Purwaning Dumadi 38:1-26; Jabur 17:1-9; Lelakone Para Rasul 24:10-23
ATUR PASAMBAT
“Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken dhateng prakawis ingkang leres, mugi karsaa nggatosaken ing pasambat kawula, sarta mugi karsaa
nilingaken dhateng ing pandonga kawula, saking ing
lambe ingkang boten dora.” (Jabur 17:1)
Punapa kita sami nate rumaos bingung nalika ngadhapi kawontenan ingkang boten ngremenaken? Nabi Dawud nate nguwuh-nguwuh dhumateng Gusti nalika dipun oyak-oyak dening para tiyang ingkang sami mengsahi. Nabi Dawud rumaos bilih piyambakipun boten nate mengsahi tiyang-tiyang wau. Kenging punapa piyambakipun dipun oyak-oyak? Punapa kalepatanipun? Nabi Dawud ngunjukkaken pasambatipun dumateng Gusti wonten ing pandonga. Piyambakipun nyuwun supados Gusti kersa ngadili prekawis punika.
Pancen kawontenan ing salebeting gesang kita ingkang boten saged kita mangertosi. Umpaminipun, kita sampun nyambut damel kanthi tumemen lan jujur ananging kenging punapa kita malah dipun dukani lan badhe dipun kendeli saking pedamelan? Conto sanesipun malih, kita sami sampun mbudidaya mbangun sesrawungan ingkang sae kaliyan tanggi tepalih ananging kenging punapa kita malah dipun tebihi? Punapa kalepatan kita? Sedaya wau asring ndadosaken kita bingung. Pikiran kita dados sayah lan manah kita semplah!
Setunggal prekawis ingkang saged kita tuladani saking Nabi Dawud. Sedaya prekawis ingkang ndadosaken kita sami bingung punika kita aturaken sawetahipun dhumateng Gusti kanthi pandonga. Kados dene Nabi Dawud nitipriksa rumiyin gesangipun, kita sami ugi kedah nitipriksa rumiyin kados pundi tetembungan lan tumindak kita. Sinaosa kita rumaos boten nggadahi kalepatan, kita sami tetep kedah ngasoraken dhiri wonten ngarsanipun Gusti. Kita sami nyenyuwun supados Gusti ing tembe mratelakaken punapa ingkang dados kersanipun. Sinambi nenggo punapa ingkang dados kersanipun Gusti, kita sami nyuwun kekiyatan saha pengayoman supados saged nampeni kawontenan kita. |*OHPN
