Yeremia 14:7-10,19-22; Jabur 84:1-7; II Timoteus 4:6-8,16-18; Lukas 18:9-14
JUJUR NGAKENI
“Dhuh Allah, kawula tiyang dosa, mugi Panjenengan welasi”
(Lukas 18:13b)
Bengi iku Trisno anteng sinau, sajak isin crita karo bapakne yen nampa biji elek. Sakjane pak Wiryo wis pirsa merga dicritani bu Minal. Bengi iku sakdurunge turu, bu Minal mlebu kamar ngandhani Trisno. “Tris, ngapa kok ora matur bapakmu yen oleh biji elek? Kowe wedi merga luput? Mbesuk, matura bapak bab ulanganmu. Aja wedi, diakoni wae; mundhak dadi kulina ora jujur.” pungkase bu Minal karo ngemuli Trisno.
Gusti Yesus paring pasemon bab juru-mupu-beya lan tiyang Farisi ingkang saweg ndedonga ing Padaleman Suci. Ing pasemon punika, Gusti Yesus nyariyosaken bilih tiyang Farisi kanthi jumeneng ngaturaken pandonga ingkang wosipun nedahaken bilih piyambakipun caos sokur awit sampun saged nglampahi gesang minangka tiyang mursid ingkang tansah netepi pranatan agami. Kosokwangsulipun, juru-mupu-beya jumeneng radi tebih, tumungkul lan tebah-tebah jaja awit ngrumaosi minangka tiyang dosa lan mbetahaken kawlasan saking Gusti Allah. Gusti Yesus lajeng nedahaken bilih Gusti Allah nampi pandonganipun sang juru-mupu-beya ingkang purun ngasoraken dhiri ing ngarsaning Allah.
Awit saking kawinatesan lan karingkihanipun, manungsa boten saged uwal saking kalepatan. Nadyan wongsal-wangsul nindakaken kalepatan, nanging manungsa taksih kemawon ajrih ngakeni kalepatan awit rumaos boten kwawi nanggel wohing kalepatanipun. Kangge endha, manungsa lajeng lampah dora. Nanging sejatosipun goroh punika boten ngrampungi prekawis. Supados boten konangan, tiyang kedah nglajengaken anggenipun goroh ngantos saksayahipun. Ingkang kedah dipun tindakaken nalika nindakaken kalepatan supados boten kedawa-dawa punika estunipun cekap namung jujur ngakeni lan ngadhepi tanggel jawabipun. Gusti Yesus nedahaken bilih ing ngarsaning Allah ingkang Maha Pirsa, saben tiyang kedah ngasoraken dhiri kanthi jujur ngakeni punapa wontenipun; langkung-langkung nalika ngrumaosi lepat. Patrap ingkang mekaten punika ingkang dados karenanipun Gusti Allah. |*GPY
