+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 11 November 2025 Minggu Limrah

Ayub 21:1, 17-34; Jabur 123; II Yokanan 1:1-13

KOTHONG!

“Banget kothonge panglipurmu marang aku iki!” (Ayub 21: 34)

Punapa ingkang paling dipun-betahaken dening tiyang ingkang nembe nandhang gerah? Tamba! Boten namung tamba sacara kajasmanen ananging ugi sacara karohanen. Nalika Ayub nembe nandhang gerah, rencang-rencangipun sami nuweni lan asung panglipur. Emanipun, sanes panglipuran ingkang dipun tampi dening Ayub, ananging malah pamoyok dhateng piyambakipun. Salah satunggaling rencang inggih punika Zofar, nelakaken bilih Gusti Allah paring bebendu dumateng tiyang duraka lan wujudipun inggih punika sesakit utawi kecalan sedaya ingkang dados darbenipun. Tembungipun Zofar punika katujokaken dhateng Ayub ingkang nembe nandhang sesakit lan sampun kecalan sedaya darbenipun.

Ayub rumaos dipun jeksani dening rencangipun wau. Ayub ngendikan bilih piyambakipun boten nate ngrancang tumindak duraka. Punapa ingkang dipun ngendikakaken Zofar wau tebih saking gesangipun Ayub. Pramila Ayub rumaos bilih rencangipun wau boten mangertosi raosing manahipun Ayub. Boten nggadahi empati/raos welas asih! Piyambakipun boten nglipur lan ngiyataken manahipun Ayub ananging malah moyoki lan njeksani Ayub. Pramila Ayub lajeng muntab lan ngucap: “Banget kothonge panglipurmu marang aku!”

Para sedherek kinasih, sumangga kita sami nitipriksa manah kita piyambak-piyambak kanthi wening. Punapa tetembungan saha tumindak kita asring natoni sedherek ingkang saweg nandhang gerah? Punapa malah moyoki lan njeksani? Menawi mekaten, anggen kita nuweni sedherek wau boten ndhatengaken tentrem rahayu ananging malah kosokwangsulipun, ndhatengaken raos kuciwa lan sedhih! Ingkang wigatos nalika kita tetuwi inggih punika purun mirengaken kanthi premati punapa ingkang dados raosing manahipun sedherek ingkang gerah wau. Kanthi mekaten, kita saged empan papan anggen kita matur lan nglipur piyambakipun. Kita sami saged dados rencang ingkang sejatos, ingkang tatas lan titis anggenipun nanggepi raosing manahipun sedherek kita wau. I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *