Daniel 5:1-12; Jabur 84:8-12; I Petrus 5:1-11
NENGENAKEN KARSANING ALLAH
“Kang iku padha mendhaka ing sakngisore astane Gusti Allah kang kuwat,
supaya kowe padha linuhurake ing mangsa kang wis katemtokake”
(I Petrus 5:6)
Merga bijine elek, Trisno kudu remidi. Nalika kancane dolanan neng lapangan lan jajan neng kantin, dheweke nggarap ulangan neng Ruang Guru. Nadyan diguyu kanca-kancane, Trisno ora keguh. Kabeh pitakonan bisa diwangsuli, ceples kaya sing disinaoni dhek bengi. Tekade pancen ngupaya biji apik ora mung supaya raport-e apik utawa diajeni kanca-kancane, nanging supaya bisa gawe bombonge wong-tuwane lan uga mujudake pamratobat marang Allah merga ora mbangun-turut marang welinge wong-tuwa bab sinau sing temen.
Dhateng para pinisepuh, Rasul Petrus ngemutaken supados sami nindakaken peladosan minangka pangening pasamuwan kanthi cara ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah; inggih punika boten kanthi kapeksa lan boten awit ngudi kauntungan pribadhi, nanging kanthi legawaning ati lan kalawan leladi. Tumindak ingkang mekaten nebihaken para pinisepuh saking lampah badhe nguwasani pasamuwan awit estunipun para pinisepuh punika kedah dados patuladhan ingkang prayogi. Sadangu sami sumuyud ngasoraken dhiri wonten pangreh lan panuntuning Allah, pasamuwan badhe manggihaken pitulungan lan kabingahan ing gesang. Rasul Petrus ugi ngemutaken supados ngadhepi prekawis lan nyanggi momotaning gesang, pasamuwan sampun ngantos ajrih lan sumelang; nanging kaatag supados tansah waspada dhateng iblis ingkang klinteran ngudi lenaning pasamuwan lan pasrah dhateng Gusti Allah ingkang nyampurnakaken, neguhaken, nyantosakaken lan ngekahaken saksampunipun pasamuwan nyanggi panandhang.
Pancen nalika kaereh dening pepinginan pribadhi, manungsa gampil kapilut nguja hawa-nepsu lan dhawah ing dosa; inggih punika lampah gesang ingkang nglawan karsaning Allah. Dene dosa kejawi ndhatengaken paukuman saking Gusti Allah, ugi ngrisak sesambetan kaliyan sesami. Mila supados gesanging umat ndadosaken keparenging Allah lan ndhatengaken berkah, sumangga mbangun gesang ingkang andhap asor wonten ngarsaning Allah ingkang kawujudaken kanthi ngiwakaken pepinginan pribadhi lan nengenaken karsaning Allah. |*GPY
