+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 29 Oktober 2025 Minggu Limrah

Daniel 5:13-31; Jabur 84:8-12; Mateus 21:28-32

PATRAP GESANG ANDHAP ASOR

Sawise iku dheweke kaduwung, nuli mangkat”

(Mateus 21:30b)

Saiki, kanca-kancane Trisno bingung amarga dheweke uwis ora kaya biasane. Trisno saiki angel diajak dolanan layangan utawa bal-balan neng lapangan. Malah sakdurunge surup, Trisno uwis gageyan pamit mulih. “Aku ngrumangsani yen dudu bocah pinter. Nek kapengin entuk biji apik, sinauku kudu ngluwihi kanca-kanca sing pancen uwis pinter. Aku emoh yen kudu remidi maneh.” Mangkono wangsulane Trisno nalika ditakoni kanca-kancane.

Nalika semanten, Karajan Babil punika nggadhahi panguwaos ingkang ageng saksampunipun nelukaken Karajan-karajan ing sakiwa-tengenipun. Karajan Yehuda katelukaken nalika Yerusalem kabedhah, tiyang-tiyangipun kadadosaken bandhangan lan nglampahi pambuwangan. Padaleman Suci karayah lajeng kagempur. Tiyang Babil dados kumalungkung awit rumaos sampun nelukaken kathah Karajan kaliyan para sesembahanipun. Kacariyos Prabu Beltsazar ngawontenaken pista kanthi ngginakaken piranti emas lan salaka ingkang karayah dening prabu Nebukadnezar saking Padaleman Suci ing Yerusalem. Temtu punika tumindak ingkang ngremehaken awit piranti pangibadah dhateng Gusti Allah kaginakaken minangka piranti kangge nguja kamaremaning hawa-nepsu.

Tiyang ingkang kumalungkung ewed anggenipun mawas-dhiri. Ing pamanggihipun, piyambakipun sampun paling sae lan paling leres. Tumindak ingkang mekaten mbebayani awit damel manungsa sangsaya nebih saking Gusti Allah. Gusti Yesus nedahaken bilih para juru-mupu-beya lan wanita tuna-susila badhe ngrumiyini tiyang-tiyang Yahudi lumebet ing Kratoning Allah awit keduwung, ngrumaosi lepat lan purun mtratobat saksampunipun nampi pitedah saking nabi Yokanan Pambaptis bab margining kayekten. Mila para pandhereking Sang Kristus katimbalan mbangun patrap gesang andhap-asor; inggih punika ngrumaosi minangka tiyang ingkang ringkih lan winates saktemah gampil kapilut ing dosa. Patrap gesang andhap-asor badhe nyagedaken para kagunganipun Gusti mawas-dhiri, ngrumaosi kalepatan, mratobat lan ngudi gesang ingkang langkung sae, gesang ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *