+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 3 November 2025 Minggu Limrah

Nehemia 13:1-3, 23-31; Jabur 50; I Korinta 5:9-13

PAMUJI LAN PAKARYAN

“… Sapa kang ngaturaken pamuji minangka kurban, iku ngluhurake Ingsun;

Sapa kang jujur lakune, karahayon peparinge Gusti Allah

bakal Suntedahake”  (Jabur 50:23)

Punapa Panjenengan nate midhangeta perangan lagu ingkang irah-irahanipun “Pujian Sejati” anggitanipun Franky Sihombing? Punika saperangan pethikanipun:

Tak cukup mulut yang memuji,

Tak cukup mulut yang bernyanyi

Melakukan firman-Mu

Itulah pujian sejati…

Suraosing pethikan lagu punika njurung kita sami supados boten namung memuji asmanipun Gusti ananging ugi nindakaken sabdanipun. Kekalihipun sami wigatosipun!

Juru Masmur ngemutaken kita sami supados memuji asmanipun Gusti awit Gusti remen nampi pamujining umat. Memuji Gusti punika tegesipun ngluhuraken asmanipun Gusti, ngakeni bilih gesangipun namung tumuju dhumateng Panjenenganipun. Juru Mazmur ugi nelakaken bilih pamujining umat kedah kalajengaken wonten ing gesang ingkang jujur lan mursid. Tindak tanduk  punika sejatosipun ugi minangka wujuding pamuji dhumateng Gusti.

Sumangga, ing wanci dalu saderengipun kita sami tilem saha ing wanci enjang sasampunipun kita sami wungu, kita sami ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi kekidungan. Lan sumangga ugi, ing sauruting dinten, kita sami ugi ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi gumregah nindakaken ayahan kita piyambak-piyambak! Temtu kemawon, sedaya punika kita tindakaken kanthi bingah sukarena saha kanthi patrap ingkang jujur lan tulus.

Sugeng mujudaken pamuji lan pakaryan ing gesang kita! |*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *