Pangandharing Toret 25:5-10; Jabur 17:1-9; Lelakone Para Rasul 22:22-23:11
TETEP RESIK
“… Para sedherek, ngantos dumugi dinten punika kula tetep gesang
kalayan raosing manah ingkang resik wonten ing ngarsaning Allah”
(Lelakone Para Rasul 23: 1b)
Dados seksi punika pancen boten gampil. Sasampunipun rasul Paulus njlentrehaken timbalanipun Gusti Yesus tumraping piyambakipun, para Pradataning Agami Yahudi sami duka lan nepsu dhateng piyambakipun. Ananging rasul Paulus tetep bakuh ing paseksenipun saha boten ajrih ngadhepi para tiyang wau. Piyambakipun saestu ngugemi pakaryanipun Gusti Yesus lumantar piyambakipun. Pramila piyambakipun wantun matur bilih lampahing gesangipun tetep kalayan raosing manah ingkang resik saha tulus ing ngarsanipun Gusti.
Wonten saperangan prekawis ingkang saged kita tuladani saking rasul Paulus. Ingkang sepisan, piyambakipun saestu mbangun turut dhumateng dhawuhipun Gusti. Punapa ingkang dados kersanipun Gusti kaestokaken dening piyambakipun. Ingkang kaping kalih, piyambakipun tetep njagi supados tumindakipun nyondhongi lan jumbuh kaliyan paugeraning Gusti. Boten nyleweng ngiwa nengen! Ingkang kaping tiga, sinaosa kathah panggodha dalah pameksanipun tiyang sanes supados nedya nebih saking Gusti, piyambakipun tetep bakuh pitados lan gondelan kenceng dhumateng Panjenenganipun.
Sumangga kita tingali gesang kita sami piyambak-piyambak. Nalika kita nandhang sisah lan kasangsaran, punapa kita tetep bakuh ngugemi kapitadosan dhumateng Gusti lan gesang ingkang ngener kaliyan sabdanipun Gusti? Utawi kosokwangsulipun, kita gampil kapilut dening panggoda? Punapa kita sami njagi supados manah kita tetep resik lan tulus tumungkul dhumateng Gusti, boten miyar-miyur lan ewah gingsir? Utawi kosokwangsulipun, kita sami mangu-mangu dhumateng Gusti lan malah njeksani Gusti? Rahayu sedaya tiyang pitados ingkang tetep ngandelaken Gusti Yesus wonten ing sedaya prekawis! |*OHPN
