Zakharia 7:1-14; Jabur 50; Yudas 1:5-21
ALTAR
“Aja nindhes randha lan bocah lola, apadene wong ngamanca lan wong miskin, mangkono uga ing sajrone atinira aja ana kang ngrancang
sumedya nandukake piala marang wong siji lan sijine”
(Zakharia 7: 10)
Nalika semanten, altar punika wujuding meja ingkang kangge peladosan kurban. Ing wanci samangke, altar punika wujuding meja kangge peladosan ritual mirunggan kadosdene bujana suci. Altar punika dados punjering pangabekti umat dhumateng Gusti. Ananging wonten pemanggih ingkang narik manah kita, inggih punika pemanggihipun Chrystosmos, kados dene dipun kutip dening Joas Adiprasetya: “Nalika kowe weruh salah sijine wong pracaya kang miskin, mikira yen kowe sakjane wis ndeleng altar!”
Pemanggih punika negesaken bilih pangabekti kita boten namung tumuju altar ing salebeting gedung greja ananging ugi tumuju dhateng sesami ingkang mbetahahen pitulungan. Nabi Zakharia njurung umat supados ritual puwasa/siyam ingkang sejatos kedah kawujudaken kanthi njejegaken kaadilan lan nandukaken kawelasan, mirungganipun ugi dhateng para randha, lare lola, tiyang manca saha tiyang miskin.
Sumangga kita sami ugi ngeneraken pangabekti, boten namung tumuju altar nalika kita sami ngibadah, ananging ugi tumuju ing gesang sapadintenan. Nalika kita ningali wonten sedherek ingkang kesrakat, sejatosipun kita sampun ningali altar! Ing salajengipun, punapa ingkang kita tindakaken ing altar wau? Namung mendel kemawon punapa nulungi piyambakipun? Menawi kita nulungi, sejatosipun kita saweg nindakaken pangabekti ing altar wau! “Samubarang kabeh kang sira tindakaken kanggo salah sawijinining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakne kagem Ingsun.” (Mateus 25:40b). |*OHPN
