos nepsu. Saged ugi, kita sami kagodha supados tumindak kados dene tiyang-tiyang wau supados saged ngraosaken gesang mulya. Ananging juru Mazmur ngemutaken kita sami supados boten nepsu lan supados tetep sumarah dhumateng Gusti. Kita sami kadhawuhan supados nyuwun kawelasan dhumateng Gusti lan boten nulad tumindakipun para tiyang wau. Sinaosa kita dipun anggep tiyang kesrakat lan kasingkiraken minangka tiyang pinggiran ing masyarakat nanging kita sami boten lajeng rumaos minder lan lingsem. Sinaosa miturut pra tiyang wau kita sami boten ngraosaken gesang ingkang raharja ananging kita sami boten kagodha kangge nggayuh karaharjan kanthi patrap ingkang awon. Sumangga kita sami manekung, sumendhe dhumateng Gusti. Punapa kemawon pamoyokipun para tiyang wau sampun ngantos ngewahi margining kayekten ingkang kita ugemi. Boten punapa dipun anggep sangsara. Boten punapa dipun anggep kesrakat. Nanging ingkang baken, kita tetep bakuh ing margining kajujuran! “…aja nepsu, iku mung nuntun marang panggawe ala.” (Jabur 37: 8b). “Kumandela marang Pangeran Yehuwah lan nindakna kabecikan…” (Jabur 37: 3a). Sepisan malih, monggo sami kumandel! |*OHPN
Ahad, 9 November 2025 Minggu Limrah
Ayub 19:23-27a; Jabur 17:1-9; II Tesalonika 2:1-5, 13-17; Lukas 20:27-38 NGRIMATI GESANG BEBRAYATAN “…nanging wong-wong kang padha kaanggep pantes tampa panduman ana ing jagad liyane iku, lan ana ing patangen saka ing antarane wong mati, iku bakal ora omah-omah lan ora diomah-omahake.” (Lukas 20: 35) Samangke Gusti Yesus ngadhepi panjireting tiyang Saduki ingkang boten pitados bab wungunipun tiyang ingkang sampun tilar donya. Menawi wonten tiyang estri ingkang emah-emah kaliyan tiyang jaler nanging boten kaparingan momongan ngantos tiyang jaleripun pejah, sedherekipun tiyang jaler wau kedah emah-emah kaliyan tiyang estri wau. Nanging menawi tetep boten kaparingan momongan ugi ngantos garwanipun wau pejah, sedherek sanesipun ingkang kedah emah-emah kaliyan tiyang estri wau. Kados pundi menawi ngantos sedaya sedherekipun pejah lan tetep boten kaparingan momongan? Sinten ingkang badhe kapiji minangka garwa nalika sami katangekaken ing tembe? Gusti Yesus mangsuli bilih ing gesang ing jagad sanes mangke, boten wonten emah-emah malih. Para tiyang pitados badhe gesang kados dene malaekat! Kanthi mekaten, Gusti Yesus njejegaken pemanggihipun tiyang Saduki wau supados pitados bab tanginipun manungsa ing tembe saking pejah. Piwucal punika nuntun kita sami supados nggadhahi pengajeng-ajeng ingkang leres babagan tangining tiyang pitados saking pejah saha anggenipun badhe pepanggihan kaliyan Gusti Yesus, ngraosaken gesang langgeng salaminipun. Ananging wonten setunggal prekawis ingkang wigatos. Awit ing tembe boten wonten emah-emah malih, kita sami kaatag supados saestu mbangun gesang bebrayan kanthi tumemen! Kita kajurung supados migatosaken sedaya anggotaning brayat saben dintenipun. Ing donya punika kita sami nggadahi wekdal mirunggan supados ngrimati gesang bebrayan kanthi silih asih, silih asuh lan silih asah setunggal lan setunggalipun! Sumangga! |*OHPN
Setu, 8 November 2025 Minggu Limrah
Pangentasan 3:13-20; Jabur 17:1-9; Lukas 20:1-8 PRIGEL MANGSULI “Pambaptise Nabi Yokanan iku saka swarga apa saka manungsa?” (Lukas 20: 4) Para pangarsaning agami Yahudi kepingin njiret Gusti Yesus kanthi pitakenan ingkang angel: panguwaosipun Gusti Yesus punika saking pundi? Nanging Gusti Yesus mangsuli kanthi pitakenan ugi bab pambaptisipun Nabi Yokanan. Para tiyang wau boten wantun mangsuli bilih pambaptisipun Nabi Yokanan punika saking swarga awit tiyang-tiyang wau boten nggadahi kapitadosan ingkang mekaten. Ananging menawi mangsuli bilih pambaptisanipun Nabi Yokanan punika saking manungsa, tiyang-tiyang wau ajrih dateng tiyang kathah awit sami pitados bilih Yokanan punika madeg minangka Nabining Gusti Allah. Para pengagenging Agami Yahudi wau boten saged atur wangsulan! Nalika Gusti Yesus makarya, pancen kathah tiyang ingkang remen dhumateng Panjenenganipun ananging kathah ugi ingkang boten remen, malah kepara sengit. Kalebet para pengagenging Agami Yahudi wau. Sinaosa mekaten, Gusti Yesus tetep nindakaken pakaryanipun. Sedaya panjireting tiyang saged dipun wangsuli kanthi wasis lan premati, tatas lan titis. Punika nelakaken bilih Gusti Yesus boten namung makarya kanthi sae nanging ugi saged ngadhepi sedaya pepalang ing satengahing pakaryan. Sumangga kita nitipriksa peladosan saha pedamelan kita piyambak-piyambak. Boten saged kita selaki bilih kita sami asring ngadhepi kathah sanget panjireting sesami supados pakaryan kita saged cugar. Pramila kita sami kedah waspada saha nyuwun kawicaksanan saking Roh Suci supados kasagedna mrantasi ing pakaryan saha trampil atur wangsulan tumraping sedaya panjiret wau. Kados dene pangandikanipun Gusti Yesus ing Mateus 10:16b: “…mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.” Roh Suci mesthi nyagedaken kita sami ngadhepi sedaya pepalang! |*OHPN
Jemuwah, 7 November 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 38:1-26; Jabur 17:1-9; Lelakone Para Rasul 24:10-23 ATUR PASAMBAT “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken dhateng prakawis ingkang leres, mugi karsaa nggatosaken ing pasambat kawula, sarta mugi karsaa nilingaken dhateng ing pandonga kawula, saking ing lambe ingkang boten dora.” (Jabur 17:1) Punapa kita sami nate rumaos bingung nalika ngadhapi kawontenan ingkang boten ngremenaken? Nabi Dawud nate nguwuh-nguwuh dhumateng Gusti nalika dipun oyak-oyak dening para tiyang ingkang sami mengsahi. Nabi Dawud rumaos bilih piyambakipun boten nate mengsahi tiyang-tiyang wau. Kenging punapa piyambakipun dipun oyak-oyak? Punapa kalepatanipun? Nabi Dawud ngunjukkaken pasambatipun dumateng Gusti wonten ing pandonga. Piyambakipun nyuwun supados Gusti kersa ngadili prekawis punika. Pancen kawontenan ing salebeting gesang kita ingkang boten saged kita mangertosi. Umpaminipun, kita sampun nyambut damel kanthi tumemen lan jujur ananging kenging punapa kita malah dipun dukani lan badhe dipun kendeli saking pedamelan? Conto sanesipun malih, kita sami sampun mbudidaya mbangun sesrawungan ingkang sae kaliyan tanggi tepalih ananging kenging punapa kita malah dipun tebihi? Punapa kalepatan kita? Sedaya wau asring ndadosaken kita bingung. Pikiran kita dados sayah lan manah kita semplah! Setunggal prekawis ingkang saged kita tuladani saking Nabi Dawud. Sedaya prekawis ingkang ndadosaken kita sami bingung punika kita aturaken sawetahipun dhumateng Gusti kanthi pandonga. Kados dene Nabi Dawud nitipriksa rumiyin gesangipun, kita sami ugi kedah nitipriksa rumiyin kados pundi tetembungan lan tumindak kita. Sinaosa kita rumaos boten nggadahi kalepatan, kita sami tetep kedah ngasoraken dhiri wonten ngarsanipun Gusti. Kita sami nyenyuwun supados Gusti ing tembe mratelakaken punapa ingkang dados kersanipun. Sinambi nenggo punapa ingkang dados kersanipun Gusti, kita sami nyuwun kekiyatan saha pengayoman supados saged nampeni kawontenan kita. |*OHPN
Kemis, 6 November 2025 Minggu Limrah
Pangandharing Toret 25:5-10; Jabur 17:1-9; Lelakone Para Rasul 22:22-23:11 TETEP RESIK “… Para sedherek, ngantos dumugi dinten punika kula tetep gesang kalayan raosing manah ingkang resik wonten ing ngarsaning Allah” (Lelakone Para Rasul 23: 1b) Dados seksi punika pancen boten gampil. Sasampunipun rasul Paulus njlentrehaken timbalanipun Gusti Yesus tumraping piyambakipun, para Pradataning Agami Yahudi sami duka lan nepsu dhateng piyambakipun. Ananging rasul Paulus tetep bakuh ing paseksenipun saha boten ajrih ngadhepi para tiyang wau. Piyambakipun saestu ngugemi pakaryanipun Gusti Yesus lumantar piyambakipun. Pramila piyambakipun wantun matur bilih lampahing gesangipun tetep kalayan raosing manah ingkang resik saha tulus ing ngarsanipun Gusti. Wonten saperangan prekawis ingkang saged kita tuladani saking rasul Paulus. Ingkang sepisan, piyambakipun saestu mbangun turut dhumateng dhawuhipun Gusti. Punapa ingkang dados kersanipun Gusti kaestokaken dening piyambakipun. Ingkang kaping kalih, piyambakipun tetep njagi supados tumindakipun nyondhongi lan jumbuh kaliyan paugeraning Gusti. Boten nyleweng ngiwa nengen! Ingkang kaping tiga, sinaosa kathah panggodha dalah pameksanipun tiyang sanes supados nedya nebih saking Gusti, piyambakipun tetep bakuh pitados lan gondelan kenceng dhumateng Panjenenganipun. Sumangga kita tingali gesang kita sami piyambak-piyambak. Nalika kita nandhang sisah lan kasangsaran, punapa kita tetep bakuh ngugemi kapitadosan dhumateng Gusti lan gesang ingkang ngener kaliyan sabdanipun Gusti? Utawi kosokwangsulipun, kita gampil kapilut dening panggoda? Punapa kita sami njagi supados manah kita tetep resik lan tulus tumungkul dhumateng Gusti, boten miyar-miyur lan ewah gingsir? Utawi kosokwangsulipun, kita sami mangu-mangu dhumateng Gusti lan malah njeksani Gusti? Rahayu sedaya tiyang pitados ingkang tetep ngandelaken Gusti Yesus wonten ing sedaya prekawis! |*OHPN
Rebo, 5 November 2025 Minggu Limrah
Amos 5:12-24; Jabur 50; Lukas 19:11-27 NGGLINDHINGAKEN KAADILAN “Nanging kaadilan iku gumlindhinga kaya banyu, lan kabeneran kaya kali kang tansah mili” (Amos 5: 24) Wonten unen-unen ingkang misuwur mekaten: “Sinaosa langit anjlog, kaadilan bakal tak junjung dhuwur!” Unen-unen punika negesaken bab tanggel jawab kita sami supados njejegaken kaadilan saha kayekten wonten ing gesang kita mirungganipun ing gesang pedamelan. Pambudidaya punika saestu wigatos awit kathah panggodha ingkang kita adhepi nalika kita ngayahi pedamelan. Kathah tiyang ingkang kapilut dening kalenggahan saha raja brana satemah tega nindakaken korupsi, kolusi saha manipulasi. Malahan wonten ingkang tega nindhes mitranipun supados piyambakipun pikantuk kalenggahan ingkang inggil. Miris! Lumantar nabi Amos, Gusti Allah paring dawuh supados umat saestu ngugemi kaadilan saha kayekten sinaosa kathah pepalangipun. Kaadilan saha kayekten punika mesthi badhe pinanggih marginipun piyambak lan kita sami kadhawuhan minangka talangipun! Kados dene toya, kita sami kedah ngudi supados toya punika tetep tansah ngglinding lan mili ing sakiwa tengen kita sami. Menawi ilinipun mampet, kita kedah wantun ngudi murih toya wau saged mili malih awit punika timbalanipun Gusti dhateng kita sami! Kita sami saged nggandheng tiyang sanes supados sesarengan ngestokaken jejibahan punika. Pancen boten gampil! Kita sami nglenggana bilih sedaya wau wonten pitunanipun. Ananging, Gusti ingkang nganthi lan ngayomi! Nalika kita sami njejegaken kaadilan lan kayekten, sejatosipun kita sami nembe katimbalan supados ndherek mujudaken Kratoning Gusti Allah ing donya punika. Kados dene pangandikanipun Gusti lumantar rasul Paulus ing Rum 14: 17 ingkang mekaten: “Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem rahayu sarta suka-pirena marga dening Sang Roh Suci.” |*OHPN
Slasa, 4 November 2025 Minggu Limrah
Zakharia 7:1-14; Jabur 50; Yudas 1:5-21 ALTAR “Aja nindhes randha lan bocah lola, apadene wong ngamanca lan wong miskin, mangkono uga ing sajrone atinira aja ana kang ngrancang sumedya nandukake piala marang wong siji lan sijine” (Zakharia 7: 10) Nalika semanten, altar punika wujuding meja ingkang kangge peladosan kurban. Ing wanci samangke, altar punika wujuding meja kangge peladosan ritual mirunggan kadosdene bujana suci. Altar punika dados punjering pangabekti umat dhumateng Gusti. Ananging wonten pemanggih ingkang narik manah kita, inggih punika pemanggihipun Chrystosmos, kados dene dipun kutip dening Joas Adiprasetya: “Nalika kowe weruh salah sijine wong pracaya kang miskin, mikira yen kowe sakjane wis ndeleng altar!” Pemanggih punika negesaken bilih pangabekti kita boten namung tumuju altar ing salebeting gedung greja ananging ugi tumuju dhateng sesami ingkang mbetahahen pitulungan. Nabi Zakharia njurung umat supados ritual puwasa/siyam ingkang sejatos kedah kawujudaken kanthi njejegaken kaadilan lan nandukaken kawelasan, mirungganipun ugi dhateng para randha, lare lola, tiyang manca saha tiyang miskin. Sumangga kita sami ugi ngeneraken pangabekti, boten namung tumuju altar nalika kita sami ngibadah, ananging ugi tumuju ing gesang sapadintenan. Nalika kita ningali wonten sedherek ingkang kesrakat, sejatosipun kita sampun ningali altar! Ing salajengipun, punapa ingkang kita tindakaken ing altar wau? Namung mendel kemawon punapa nulungi piyambakipun? Menawi kita nulungi, sejatosipun kita saweg nindakaken pangabekti ing altar wau! “Samubarang kabeh kang sira tindakaken kanggo salah sawijinining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakne kagem Ingsun.” (Mateus 25:40b). |*OHPN
Senen, 3 November 2025 Minggu Limrah
Nehemia 13:1-3, 23-31; Jabur 50; I Korinta 5:9-13 PAMUJI LAN PAKARYAN “… Sapa kang ngaturaken pamuji minangka kurban, iku ngluhurake Ingsun; Sapa kang jujur lakune, karahayon peparinge Gusti Allah bakal Suntedahake” (Jabur 50:23) Punapa Panjenengan nate midhangeta perangan lagu ingkang irah-irahanipun “Pujian Sejati” anggitanipun Franky Sihombing? Punika saperangan pethikanipun: Tak cukup mulut yang memuji, Tak cukup mulut yang bernyanyi Melakukan firman-Mu Itulah pujian sejati… Suraosing pethikan lagu punika njurung kita sami supados boten namung memuji asmanipun Gusti ananging ugi nindakaken sabdanipun. Kekalihipun sami wigatosipun! Juru Masmur ngemutaken kita sami supados memuji asmanipun Gusti awit Gusti remen nampi pamujining umat. Memuji Gusti punika tegesipun ngluhuraken asmanipun Gusti, ngakeni bilih gesangipun namung tumuju dhumateng Panjenenganipun. Juru Mazmur ugi nelakaken bilih pamujining umat kedah kalajengaken wonten ing gesang ingkang jujur lan mursid. Tindak tanduk punika sejatosipun ugi minangka wujuding pamuji dhumateng Gusti. Sumangga, ing wanci dalu saderengipun kita sami tilem saha ing wanci enjang sasampunipun kita sami wungu, kita sami ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi kekidungan. Lan sumangga ugi, ing sauruting dinten, kita sami ugi ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi gumregah nindakaken ayahan kita piyambak-piyambak! Temtu kemawon, sedaya punika kita tindakaken kanthi bingah sukarena saha kanthi patrap ingkang jujur lan tulus. Sugeng mujudaken pamuji lan pakaryan ing gesang kita! |*OHPN
Ahad, 2 November 2025 Minggu Limrah
Yesaya 1:10-18; Jabur 32:1-7; II Tesalonika 1:1-4, 11-12; Lukas 19:1-10 KEMULAN PENGAYOMAN “… Paduka ingkang dados pasingidan kawula, Paduka nebihaken kawula saking karibedan, paduka ngemuli kawula, temah kawula luwar sarta asurak-surak.” (Jabur 32: 7) Menawi Panjenengan sami badhe sare ing wanci dalu, pinten menit anggen Panjenengan sami ndedonga? Gangsal menit? Sedasa menit? Utawi gangsal welas menit? Sejatosipun ingkang baken boten bab sepinten dangunipun anggen kita ndedonga. Ananging sepinten lebetipun raosing manah kita tumungkul dhumateng Gusti. Menawi kita sami saestu sumarah, sumeleh lan sumendhe ing ngarsanipun Gusti, kita sami badhe ngraosaken rapeting sesambetan kita kaliyan Panjenenganipun. Kenging punapa pandonga saderengipun tilem punika prayogi kaunjukaken kanthi sayektos? Kita sami ngrumaosi bilih gesang kita punika ringkih nalika tilem. Kathah bebaya, ingkang kasat netra utawi ingkang boten kasat netra, ingkang saged nemahi kita nalika tilem. Pramila, prayoginipun, kita sami nyuwun pengayomaning Gusti sawetahipun satemah kita sami saged tilem kanthi tentrem rahayu, katebihna saking dayaning roh awon lan bilai. Tembenipun, ing wanci enjang, kita sami katangekaken kanthi bingah sukarena, kalis saking nir sambekala. Juru Mazmur njurung kita sami supados ngeneraken gesang dhumateng Panjenenganipun. Kenging punapa? Awit sampun tetela bilih sauruting gesang kita sami tansah kinanthi dening Gusti. Panjenenganipun ingkang saged nguwalaken kita sami saking sedaya karibedan. Pramila, nalika kita sami tangi ing wanci enjang, sampun ngantos kesupen ngunjukkaken panuwun sokur dhumateng Gusti ingkang sampun ngayomi kita sami. Lan ing salajengipun, kita sami nyuwun panganthinipun Gusti supados Panjenenganipun nuntun kita sami makarya ngantos dumugi mangke dalunipun malih. Mekaten lampahing gesang kita sapadintenan ingkang tansah kemulan pengayomaning Gusti. |*OHPN
