+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 5 November 2025 Minggu Limrah

Amos 5:12-24; Jabur 50; Lukas 19:11-27

NGGLINDHINGAKEN KAADILAN

Nanging kaadilan iku gumlindhinga kaya banyu,

 lan kabeneran kaya kali kang tansah mili

(Amos 5: 24)

Wonten unen-unen ingkang misuwur mekaten: “Sinaosa langit anjlog, kaadilan bakal tak junjung dhuwur!” Unen-unen punika negesaken bab tanggel jawab kita sami supados njejegaken kaadilan saha kayekten wonten ing gesang kita mirungganipun ing gesang pedamelan. Pambudidaya punika saestu wigatos awit kathah panggodha ingkang kita adhepi nalika kita ngayahi pedamelan. Kathah tiyang ingkang kapilut dening kalenggahan saha raja brana satemah tega nindakaken korupsi, kolusi saha manipulasi. Malahan wonten ingkang tega nindhes mitranipun supados piyambakipun pikantuk kalenggahan ingkang inggil. Miris!

Lumantar nabi Amos, Gusti Allah paring dawuh supados umat saestu ngugemi kaadilan saha kayekten sinaosa kathah pepalangipun. Kaadilan saha kayekten punika mesthi badhe pinanggih marginipun piyambak lan kita sami kadhawuhan minangka talangipun! Kados dene toya, kita sami kedah ngudi supados toya punika tetep tansah ngglinding lan mili ing sakiwa tengen kita sami. Menawi ilinipun mampet, kita kedah wantun ngudi murih toya wau saged mili malih awit punika timbalanipun Gusti dhateng kita sami! Kita sami saged nggandheng  tiyang sanes supados sesarengan ngestokaken jejibahan punika. Pancen boten gampil! Kita sami nglenggana bilih sedaya wau wonten pitunanipun. Ananging, Gusti ingkang nganthi lan ngayomi!

Nalika kita sami njejegaken kaadilan lan kayekten, sejatosipun kita sami nembe katimbalan supados ndherek mujudaken Kratoning Gusti Allah ing donya punika. Kados dene pangandikanipun Gusti lumantar rasul Paulus ing Rum 14: 17 ingkang mekaten: “Sabab Kratone Gusti Allah iku dudu bab mangan lan ngombe, nanging bab kabeneran, tentrem rahayu sarta suka-pirena marga dening Sang Roh Suci.” |*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *