Yeremia 14:1-6; Jabur 84:1-7; Lukas 1:46-55
MRATOBAT PUNIKA MARGINING KAWILUJENGAN
“Tuwin rahmate turun-tumurun tumrap wong kang wedi asih
marang Panjenengane” (Lukas 1:50)
Awan iku Trisno mulih sekolah karo mbesengut. “Le, lha kok njegadul? Apa lambemu dientup tawon?” bu Minal ndangu anake. “Boten, bu.” Ature Trisno. “Ulangan IPS kula angsal awon.” Mireng sing mangkono, bu Minal ngekepi anake karo ngandika: “Mula bener piwelinge bapakmu; yen kowe aja nganti nyepelekake sabarang apa bae. Ora usah kegawa getun. Saiki kowe kudu sinau luwih temen supaya mbesuk bisa oleh kasil sing luwih apik!”
Minangka bangsa pilihan, bangsa Israel boten ngetingalaken gesang ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Tumindak ingkang mekaten ndhatengaken paukuman saking Gusti Allah ingkang kagambarakan kanthi pasemon mangsa ngerak. Pamecanipun nabi Yeremia bilih para pangarsaning nagari badhe nyanggi kangelaning gesang, para kewan-alasan badhe ngadhepi kawontenan ingkang awrat, pategalan boten saged dipun garap; nedahaken awrating paukuman ingkang badhe katampi dening bangsa Israel. Estunipun Gusti Allah punika welas-asih dhateng saben tiyang ingkang sami ajrih-asih dhateng Panjenenganipun. Sampun wongsal-wangsul anggenipun Gusti Allah nedahaken panguwaosipun wonten saktengahing umat. Wiwit saking anggenipun kapiji minangka bangsa pilihan, kauwalaken saking pangawulan ing Tanah Mesir, kapimpin ngantos saged lumebet ing Tanah Prajanjian lajeng Karajan Israel kasantosakaken; nanging sadaya punika boten damel bangsa Israel sami lampah setya.
Waosan ing dinten punika ngengetaken dhateng para kagunganipun Gusti supados sami mujudaken gesang ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Dene nalika ngrumaosi bilih dhirinipun lepat, sampun ngantos namung getun lajeng kendel kemawon; punapa malih malah lajeng kedlarung ing dosa. Langkung prayogi menawi enggal mratobat nalika taksih kasinungan wekdal. Sumangga enget bilih panerak ndhatengaken paukuman; dene nilar gesang lami lan nglampahi gesang enggal ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah punika ndhatengaken sih-rahmat. |*GPY
