+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 8 November 2025 Minggu Limrah

Pangentasan 3:13-20; Jabur 17:1-9; Lukas 20:1-8

PRIGEL MANGSULI

Pambaptise Nabi Yokanan iku saka swarga apa saka manungsa?

(Lukas 20: 4)

Para pangarsaning agami Yahudi kepingin njiret Gusti Yesus kanthi pitakenan ingkang angel: panguwaosipun Gusti Yesus punika saking pundi? Nanging Gusti Yesus mangsuli kanthi pitakenan ugi bab pambaptisipun Nabi Yokanan. Para tiyang wau boten wantun mangsuli bilih pambaptisipun Nabi Yokanan punika saking swarga awit tiyang-tiyang wau boten nggadahi kapitadosan ingkang mekaten. Ananging menawi mangsuli bilih pambaptisanipun Nabi Yokanan punika saking manungsa, tiyang-tiyang wau ajrih dateng tiyang kathah awit sami pitados bilih Yokanan punika madeg minangka Nabining Gusti Allah. Para pengagenging Agami Yahudi wau boten saged atur wangsulan!

Nalika Gusti Yesus makarya, pancen kathah tiyang ingkang remen dhumateng Panjenenganipun ananging kathah ugi ingkang boten remen, malah kepara sengit. Kalebet para pengagenging Agami Yahudi wau. Sinaosa mekaten, Gusti Yesus tetep nindakaken pakaryanipun. Sedaya panjireting tiyang saged dipun wangsuli kanthi wasis lan premati, tatas lan titis. Punika nelakaken bilih Gusti Yesus boten namung makarya kanthi sae nanging ugi saged ngadhepi sedaya pepalang ing satengahing pakaryan.

Sumangga kita nitipriksa peladosan saha pedamelan kita piyambak-piyambak. Boten saged kita selaki bilih kita sami asring ngadhepi kathah sanget panjireting sesami supados pakaryan kita saged cugar. Pramila kita sami kedah waspada saha nyuwun kawicaksanan saking Roh Suci supados kasagedna mrantasi ing pakaryan saha trampil atur wangsulan tumraping sedaya panjiret wau. Kados dene pangandikanipun Gusti Yesus ing Mateus 10:16b: “…mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.” Roh Suci mesthi nyagedaken kita sami ngadhepi sedaya pepalang! |*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *