Ayub 20:1-11; Jabur 123; II Petrus 1:16-21
KUMANDELA!
“…nyawa kawula sampun langkung dening tuwuk dhateng
pamoyokipun para tiyang ingkang rumaos tentrem, tuwin dhateng
tiyang gumunggung anggenipun sami ngremehaken”
(Jabur 123: 4)
Pancen, sinau dados tiyang mursid punika awrat. Asring kita sami sampun rumaos makarya kanthi jujur ananging kita sami malah katindhes lan kasingkiraken. Wondene tiyang sanes ingkang makarya kanthi patrap ingkang boten jujur malah asring ketingal sekeca gesangipun. Ingkang dados mirising manah, tiyang-tiyang wau lajeng ngremehaken saha moyoki kawontenan kita sami. Sacara kamanungsan, kita sami rumaos nepsu. Saged ugi, kita sami kagodha supados tumindak kados dene tiyang-tiyang wau supados saged ngraosaken gesang mulya.
Ananging juru Mazmur ngemutaken kita sami supados boten nepsu lan supados tetep sumarah dhumateng Gusti. Kita sami kadhawuhan supados nyuwun kawelasan dhumateng Gusti lan boten nulad tumindakipun para tiyang wau. Sinaosa kita dipun anggep tiyang kesrakat lan kasingkiraken minangka tiyang pinggiran ing masyarakat nanging kita sami boten lajeng rumaos minder lan lingsem. Sinaosa miturut pra tiyang wau kita sami boten ngraosaken gesang ingkang raharja ananging kita sami boten kagodha kangge nggayuh karaharjan kanthi patrap ingkang awon.
Sumangga kita sami manekung, sumendhe dhumateng Gusti. Punapa kemawon pamoyokipun para tiyang wau sampun ngantos ngewahi margining kayekten ingkang kita ugemi. Boten punapa dipun anggep sangsara. Boten punapa dipun anggep kesrakat. Nanging ingkang baken, kita tetep bakuh ing margining kajujuran!
“…aja nepsu, iku mung nuntun marang panggawe ala.” (Jabur 37: 8b).
“Kumandela marang Pangeran Yehuwah lan nindakna kabecikan…” (Jabur 37: 3a).
Sepisan malih, monggo sami kumandel! |*OHPN
