Ayub 22:21-23:17; Jabur 32:1-7; II Petrus 1:1-11
NGEWAHI GESANG DADOS BERKAH
“Mulane para sadulur, tansaha mbudidaya supaya saya kukuh
anggonmu katimbalan lan pinilih iku”
(II Petrus 1:10a)
Anggone Trisno temen sinau wiwit ketoke uwohe. Bijine pancen mundhak, kejaba Matematika. Pak Wiryo katon seneng saben-saben nampa kertas ulangan sing wis ana bijine. Bu Minal uga kerep ngolah bakwan jagung, jangan jipang karo sambel trasi sing dadi klangenane Trisno supaya Trisno tetep temen anggone sinau. Nek biyen dolane neng lapangan karo nggawa layangan, saiki Trisno dolan neng kanca-kancane sing dianggep pinter njaluk diwarahi bab-bab sing dheweke durung mudheng nalika diterangake guru nalika neng kelas.
Rasul Petrus nedahaken bilih pasamuwan punika boten cekap namung nampi sih-rahmating Allah lajeng kendel kemawon. Pasamuwan kedah mempeng mbudidaya supados anggenipun pitados kawuwuhan ing kautaman lan kautaman punika kawuwuhan ing kawruh. Dene kawruh badhe damel pasamuwan kwawi ngemudheni dhiri dados mugen lan mugen damel pasamuwan mujudaken gesang mursid ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Pasamuwan ingkang gesangipun mursid temtu badhe mujudaken katresnan; boten namung dhateng sadherek patunggilan, nanging ugi dhateng sadaya tiyang. Ewah-ewahan ingkang ajeg punika damel gesangipun pasamuwan badhe saged ngedalaken woh katur kaluhuranipun Gusti Allah. Dene menawi gesangipun namung ajeg, pasamuwan badhe cubluk ing pangertosan awit supe bilih pangurbananipun Sang Kristus sampun milujengaken, nguwalaken gesangipun saking paukuman lan pengrehing pepeteng saktemah saged dhawah ing dosa.
Mila ewah-ewahaning gesang ingkang ajeg awit saking anggenipun sangsaya wanuh dhateng Gusti Allah punika timbalanipun tiyang pitados. Anggenipun warga pasamuwan sami ngawontenaken Pakempalan Panyuraosing Kitab Suci utawi anggenipun brayat sami ngawontenaken Pakempalan Pandonga Brayat punika mujudaken pambudidaya bilih ing madyaning gesang nalika nindakaken ayahan ingkang kapitayakaken dening Gusti Allah, tiyang pitados ugi tansah emut dhateng timbalan ngewahi gesang supados dados berkah kangge sesami. |*GPY
