Daniel 7:1-3, 15-18; Jabur 149; Efesus 1:11-23; Lukas 6:20-31
RAHAYU WONG KANG DISENGITI
“Rahayu kowe, manawa marga saka Putraning Manungsa,
kowe padha disengiti ing wong, disingkang-singkang sarta diwewada
apadene jenengmu dianggep ala lan diemohi.”
(Lukas 6:22)
Gusti Yesus nedahaken bilih saben tiyang ingkang dipun sengiti awit saking pitados dhumateng Panjenenganipun, badhe nampi karahayon. Sinaosa piyambakipun kasingkiraken nanging Gusti kepareng mbabar kekiyatan saha tentrem rahayu ing salebeting manggul salib. Saestu ageng sih piwelasipun Gusti Yesus!
Ananging kados pundi menawi kita dipun sengiti awit saking tumindak kita ingkang kirang prayogi? Sampun ngantos kita lajeng rumaos bilih kita nembe manggul salib! Wonten tiyang Kristen ingkang asring telat mlebet kantor, anggenipun ngrampungaken pakaryan ugi rendhet, sarta remen ngraosi kanca-kancanipun ing kantor. Pungkasanipun, kathah tiyang ingkang boten remen sesambetan kaliyan piyambakipun.
Sumangga kita sami saestu ngraos-raoaken gesang kita piyambak-piyambak. Menawi kita dipun sengiti, sampun ngantos kita lajeng rumaos bilih kita saweg manggul salib. Prayoginipun, kita nitipriksa rumiyin, punapa wonten tetembungan utawi tumindak kita ingkang boten mranani dhateng sesami. Menawi wonten, kita kedah enggal-enggal mawas dhiri lan ndandosi gesang kita. Kanthi mekaten, kita boten gampil nglepataken sesami ananging kita kasagedna ningali dhiri pribadi rumiyin kanthi wicaksana.
“Sabab, menawa kowe digebugi marga tindakmu kang ala, apa iku kena kaalembana? Nanging menawa kowe tumindak becik sarta marga saka mangkono kowe nandhang sangsara, iku sih rahmat ana ing ngarsane Gusti Allah.” (1 Petrus 2:20). |*OHPN
