+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 9 November 2025 Minggu Limrah

Ayub 19:23-27a; Jabur 17:1-9; II Tesalonika 2:1-5, 13-17; Lukas 20:27-38

NGRIMATI GESANG BEBRAYATAN

…nanging wong-wong kang padha kaanggep pantes tampa panduman

ana ing jagad liyane iku, lan ana ing patangen saka ing antarane wong mati,

iku bakal ora omah-omah lan ora diomah-omahake.”

 (Lukas 20: 35)

Samangke Gusti Yesus ngadhepi panjireting tiyang Saduki ingkang boten pitados bab wungunipun tiyang ingkang sampun tilar donya. Menawi wonten tiyang estri ingkang emah-emah kaliyan tiyang jaler nanging boten kaparingan momongan ngantos tiyang jaleripun pejah, sedherekipun tiyang jaler wau kedah emah-emah kaliyan tiyang estri wau. Nanging menawi tetep boten kaparingan momongan ugi ngantos garwanipun wau pejah, sedherek sanesipun ingkang kedah emah-emah kaliyan tiyang estri wau. Kados pundi menawi ngantos sedaya sedherekipun pejah lan tetep boten kaparingan momongan? Sinten ingkang badhe kapiji minangka garwa nalika sami katangekaken ing tembe?

Gusti Yesus mangsuli bilih ing gesang ing jagad sanes mangke, boten wonten emah-emah malih. Para tiyang pitados badhe gesang kados dene malaekat! Kanthi mekaten, Gusti Yesus njejegaken pemanggihipun tiyang Saduki wau supados pitados bab tanginipun manungsa ing tembe saking pejah. Piwucal punika nuntun kita sami supados nggadhahi pengajeng-ajeng ingkang leres babagan tangining tiyang pitados saking pejah saha anggenipun badhe pepanggihan kaliyan Gusti Yesus, ngraosaken gesang langgeng salaminipun.

Ananging wonten setunggal prekawis ingkang wigatos. Awit ing tembe boten wonten emah-emah malih, kita sami kaatag supados saestu mbangun gesang bebrayan kanthi tumemen! Kita kajurung supados migatosaken sedaya anggotaning brayat saben dintenipun. Ing donya punika kita sami nggadahi wekdal mirunggan supados ngrimati gesang bebrayan kanthi silih asih, silih asuh lan silih asah setunggal lan setunggalipun! Sumangga! |*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *