+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 2 November 2025 Minggu Limrah

Yesaya 1:10-18; Jabur 32:1-7; II Tesalonika 1:1-4, 11-12;

Lukas 19:1-10

KEMULAN PENGAYOMAN

“… Paduka ingkang dados pasingidan kawula,

Paduka nebihaken kawula saking karibedan, paduka ngemuli kawula,

temah kawula luwar sarta asurak-surak.”  (Jabur 32: 7)

Menawi Panjenengan sami badhe sare ing wanci dalu, pinten menit anggen Panjenengan sami ndedonga? Gangsal menit? Sedasa menit? Utawi gangsal welas menit? Sejatosipun ingkang baken boten bab sepinten dangunipun anggen kita ndedonga. Ananging sepinten lebetipun raosing manah kita tumungkul dhumateng Gusti. Menawi kita sami saestu sumarah, sumeleh lan sumendhe ing ngarsanipun Gusti, kita sami badhe ngraosaken rapeting sesambetan kita kaliyan Panjenenganipun.

Kenging punapa pandonga saderengipun tilem punika prayogi kaunjukaken kanthi sayektos? Kita sami ngrumaosi bilih gesang kita punika ringkih nalika tilem. Kathah bebaya, ingkang kasat netra utawi ingkang boten kasat netra, ingkang saged nemahi kita nalika tilem. Pramila, prayoginipun, kita sami nyuwun pengayomaning Gusti sawetahipun satemah kita sami saged tilem kanthi tentrem rahayu, katebihna saking dayaning roh awon lan bilai. Tembenipun, ing wanci enjang, kita sami katangekaken kanthi bingah sukarena, kalis saking nir sambekala.

Juru Mazmur njurung kita sami supados ngeneraken gesang dhumateng Panjenenganipun. Kenging punapa? Awit sampun tetela bilih sauruting gesang kita sami tansah kinanthi dening Gusti. Panjenenganipun ingkang saged nguwalaken kita sami saking sedaya karibedan. Pramila, nalika kita sami tangi ing wanci enjang, sampun ngantos kesupen ngunjukkaken panuwun sokur dhumateng Gusti ingkang sampun ngayomi kita sami. Lan ing salajengipun, kita sami nyuwun panganthinipun Gusti supados Panjenenganipun nuntun kita sami makarya ngantos dumugi mangke dalunipun malih. Mekaten lampahing gesang kita sapadintenan ingkang tansah kemulan pengayomaning Gusti. |*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *