Daniel 7:1-3, 15-18; Jabur 149; Efesus 1:11-23; Lukas 6:20-31 RAHAYU WONG KANG DISENGITI “Rahayu kowe, manawa marga saka Putraning Manungsa, kowe padha disengiti ing wong, disingkang-singkang sarta diwewada apadene jenengmu dianggep ala lan diemohi.” (Lukas 6:22) Gusti Yesus nedahaken bilih saben tiyang ingkang dipun sengiti awit saking pitados dhumateng Panjenenganipun, badhe nampi karahayon. Sinaosa piyambakipun kasingkiraken nanging Gusti kepareng mbabar kekiyatan saha tentrem rahayu ing salebeting manggul salib. Saestu ageng sih piwelasipun Gusti Yesus! Ananging kados pundi menawi kita dipun sengiti awit saking tumindak kita ingkang kirang prayogi? Sampun ngantos kita lajeng rumaos bilih kita nembe manggul salib! Wonten tiyang Kristen ingkang asring telat mlebet kantor, anggenipun ngrampungaken pakaryan ugi rendhet, sarta remen ngraosi kanca-kancanipun ing kantor. Pungkasanipun, kathah tiyang ingkang boten remen sesambetan kaliyan piyambakipun. Sumangga kita sami saestu ngraos-raoaken gesang kita piyambak-piyambak. Menawi kita dipun sengiti, sampun ngantos kita lajeng rumaos bilih kita saweg manggul salib. Prayoginipun, kita nitipriksa rumiyin, punapa wonten tetembungan utawi tumindak kita ingkang boten mranani dhateng sesami. Menawi wonten, kita kedah enggal-enggal mawas dhiri lan ndandosi gesang kita. Kanthi mekaten, kita boten gampil nglepataken sesami ananging kita kasagedna ningali dhiri pribadi rumiyin kanthi wicaksana. “Sabab, menawa kowe digebugi marga tindakmu kang ala, apa iku kena kaalembana? Nanging menawa kowe tumindak becik sarta marga saka mangkono kowe nandhang sangsara, iku sih rahmat ana ing ngarsane Gusti Allah.” (1 Petrus 2:20). |*OHPN
Jemuwah, 31 Oktober 2025 Minggu Limrah
Ayub 22:21-23:17; Jabur 32:1-7; II Petrus 1:1-11 NGEWAHI GESANG DADOS BERKAH “Mulane para sadulur, tansaha mbudidaya supaya saya kukuh anggonmu katimbalan lan pinilih iku” (II Petrus 1:10a) Anggone Trisno temen sinau wiwit ketoke uwohe. Bijine pancen mundhak, kejaba Matematika. Pak Wiryo katon seneng saben-saben nampa kertas ulangan sing wis ana bijine. Bu Minal uga kerep ngolah bakwan jagung, jangan jipang karo sambel trasi sing dadi klangenane Trisno supaya Trisno tetep temen anggone sinau. Nek biyen dolane neng lapangan karo nggawa layangan, saiki Trisno dolan neng kanca-kancane sing dianggep pinter njaluk diwarahi bab-bab sing dheweke durung mudheng nalika diterangake guru nalika neng kelas. Rasul Petrus nedahaken bilih pasamuwan punika boten cekap namung nampi sih-rahmating Allah lajeng kendel kemawon. Pasamuwan kedah mempeng mbudidaya supados anggenipun pitados kawuwuhan ing kautaman lan kautaman punika kawuwuhan ing kawruh. Dene kawruh badhe damel pasamuwan kwawi ngemudheni dhiri dados mugen lan mugen damel pasamuwan mujudaken gesang mursid ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Pasamuwan ingkang gesangipun mursid temtu badhe mujudaken katresnan; boten namung dhateng sadherek patunggilan, nanging ugi dhateng sadaya tiyang. Ewah-ewahan ingkang ajeg punika damel gesangipun pasamuwan badhe saged ngedalaken woh katur kaluhuranipun Gusti Allah. Dene menawi gesangipun namung ajeg, pasamuwan badhe cubluk ing pangertosan awit supe bilih pangurbananipun Sang Kristus sampun milujengaken, nguwalaken gesangipun saking paukuman lan pengrehing pepeteng saktemah saged dhawah ing dosa. Mila ewah-ewahaning gesang ingkang ajeg awit saking anggenipun sangsaya wanuh dhateng Gusti Allah punika timbalanipun tiyang pitados. Anggenipun warga pasamuwan sami ngawontenaken Pakempalan Panyuraosing Kitab Suci utawi anggenipun brayat sami ngawontenaken Pakempalan Pandonga Brayat punika mujudaken pambudidaya bilih ing madyaning gesang nalika nindakaken ayahan ingkang kapitayakaken dening Gusti Allah, tiyang pitados ugi tansah emut dhateng timbalan ngewahi gesang supados dados berkah kangge sesami. |*GPY
Kemis, 30 Oktober 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 15:8-11,24-33; Jabur 32:1-7; II Korinta 1:1-11 PATRAP GESANG ANDHAP ASOR “Pinujia Gusti Allah, kang Ramane Gusti Kita Yesus Kristus, Rama kang kebak sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur” (II Kor. 1:3) Trisno wiwit ngrasakaken yen sinau iku ora gampang. Ora mung maca lan ngapalake, nanging uga latian soal; wigatine Matematika. Pirsa putrane kangelan anggone sinau, sore iku bu Minal nimbali Trisno. “Nang, kok sajak bingung? Ana apa?” “Ewed, bu. Kula dereng mudheng katrangan saking bu guru” Trisno mangsuli biyunge karo nggarap latian soal neng kertas. “Puji Gusti, kowe gelem kangelan sinau supaya pinter. Gusti Allah kang mirsani kangelanmu mesthi mberkahi lan mitulungi kowe.” Mangkono pangandikane bu Minal. Dhateng Pasamuwan ing Korinta, Rasul Paulus nyariyosaken bilih panandhang ingkang nalika martosaken Injiling Allah ing tlatah Asia-Cilik punika damel piyambakipun mangretos bilih namung Gusti Allah ingkang pantes kadosaken minangka piandel sajati. Rasul Paulus paring paseksi bilih Gusti Allah sampun lan badhe nglipur sarta nguwalaken piyambakipun nalika ngadhepi kawontenan ingkang nggegirisi. Punika ingkang damel Rasul Paulus tansah temen anggenipun ngayahi timbalan peladosan ingkang kapitayakaken dening Gusti Allah. Boten maiben bilih awit saking karingkihan lan kawinatesanipun, manungsa dados semplah nalika ngadhepi kasunyataning gesang; kados ta sesakit ingkang sampun dangu dereng pinaringan mantun, dangu anggenipun sesomahan nanging dereng pinaringan momongan utawi dangu anggenipun nyambut damel nanging dereng saged nampi kados dene pangangen-angenipun. Nalika semplah, manungsa lajeng rumaos bilih sampun boten wonten ginanipun nglampahi gesang utawi temen mbudidaya. Manungsa lajeng gesang saksekecanipun piyambak utawi malah nindakaken bab-bab ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah. Lampah ingkang mekaten boten migunani, namung damel kapitunan lan mbebayani tumprap dhiri pribadhi lan sesami. Mila nalika ngadhepi prekawis utawi nyanggi momotaning gesang ingkang awrat, sumangga enget bilih Gusti Allah ingkang nitahaken langit kaliyan bumi punika tuking pitulungan, kakiyatan lan panglipuran kita.|*GPY
Rebo, 29 Oktober 2025 Minggu Limrah
Daniel 5:13-31; Jabur 84:8-12; Mateus 21:28-32 PATRAP GESANG ANDHAP ASOR “Sawise iku dheweke kaduwung, nuli mangkat” (Mateus 21:30b) Saiki, kanca-kancane Trisno bingung amarga dheweke uwis ora kaya biasane. Trisno saiki angel diajak dolanan layangan utawa bal-balan neng lapangan. Malah sakdurunge surup, Trisno uwis gageyan pamit mulih. “Aku ngrumangsani yen dudu bocah pinter. Nek kapengin entuk biji apik, sinauku kudu ngluwihi kanca-kanca sing pancen uwis pinter. Aku emoh yen kudu remidi maneh.” Mangkono wangsulane Trisno nalika ditakoni kanca-kancane. Nalika semanten, Karajan Babil punika nggadhahi panguwaos ingkang ageng saksampunipun nelukaken Karajan-karajan ing sakiwa-tengenipun. Karajan Yehuda katelukaken nalika Yerusalem kabedhah, tiyang-tiyangipun kadadosaken bandhangan lan nglampahi pambuwangan. Padaleman Suci karayah lajeng kagempur. Tiyang Babil dados kumalungkung awit rumaos sampun nelukaken kathah Karajan kaliyan para sesembahanipun. Kacariyos Prabu Beltsazar ngawontenaken pista kanthi ngginakaken piranti emas lan salaka ingkang karayah dening prabu Nebukadnezar saking Padaleman Suci ing Yerusalem. Temtu punika tumindak ingkang ngremehaken awit piranti pangibadah dhateng Gusti Allah kaginakaken minangka piranti kangge nguja kamaremaning hawa-nepsu. Tiyang ingkang kumalungkung ewed anggenipun mawas-dhiri. Ing pamanggihipun, piyambakipun sampun paling sae lan paling leres. Tumindak ingkang mekaten mbebayani awit damel manungsa sangsaya nebih saking Gusti Allah. Gusti Yesus nedahaken bilih para juru-mupu-beya lan wanita tuna-susila badhe ngrumiyini tiyang-tiyang Yahudi lumebet ing Kratoning Allah awit keduwung, ngrumaosi lepat lan purun mtratobat saksampunipun nampi pitedah saking nabi Yokanan Pambaptis bab margining kayekten. Mila para pandhereking Sang Kristus katimbalan mbangun patrap gesang andhap-asor; inggih punika ngrumaosi minangka tiyang ingkang ringkih lan winates saktemah gampil kapilut ing dosa. Patrap gesang andhap-asor badhe nyagedaken para kagunganipun Gusti mawas-dhiri, ngrumaosi kalepatan, mratobat lan ngudi gesang ingkang langkung sae, gesang ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. |*GPY
Slasa, 28 Oktober 2025 Minggu Limrah
Daniel 5:1-12; Jabur 84:8-12; I Petrus 5:1-11 NENGENAKEN KARSANING ALLAH “Kang iku padha mendhaka ing sakngisore astane Gusti Allah kang kuwat, supaya kowe padha linuhurake ing mangsa kang wis katemtokake” (I Petrus 5:6) Merga bijine elek, Trisno kudu remidi. Nalika kancane dolanan neng lapangan lan jajan neng kantin, dheweke nggarap ulangan neng Ruang Guru. Nadyan diguyu kanca-kancane, Trisno ora keguh. Kabeh pitakonan bisa diwangsuli, ceples kaya sing disinaoni dhek bengi. Tekade pancen ngupaya biji apik ora mung supaya raport-e apik utawa diajeni kanca-kancane, nanging supaya bisa gawe bombonge wong-tuwane lan uga mujudake pamratobat marang Allah merga ora mbangun-turut marang welinge wong-tuwa bab sinau sing temen. Dhateng para pinisepuh, Rasul Petrus ngemutaken supados sami nindakaken peladosan minangka pangening pasamuwan kanthi cara ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah; inggih punika boten kanthi kapeksa lan boten awit ngudi kauntungan pribadhi, nanging kanthi legawaning ati lan kalawan leladi. Tumindak ingkang mekaten nebihaken para pinisepuh saking lampah badhe nguwasani pasamuwan awit estunipun para pinisepuh punika kedah dados patuladhan ingkang prayogi. Sadangu sami sumuyud ngasoraken dhiri wonten pangreh lan panuntuning Allah, pasamuwan badhe manggihaken pitulungan lan kabingahan ing gesang. Rasul Petrus ugi ngemutaken supados ngadhepi prekawis lan nyanggi momotaning gesang, pasamuwan sampun ngantos ajrih lan sumelang; nanging kaatag supados tansah waspada dhateng iblis ingkang klinteran ngudi lenaning pasamuwan lan pasrah dhateng Gusti Allah ingkang nyampurnakaken, neguhaken, nyantosakaken lan ngekahaken saksampunipun pasamuwan nyanggi panandhang. Pancen nalika kaereh dening pepinginan pribadhi, manungsa gampil kapilut nguja hawa-nepsu lan dhawah ing dosa; inggih punika lampah gesang ingkang nglawan karsaning Allah. Dene dosa kejawi ndhatengaken paukuman saking Gusti Allah, ugi ngrisak sesambetan kaliyan sesami. Mila supados gesanging umat ndadosaken keparenging Allah lan ndhatengaken berkah, sumangga mbangun gesang ingkang andhap asor wonten ngarsaning Allah ingkang kawujudaken kanthi ngiwakaken pepinginan pribadhi lan nengenaken karsaning Allah. |*GPY
Senen, 27 Oktober 2025 Minggu Limrah
I Samuel 2:1-10; Jabur 84:8-12; I Petrus 4:12-19 JUJUR ING SAKDHENGAH KAWONTENAN “Kang iku para kang nandhang sangsara marga saka karsaning Allah, iku padha masrahna nyawane, kalawan tansah nglakoni kabecikan, …” (I Petrus 4:19a) Manut welinge biyung, mbesuke Trisno nyaritakake bab ulangan IPS sing maune disidhem. Mireng ature Trisno, pak Wiryo ngandika: “Piye sing mbok rasakake saiki? Lega, to? Wis ora wedi, to? Bapak ora duka, mung ngelingake yen ora becik ngenthengake apa bae. Dene luwih becik menawa kowe tansah eling lan waspada kanthi temen sinau.” Mangkono piwelinge pak Wiryo sinambi nglebokake dhuwit sangu neng sragame Trisno. Sanadayan jujur punika sae, nanging emanipun boten sadaya tiyang siyap nampi kajujuran; langkung-langkung menawi gegayutan kaliyan kapentingan pribadhi. Murid ingkang boten sinau temtu bingung ngadhepi ulangan saktemah gampil kapilut tumindak boten jujur kanthi nyontek. Dene menawi wonten kanca ingkang boten purun paring contekan, piyambakipun nepsu lajeng tegel tumindak awon dhateng kancanipun punika. Tiyang diwasa ingkang nyambut ugi asring ngadhepi bab ingkang sami ing papan panyambut damelipun. Nalika wonten kanca tumindak boten jujur kanthi ngunthet ingkang boten hak-ipun, piyambakipun ugi tumindak boten jujur kanthi boten ngemutaken kancanipun ingkang tumindak boten jujur lan goroh nalika dipun dangu pimpinan bab punapa kemawon ingkang kelampahan awit ajrih. Rasul Petrus nelakaken supados sampun ngantos gumun nalika nemahi panandhang minangka pasamuwanipun Gusti ingkang gesang ing saklebeting bebener lan katresnan awit Gusti Yesus sinaosa nindakaken kabecikan kemawon ugi sinangsara lan seda sinalib. Mila katedahaken bilih estunipun dados kabingahanipun pasamuwan menawi sumadya nandhang sangsara sesarengan kaliyan Sang Kristus ing saklebeting bebener. Dene Rasul Petrus ugi ngemutaken supados sampun ngantos pasamuwanipun Gusti sami nandhang sangsara karana nindakaken piawon. Pandhereking Sang Kristus katimbalan supados masrahaken gesang kanthi sumedya tansah nindakaken bebener; kalebet jujur, ing sakdhengah kawontenan lan sakuruting gesang. |*GPY
Minggu, 26 Oktober 2025 Minggu Limrah
Yeremia 14:7-10,19-22; Jabur 84:1-7; II Timoteus 4:6-8,16-18; Lukas 18:9-14 JUJUR NGAKENI “Dhuh Allah, kawula tiyang dosa, mugi Panjenengan welasi” (Lukas 18:13b) Bengi iku Trisno anteng sinau, sajak isin crita karo bapakne yen nampa biji elek. Sakjane pak Wiryo wis pirsa merga dicritani bu Minal. Bengi iku sakdurunge turu, bu Minal mlebu kamar ngandhani Trisno. “Tris, ngapa kok ora matur bapakmu yen oleh biji elek? Kowe wedi merga luput? Mbesuk, matura bapak bab ulanganmu. Aja wedi, diakoni wae; mundhak dadi kulina ora jujur.” pungkase bu Minal karo ngemuli Trisno. Gusti Yesus paring pasemon bab juru-mupu-beya lan tiyang Farisi ingkang saweg ndedonga ing Padaleman Suci. Ing pasemon punika, Gusti Yesus nyariyosaken bilih tiyang Farisi kanthi jumeneng ngaturaken pandonga ingkang wosipun nedahaken bilih piyambakipun caos sokur awit sampun saged nglampahi gesang minangka tiyang mursid ingkang tansah netepi pranatan agami. Kosokwangsulipun, juru-mupu-beya jumeneng radi tebih, tumungkul lan tebah-tebah jaja awit ngrumaosi minangka tiyang dosa lan mbetahaken kawlasan saking Gusti Allah. Gusti Yesus lajeng nedahaken bilih Gusti Allah nampi pandonganipun sang juru-mupu-beya ingkang purun ngasoraken dhiri ing ngarsaning Allah. Awit saking kawinatesan lan karingkihanipun, manungsa boten saged uwal saking kalepatan. Nadyan wongsal-wangsul nindakaken kalepatan, nanging manungsa taksih kemawon ajrih ngakeni kalepatan awit rumaos boten kwawi nanggel wohing kalepatanipun. Kangge endha, manungsa lajeng lampah dora. Nanging sejatosipun goroh punika boten ngrampungi prekawis. Supados boten konangan, tiyang kedah nglajengaken anggenipun goroh ngantos saksayahipun. Ingkang kedah dipun tindakaken nalika nindakaken kalepatan supados boten kedawa-dawa punika estunipun cekap namung jujur ngakeni lan ngadhepi tanggel jawabipun. Gusti Yesus nedahaken bilih ing ngarsaning Allah ingkang Maha Pirsa, saben tiyang kedah ngasoraken dhiri kanthi jujur ngakeni punapa wontenipun; langkung-langkung nalika ngrumaosi lepat. Patrap ingkang mekaten punika ingkang dados karenanipun Gusti Allah. |*GPY
Setu, 25 Oktober 2025 Minggu Limrah
Yeremia 14:1-6; Jabur 84:1-7; Lukas 1:46-55 MRATOBAT PUNIKA MARGINING KAWILUJENGAN “Tuwin rahmate turun-tumurun tumrap wong kang wedi asih marang Panjenengane” (Lukas 1:50) Awan iku Trisno mulih sekolah karo mbesengut. “Le, lha kok njegadul? Apa lambemu dientup tawon?” bu Minal ndangu anake. “Boten, bu.” Ature Trisno. “Ulangan IPS kula angsal awon.” Mireng sing mangkono, bu Minal ngekepi anake karo ngandika: “Mula bener piwelinge bapakmu; yen kowe aja nganti nyepelekake sabarang apa bae. Ora usah kegawa getun. Saiki kowe kudu sinau luwih temen supaya mbesuk bisa oleh kasil sing luwih apik!” Minangka bangsa pilihan, bangsa Israel boten ngetingalaken gesang ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Tumindak ingkang mekaten ndhatengaken paukuman saking Gusti Allah ingkang kagambarakan kanthi pasemon mangsa ngerak. Pamecanipun nabi Yeremia bilih para pangarsaning nagari badhe nyanggi kangelaning gesang, para kewan-alasan badhe ngadhepi kawontenan ingkang awrat, pategalan boten saged dipun garap; nedahaken awrating paukuman ingkang badhe katampi dening bangsa Israel. Estunipun Gusti Allah punika welas-asih dhateng saben tiyang ingkang sami ajrih-asih dhateng Panjenenganipun. Sampun wongsal-wangsul anggenipun Gusti Allah nedahaken panguwaosipun wonten saktengahing umat. Wiwit saking anggenipun kapiji minangka bangsa pilihan, kauwalaken saking pangawulan ing Tanah Mesir, kapimpin ngantos saged lumebet ing Tanah Prajanjian lajeng Karajan Israel kasantosakaken; nanging sadaya punika boten damel bangsa Israel sami lampah setya. Waosan ing dinten punika ngengetaken dhateng para kagunganipun Gusti supados sami mujudaken gesang ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Dene nalika ngrumaosi bilih dhirinipun lepat, sampun ngantos namung getun lajeng kendel kemawon; punapa malih malah lajeng kedlarung ing dosa. Langkung prayogi menawi enggal mratobat nalika taksih kasinungan wekdal. Sumangga enget bilih panerak ndhatengaken paukuman; dene nilar gesang lami lan nglampahi gesang enggal ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah punika ndhatengaken sih-rahmat. |*GPY
Jemuwah, 24 Oktober 2025 Minggu Limrah
Yeremia 9:17-26; Jabur 84:1-7; II Timoteus 3:10-15 PANGGULAWENTHAH LAN TULADHA “Elinga uga, yen wiwit cilik kowe wus wanunh karo Kitab Suci” (II Timoteus 3:15a) “Le, kowe ora sinau? Jare mbesuk ulangan.” Bu Minal ndangu anake sing nembe gawe benang gelasan. “Sampun sinau, bu. Dhasar menawi IPS niku gampil.” Mangkono wangsulane Trisno. Mireng wangsulane Trisno, pak Wiryo ngandika: “Ngger, aja dumeh! Sapa sing ora waspada, mesthi lena. Benangmu gulungen, bukumu jupuken. Saiki sinau karo bapak. Aja nganti bijimu ala!” Rasul Paulus nyariyosaken anggenipun Gusti Allah paring kakiyatan lan pitulungan nalika piyambakipun kaaben-ajengaken kaliyan bebaya lan panandhang nalika nindakaken peladosa; inggih punika martosaken Kabar Kabingahan. Kasetyanipun Gusti Allah punika ingkang ndayani anggenipun Rasul Paulus tetep bakuh nindakaken peladosan punika ugi sampun karaosaken dening Timoteus ingkang ugi ndherek nandhang panganiaya sesarengan kaliyan Rasul Paulus ing Antiokhia, Ikonium lan Listra. Kanthi dhasar punika, Rasul Paulus ngemutaken Timoteus supados tansah temen gondhelan dhateng kayekten ingkang dipun pitadosi; langkung-langkung Timoteus sampun wiwit alit mila wanuh dhateng Kitab Suci lumantar panggulawenthah lan patuladhan saking Lois, simbahipun; lan Eunike, biyungipun (2 Timoteus 1:5). Timoteus ugi kaemutaken supados tansah ngandhemi piwulang, lampah gesang, pamanggih, kapitadosan, kasabaran, katresnan lan tumemenipun Rasul Paulus. Para tiyang sepuh ing samangke ugi nggadhahi tanggeljawab ingkang wigati; inggih punika nggulawenthah lan dados tuladha tumrap para lare. Bab punika sampun ngantos kaanggep sepele, langkung-langkung ing jaman modern ingkang sarwi digital saktemah gampil anggenipun nampi informasi punapa kemawon. Tanggeljawab punika boten entheng awit ugi tumut nemtokaken kapribadening lare nalika ngancik diwasa. Sinaosa awrat lan kedah ngrekaos, sumangga sami mbudidaya temen mbudidaya paring panggulawenthah lan tuladha ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah supados para lare nalika ngancik diwasa saged dados pribadhi ingkang ajrih-asih lan mbangun-turut dhateng Gusti Allah. |*GPY
Kemis, 23 Oktober 2025 Minggu Limrah
Yeremia 9:1-16; Jabur 84:1-7; II Timoteus 3:1-9 PEMUT LAN TULADHA “Dohana wong-wong kang kaya mangkono iku!” (II Timoteus 3:5b) Bu Minal ngolah jangan jipang, nggoreng bakwan jagung karo nyambel trasi. Trisno mangan telap-telep merga kuwi sing dadi karemane. Ora suwe, Trisno kaseleg merga olehe mangan disambi nonton TV. Bu Minal enggal njupukake banyu ngombe. “Nek mangan, aja kesusu! Dirasakna bakwan jagunge, jipange karo trasine supaya kowe uga bisa ngrasakake kangelane biyungmu ngolah iku mau kabeh kanggo kowe. Ora pantes nampa berkahe Gusti Allah kok karo disambi, ketok yen ora ana rasa sokur.” Mangkono piwelinge pak Wiryo. Dhateng Timoteus, Rasul Paulus ngemutaken bilih ing dinten-dinten wekasan badhe wonten tiyang-tiyang ingkang ketingalipun ngibadah nanging tetep nindakaken bab ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah. Temtu lampah ingkang mekaten boten dados karsaning Allah saktemah ndhatengaken paukuman. Mila Rasul Paulus ngemutaken supados Timoteus nebihi tiyang-tiyang ingkang mekaten. Temtunipun para pandhereking Sang Kristus boten kapengin nampi paukuman. Supados gesangipun katebihaken saking bab-bab ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah, manungsa kedah mbangun pakulinan mbangun-turut dhateng Gusti Allah wiwit alit mila. Ingkang sepisan kados dene Rasul Paulus, tiyang sepuh kedah disiplin dados patuladhan langkung rumiyin. Temtu boten prayogi menawi lare sami nggadhahi pakulinan awon awit ningali pakulinanipun tiyang sepuh. Kaping kalih, tiyang sepuh sampun ngantos bosen ngemutaken sakderengipun lare dados kulina. Kanthi mekaten, lare boten badhe nganggep limrah pakulinanipun tiyang sanes; kados ta nedha kaliyan dolanan HandPhone lan ngucapaken tembung pisuhan. Kados dene Rasul Paulus nresnani Timoteus saktemah boten lila menawi Timoteus dhawah ing dosa lan nampi paukumaning Allah, mekaten ugi tiyang sepuh kedah temen mbudidaya njagi supados lare tansah gesang jumbuh kaliyan karsaning Allah kanthi boten bosen-bosen paring pemut lan tuladha. |*GPY
