+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 30 Oktober 2025 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 15:8-11,24-33; Jabur 32:1-7; II Korinta 1:1-11

PATRAP GESANG ANDHAP ASOR

Pinujia Gusti Allah, kang Ramane Gusti Kita Yesus Kristus, Rama kang kebak

sih palimirma lan Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur” (II Kor. 1:3)

Trisno wiwit ngrasakaken yen sinau iku ora gampang. Ora mung maca lan ngapalake, nanging uga latian soal; wigatine Matematika. Pirsa putrane kangelan anggone sinau, sore iku bu Minal nimbali Trisno. “Nang, kok sajak bingung? Ana apa?” “Ewed, bu. Kula dereng mudheng katrangan saking bu guru” Trisno mangsuli biyunge karo nggarap latian soal neng kertas. “Puji Gusti, kowe gelem kangelan sinau supaya pinter. Gusti Allah kang mirsani kangelanmu mesthi mberkahi lan mitulungi kowe.” Mangkono pangandikane bu Minal.

Dhateng Pasamuwan ing Korinta, Rasul Paulus nyariyosaken bilih panandhang ingkang nalika martosaken Injiling Allah ing tlatah Asia-Cilik punika damel piyambakipun mangretos bilih namung Gusti Allah ingkang pantes kadosaken minangka piandel sajati. Rasul Paulus paring paseksi bilih Gusti Allah sampun lan badhe nglipur sarta nguwalaken piyambakipun nalika ngadhepi kawontenan ingkang nggegirisi. Punika ingkang damel Rasul Paulus tansah temen anggenipun ngayahi timbalan peladosan ingkang kapitayakaken dening Gusti Allah.

Boten maiben bilih awit saking karingkihan lan kawinatesanipun, manungsa dados semplah nalika  ngadhepi kasunyataning gesang; kados ta sesakit ingkang sampun dangu dereng pinaringan mantun, dangu anggenipun sesomahan nanging dereng pinaringan momongan utawi dangu anggenipun nyambut damel nanging dereng saged nampi kados dene pangangen-angenipun. Nalika semplah, manungsa lajeng rumaos bilih sampun boten wonten ginanipun nglampahi gesang utawi temen mbudidaya. Manungsa lajeng gesang saksekecanipun piyambak utawi malah nindakaken bab-bab ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah. Lampah ingkang mekaten boten migunani, namung damel kapitunan lan mbebayani tumprap dhiri pribadhi lan sesami. Mila nalika ngadhepi prekawis utawi nyanggi momotaning gesang ingkang awrat, sumangga enget bilih Gusti Allah ingkang nitahaken langit kaliyan bumi punika tuking pitulungan, kakiyatan lan panglipuran kita.|*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *