I Samuel 25:36-42; Jabur 57; Lukas 22:39-46 KAWIWITAN KANTHI PANDONGA “Padha nyenyuwuna, supaya aja nganti klebu ing panggodha” (Lukas 22:40b) Trisno isah-isah karo ndedonga sakjrone ati; nyenyuwun Gusti Allah paring sabar awit ing saksisih dheweke pengin dolanan karo kanca-kancane nanging ing sisih liyane, dheweke uga pengin ngenthengake gaweyane ibune. Srengenge sing maune padhang sumunar dumadakan mbleret kaling-kalingan mega. Ora suwe, kahanan dadi udan prahara lan bledheg sesamberan. Trisno mbayangake yen sida mangkat pit-pitan, dheweke mesthi klebus. Neng sakjrone ati, dheweke caos sokur marang Gusti Allah dene sanadyan mrengut nandangi gaweyan isah-isahan nanging dheweke bisa neng jero omah nalika udan deres lan bledheg sesamberan. Pancen boten gampil tetep sabar ngadhepi kasunyataning gesang ingkang beda kaliyan pangangen-angen, langkung-langkung menawi kedah ngadhepi bebaya. Gamaning manungsa namung pangrehing Allah ingkang ndayani manungsa unggul saking bebaya lan uwal saking tumindak ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah. Gusti Yesus piyambak ugi nate ngadhepi kawontenan punika. Wonten patamanan Getsemane ing dalu ndungkap kacepeng, Gusti Yesus ndedonga nyuwun pitedahing Sang Rama. Malaekat ngatingal ing langit nyantosakaken Gusti Yesus ingkang saweg ngestokaken dhawuhipun Sang Rama, labuh nyawa murih kawilujenganing jagad. Tiyang boten saged kanthi otomatis sumarah lan tresna dhateng Allah. Kedah wonten proses ingkang kedah dipun adhepi. Sinaosa awrat, nanging kedah dipun lampahi supados saged kabangun dados pribadhi ingkang teteg netepi dhawuhing Allah. Proses punika kawiwitan saking mbangun sesambetan ingkang rumaket kaliyan Gusti Allah; inggih punika lumantar pandonga. Nadyan sepele, nanging pandonga punika wigati awit damel manungsa saged ngaturaken sadaya panguneg-uneg ingkang saweg karaosaken dhateng Gusti Allah saktemah pikantuk kakiyatan lan panglipuran. Kawiwitan kanthi ndedonga, manungsa mbangun pakulinan rumaket lan mbangun turut dhateng Gusti Allah sumbering gesang, berkah lan pitulungan. |*GPY
Slasa, 21 Oktober 2025 Minggu Limrah
I Samuel 25:23-35; Jabur 57; Yakobus 5:7-12 TRESNA DAMEL SABAR “Kang iku para sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhe Gusti” (Yakobus 5:7a) Trisno jengkel. Kudune dheweke wis dolanan neng lapangan karo kanca-kancane, nanging malah asah-asah neng dhapur. Piring lan gelas sing uwis rampung dibilasi banjur diglethakake rada kasar. Mireng swara glodhagan neng mburi, bu Minal gageyan marani anake. “Tris, ora prelu kaya ngono. Nek temen mbok lakoni mbaka siji, kabeh mesthi bakal rampung. Kowe selak arep dolan, to?” pitakonane bu Minal marang Trisno. Sing ditakoni ora semaur, lambene njegadul. “Yen dilakoni kanthi tresna, ati dadi sabar ngadhepi samubarang kabeh.” Sambunge bu Minal karo ndangu: “Lha kowe tresna marang ibu apa ora?” Sang Dawud ingkang jengkel mimpin tiyang-tiyangipun nyengkelit gaman kangge ngukum Nabal. Nanging ing saktengahing margi, rombongan punika pinanggih kaliyan Abigail ingkang mbekta atur-atur supados Sang Dawud purun paring pangapunten dhateng Nabal, garwanipun. Pirsa kawicaksananipun Abigail, Sang Dawud lilih penggalihipun. Piyambakipun ngrumaosi bilih menawi kaereh dening hawa-nepsu, temtu badhe nindakaken bab ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah. Mila Bapa Yakobus ngemutaken supados pasamuwanipun Gusti sami sabar kados dene para nabi ingkang nandhang sangsara nalika medhar pangandikaning Allah. Menawi boten saged sabar, pasamuwan badhe gampil nggresah lan dakwa-dinakwa. Tumindak ingkang mekaten punika boten damel renaning penggalihing Allah saktemah ndhatengaken paukuman. Tiyang ingkang boten sabar kecalan nalar saktemah boten mengggalihaken rumiyin bab ingkang badhe katindakaken lan kaucapaken saktemah tundhanipun tumindak saha pocapanipun saged ngrisak sesambetanipun kaliyan sesami lan damel prekawis sangsaya kados bolah ruwed. Dene ingkang saged tiyang dados sabar punika namung katresnan. Awit tresna dhateng Gusti Allah, Sang Dawud njagi tumindakipun lan para nabi tetep temen medhar pangandikanipun Allah sinaosa nandhang sangsara saktemah gesang lan peladosanipun dados berkah tumrap tiyang kathah. |*GPY
Senen, 20 Oktober 2025 Minggu Limrah
I Samuel 25:2-22; Jabur 57; I Korinta 6:1-11 ADIL DHATENG SESAMI “Ananging kowe dhewe malah padha tumindak sawenang-wenang lan padha gawe pituna, tur bab iku tumanduk marang para sadulurmu dhewe” (I Korinta 6:8) Kaya padatane sakulihe saka sekolah; Trisno salin, mangan lan karepe arep gageyan pit-pitan. Nanging awan iku dheweke ditimbali pak Wiryo: “Tris, aja kesusu lunga. Mrenea, bapak arep ngandika.” “Wonten kersa punapa, pak? Kula sampun dipun tengga kanca-kanca wonten lapangan.” Wangsulane Trisno sinambi nyendhekake sepeda neng tembok karo mlaku nyedhaki bapake. “Tris, mbok dina iki kowe aja dolan dhisik. Isih akeh piring lan gelas reged saka bidston dhek bengi lan ibumu ora keconggah ngrampungi kabeh. Kayadene rina-wengi anggone ibumu nunggoni nalika wingi kowe lara, saiki wayahe anggonmu ngentheng-entheng gaweyane ibumu.” Awit Prabu Saul ngarah nyawanipun, Sang Dawud mlajar ngantos ing sakcelaking redi Karmel. Sinaosa ngadhepi kawontenan ingkang boten sakeca, piyambakipun tansah mbudidaya njumbuhaken gesangipun kaliyan karsaning Allah. Kacariyos Sang Dawud ngayomi sato-kewan gadhahanipun Nabal. Nalika wancinipun mbathili menda, Sang Dawud menawi dipun keparengaken namung badhe ndherek ngraosaken kabingahanipun Nabal. Nanging eman bilih boten namung nampik, Nabal atur wangsulan kanthi tembung ingkang kirang prayogi. Mireng ingkang mekaten, Sang Dawud enggal nyengkelit gaman nedya mbesmi Nabal lan tiyang-tiyangipun. Nami Nabal punika ngemu teges wangkot. Mila sinaosa tedhak-turunipun Kaleb, piyambakipun boten wicaksana kados dene Kaleb. Sinaosa mangertos bilih Sang Dawud lan tiyang-tiyangipun dados pager tembok tumrap kawilujenganipun, piyambakipun tumindak boten adil awit boten purun migatosaken kabetahanipun tiyang-tiyang punika. Nabal kanthi srakah kapengin supados namung gesangipun piyambak ingkang sakeca. Tiyang ingkang kados mekaten ngrisak sesambetan kaliyan sesami lan tundhanipun damel tuna dhiri pribadhi. Mila prayogi saben tiyang saged mujudaken kaadilan, kawiwitan saking migatosaken bot-repoting sesami ingkang gesangipun dipun agem dening Gusti Allah ndhatengaken kasaenan tumrap gesang kita. |*GPY
Ahad, 19 Oktober 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 32:22-31; Jabur 121; II Timoteus 3:14-4:5; Lukas 18:1-8 NDEDONGA PUNIKA MBUDIDAYA “Ing kutha kono uga ana randha sing bola-bali nekani hakim mau lan nyuwun kaadilan tumrap enggone prakaran…” (Lukas 18:3a) Dhasar sayah saking akehe PR; bengi iku sakuwise nata buku kanggo sekolah, Trisno langsung mapan turu. Pinuju bu Minal pirsa Trisno mancal kemul. “Apa kowe uwis ndonga, le?” Mangkono dangune bu Minal. “Mpun sayah, bu. Benjang malih mawon” wangsulane Trisno. “Le, apa Gusti Allah nate sayah mberkahi kowe? Panyuwunmu rak nembe wae kasembadan, to? Wingi lara, saiki wis mari. Mongsok ora caos sokur? Kaya anggonmu temen ngombe obat, kaya mangkono uga anggonmu temen ndedonga. Gageyan ndonga, bar kuwi ndang turu!” Mangkono dhawuhe bu Minal. Bokmenawi minangka tiyang pitados, kita ugi nate ngraosaken sayah kangge ndedonga. Wonten kalanipun pancen badanipun sayah saksampunipun nyambut damel sadinten natas, wonten kalanipun penggalihipun sayah awit ngraosaken momotaning gesang ingkang awrat, ugi rumaos bosen awit rumaos bilih Gusti Allah boten karsa nyembadani panyuwunan kita. Saged dipun undheri bilih ingkang damel manungsa boten setya ndedonga punika rumaos bilih pandonga punika boten munpangati tumraping gesang. Temtu kita emut bilih pandonga punika ambeganing tiyang pitados awit kanthi ndedonga, kita mbangun sesambetan kaliyan Gusti Allah minangka sumbering gesang. Kados dene sregep unjal ambegan raganipun manungsa badhe gesang, mekaten ugi karohenanipun manungsa badhe gesang nalika sregep ndedonga. Mila tiyang pitados nggadhahi sesanti “ORA et LABORA”, ndedonga lan makarya; inggih punika tiyang pitados sumedya temen nyambut damel lan ndedonga kangge mujudaken gesang ingkang langkung prayogi wonten ing ngarsanipun Gusti Allah lan sesami. Mila kados dene anggenipun Yakub temen mbudidaya lan ndedonga nyuwun berkahing Allah, sumangga kita minangka tiyang pitados sampun ngantos sayah, kendho punapa malih sayah anggenipun nyambut damel lan ndedonga ngudi karahayoning gesang. |*GPY
Setu, 18 Oktober 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 32:3-21; Jabur 121; Markus 10:46-52 KARSANING ALLAH, SANES NDILALAH “Gusti Yesus banjur ngandika: Wis, mundura, pangandelmu kang mitulungi kowe” (Markus 10:52) Nalika kontrol neng Rumah Sakit, pak Dokter ngendika menawa Trisno iku bocah begja karana pasien liyane sing sakumuran akeh sing isih opname lan uga ana sakwetara sing ora ketulungan. Krungu sing kaya mangkono, pak Wiryo matur: “Saneg begja, pak dokter; nanging binerkahan. Siyang-dalu anggen kula sakbrayat ndedonga, nyenyuwun supados Gusti Allah karsa paring kasarasan lumantar obat-obatan lan sadaya pambudidaya ingkang katindakaken. Punika sanes begja napa malih ndilalah, nanging pancen karsaning Allah, pak dokter.” Awit wuta, Bartimeus boten saged nyambut damel sami kados sanesipun. Kangge nyambung gesang, piyambakipun kedah ngemis nyuwun kawelasan saking sesaminipun. Temtu boten lumrah menawi tiyang ingkang wuta lajeng saged ningali. Saged kabayangaken bilih tiyang wuta kados dene Bartimeus boten nggadhahi pangajeng-ajeng badhe saged ningali. Nanging dumadakan wonten pawartos bilih Gusti Yesus tindak miyos Yerikho. Bartimeus ingkang boten saged mlampah piyambak manggihaken Gusti Yesus, enggal nguwuh-uwuh supados piyambakipun dipun gatosaken. Pambudidayanipun boten nglaha. Gusti Yesus mireng lajeng nimbali Bartimeus ingkang dipun dangu bab punapa ingkang dados panyuwunipun. Panyuwunanipun tumuli Bartimeus kasembadan, piyambakipun saged ningali. Gusti Yesus temtunipun pirsa menawi Yerikho punika kitha ingkang kenging ing ipat-ipat dening Sang Yusak (Yusak 6:26). Nanging nalika kacundhukaken kaliyan waosan saklajenipun ingkang nyariyosaken bab Gusti Yesus lumebet ing kitha Yerusalem, saged kawastanan bilih pancen sakderengipun mungkasi peladosanipun kanthi seda sinalib, Gusti Yesus nggadhahi rancangan badhe nyarasaken Bartimeus. Boten tinemu nalar, boten ndilalah, boten begjan. Nanging kados dene Yakub kados-kados dumadakan kedah pepanggihan kaliyan Esau, kakangipun; saksampunipun uwal saking Laban, pancen wonten karsanipun Allah ingkang sampurna, ingkang ndhatengaken kasaenan ing gesangipun para kagunganipun. Manungsa namung kedah ngantebi pitados. |*GPY
Jemuwah, 17 Oktober 2025 Minggu Limrah
Purwaning Dumadi 31:43-32:2; Jabur 121; II Timoteus 2:14-26 TETALES SEJATI KANG SANTOSA “Nanging tetales kang dipasang dening Allah iku santosa” (II Timoteus 2:19a) “Pak, obatipun sampun telas.” Ature Trisno sakuwise ngombe obat. Mireng bab iku, pak Wiryo ngandika: “Puji Gusti! Gusti Allah campur asta paring kasarasan kanggo kowe lumantar obat-obatan sing mbok ombe. Saiki kari marine, ya.” Bu Minal uga nyedhak karo ngandika: “Saiki ngaso, uwis bengi. Aja lali, sesuk esuk kowe kontrol neng Rumah Sakit.” Kaereh dening hawa nepsu, Laban mlajar nututi rombonganipun Yakub. Pamanggihipun, Yakub sampun mundhut dewa-dewa sesembahanipun Laban. Saksampunipun dipun padosi, boten pinanggih awit dipun dhelikaken dening Rahel. Supados prastawa punika boten badhe kelampahan malih ing wekdal saklajengipun, Laban lan Yakub damel prajanjian. Ingkang narik kawigatosan inggih punika Laban lan Yakub boten namung ndadosaken tumpukan sela minangka seksi, nanging ugi nyuwun supados Gusti Allah minangka ingkang Mahaagung lan Mahakwaos, karsa nguningani prajanjian punika. Jaman samangke, asring sadaya dipun dhasaraken dhateng bab ingkang ketawis lan ingkang tinemu dening nalaring manungsa. Mila Gusti Allah asring boten pikantuk papan ing nalar lan batinipun manungsa. Nanging menawi kagatosaken bilih sanadyan manungsa sampun ngrancang samudayanipun kanthi tliti, taksih kemawon wonten bab-bab ingkang njalari manungsa boten saged nggayuh bab ingkang karancang. Contonipun nalika ing taun 2020 manungsa sampun nggadhahi rancangan ingkang tinata tliti, dumadakan wonten pandemi COVID-19 ingkang njalari sadaya ingkang sampun karancang dados ambyar. Awit Himeneus lan Filetus ingkang sewaunipun lelados nanging sapunika sampun nyimpang saking kayekten, Rasul Paulus nedahaken dhateng Timoteus bab wigatinipun ngugemi tetales sejati; inggih punika piwulang lan patuladhaning Sang Kristus. Nalika ngugemi bab punika, manungsa badhe saged manggihaken kaadilan, kasetyan, katresnan lan karukunan minangka margi ingkang dipun agem dening Gusti Allah nguwalaken manungsa saking kalanipun iblis. |*GPY
Kemis, 16 Oktober 2025 Minggu Limrah
Yesaya 54:11-17; Jabur 121; Lelakone Para Rasul 17:22-34 MAWAS DHIRI LAN MRATOBAT “… bilih wontena ing pundi-pundi kemawon, sadaya tiyang kedah mratobat” (Lelakone Para Rasul 17:30b) Trisno ora sida dolan pit-pitan. Dheweke nglendhot pak Wiryo sing nembe maos koran aneng teras mburi. “Pak, napa Gusti Allah niku boten tresna dhateng kula? Sampun seminggu kula sakit boten saged dolanan layangan; mangka kula sampun nedha obat, ngaso, ndedonga nyuwun kasarasan.” Mangkono ature Trisno. Mireng sing kaya mangkono, ramane ngandika: “Le, nalika kowe bisa utawa ora bisa nindakake kekarepanmu; ora bisa enggal kaaranan yen Gusti Allah tresna utawa ora marang kagungane. Mula, luwih becik mbiji awakmu dhewe: sing daktindakake iki jumbuh karo kersane Gusti apa ora?” Gusti Allah ingkang Mahatresna punika tansah migatosaken para tumitah sinaosa manungsa asring boten ngrumaosi. Anggenipun boten ngrumaosi punika awit saking wontenipun patrap egois ingkang nengenaken pepinginan pribadhi. Dene minangka wujuding tresna, Gusti Allah karsa paring wekdal saha pepenget lumantar para utusanipun supados saged sami mratobat. Tiyang-tiyang ing Atena sedangu punika mangibadah dhateng dewa ingkang wujudipun kadamel saking jene lan selaka dening prigeling tanganipun manungsa. Mila Rasul Paulus lajeng martosaken bab dewa ingkang sedangu punika boten kasumurupan dening tiyang Atena; inggih punika Gusti Allah ingkang nitahaken jagad sakisinipun, ingkang karsa rawuh ing jagad manjalma dados manungsa, nandhang sangsara ngantos seda sinalib lajeng wungu saking antawisipun tiyang pejah kangge milujengaken jagad. Temtu kita sami pirsa bab kamajenganing bangsa Yunani; mirunggan tiyang Atena, nalika semanten minangka bangsa ingkang miwiti babagan ilmu pengetahuan alam, hukum, matematika, kesehatan lan sapanunggalanipun. Nanging anggenipun nggadhahi kamajengan punika estunipun awit Gusti Allah ngantu-antu pamratobating tiyang Atena. Mila nalika ngraosaken kawontenan ingkang saweg sakeca kemawon, sumangga mawas dhiri; mbokmenawi Gusti Allah saweg ngantu-antu pamratobat kita. |*GPY
Rebo, 15 Oktober 2025 Minggu Limrah
II Para Raja 15:1-7; Jabur 61; Mateus 10:5-15 OBAT INGKANG MANDI “Wong lara padha warasna, wong mati tangekna, biraten najise wong lara budhugen; dhemit-dhemit pada tundhungana” (Mateus 10:8a) Marga rumangsa awake uwis kepenak, mula Trisno wis ora pengin ngombe obat, kepara wis pengin dolan. Mirsani Trisno sing uwis nuntun sepedane, bu Minal nimbali: “Ngger, arep menyang endi? Ibu arep matur.” Bareng dilungguhke, biyunge ngandika: “Le, kowe nembe 2 dina neng omah. Sejatine, awakmu isih butuh ngaso. Obatmu kae dientekake supaya kasiate mandi tenan. Obat mandi nek ora mbokombe, ora bakal gawe marimu.” Pangeran Azarya ketetepaken dening Gusti Allah jumeneng ratu ing Yehuda. Estunipun; prabu Azarya nglampahi ingkang sae ing paningaling Allah. Eman dene piyambakipun ngendelaken tengger-tengger pangurbanan saktemah rakyat taksih saged caos sesajen lan korban ing papan punika saktemah damel Gusti Allah boten karenan. Mila Pangeran Yehuwah nggebag sang Prabu gerah saraat ngantos dumugi sedanipun minangka paukuman awit Prabu Azarya boten saged nuntun bangsanipun sangsaya celak kaliyan Gusti Allah. Para kagunganipun Gusti Allah katimbalan boten namung kangge nampi berkah kawilujengan, nanging ugi supados dados lantaraning berkah tumrap sesami. Gesang dados berkah punika kawujudaken kanthi gesang padintenan ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah, awit punika dados margi anggenipun sesami saged wanuh dhateng Gusti Allah. Gusti Yesus ngutus sekabat kalih welas supados sami nundhungi dhemit, nyarasaken tiyang sakit, mbirat najisipun tiyang budhugen, nangekaken tiyang pejah lan martosaken bab Kratoning Swarga ingkang sampun celak. Gesangipun para sekabat dados mandi awit saged ndhatengaken kasaenan tumrap sesami nalika purun sami mbangun-turut ngestokaken dhawuh timbalanipun Gusti Yesus. Mila sampun ngantos para kagunganipun Gusti Allah sami gesang sakpikajengipun piyambak, punapa malih malah dados sandhungan lan momotan tumrap sesami. Sumangga gesang dados obat mandi tumrap sesami kanthi mbangun-turut dhateng Gusti. |*GPY
Slasa, 14 Oktober 2025 Minggu Limrah
II Para Raja 5:19b-27; Jabur 61; Efesus 6:10-20 MAKARYA TEMEN LAN JUJUR “Dhemi Pangeran Yehuwah kang gesang, lah aku arep mlayu nututi panjenengane lan bakal nyuwun apa-apa” (II Para Raja 5:20b) Sakuwise Trisno tekan omah saka Rumah Sakit, sedulur, kanca lan tangga-teparo padha rawuh ndlidir ngaruhake kahanane. Saklumrahe, saben sing rawuh nyangoni amplop isi dhuwit marang Trisno. Ora wurung, sak klambi karo kathoke Trisno dadi kebak. Sakondure para tamu, Trisno matur marang bapake: “Pak, artane pareng kangge tumbas dolanan anyar, nggih.” Pak Wiryo enggal mangsuli: “Sepisan, kowe kudu caos pisungsung amarga Gusti Allah wis mberkahi kowe kanthi kesarasan. Kaping pindhone, kowe butuh duwe tabungan kanggo sekolahmu. Kaping telune, saiki gageyan ngaso. Aja nganti kekeselen amarga kowe durung mari sampurna. Telung dina maneh kowe kudu kontrol neng Rumah Sakit!” Sanadyan Nabi Elisa kekah boten kersa nampi sakathahing atur-atur saking Senapati Naaman, nanging Gehazi purun. Abdinipun Elisa punika enggal mlajar nututi Senapati Naaman. Saksampunipun pinanggih, Gehazi ngaturaken bilih berdaranipun punika ngersakaken selaka satalenta lan panganggen kalih pengadeg kangge tiyang neneman saking pareden Efraim. Panyuwunipun enggal kasembadan dening Sang Naaman. Nanging nalika wangsul, jebul nabi Elisa pirsa sadaya ingkang sampun kelampahan. Gehazi nampi paukuman. Saged kawastanan bilih memala saraatipun Sang Naaman pindhah dhateng raganipun Gehazi. Gehazi kapengin bandha kangge kapentingan pribadhi ngantos piyambakipun purun goroh lan nyebut kanthi nyawiyah asmanipun Gusti Allah. Sinaosa manungsa gesang kedah nyambut damel ngudi bandha kangge nyekapi kabetahan, nanging ing wanci punika kita kaengetaken bilih bandha donya punika saged dados margi anggenipun manungsa nemahi cilaka. Mila tiyang pitados tetep waspada lan wicaksana supados boten cilaka kados dene Gehazi. Ingkang katindakaken inggih punika makarya kanthi temen lan jujur, gemi ngrigenaken berkahipun Gusti Allah kanthi nggadhahi tabungan kagem masa depan sarta sampun ngantos supe caos sokur. |*GPY
Senen, 13 Oktober 2025 Minggu Limrah
II Para Raja 5:15-19a; Jabur 61; Lelakone Para Rasul 26:24-29 NGREKAOS NGASORAKEN DHIRI “Sapunika kula sumerep, bilih ing salumahing bumi punika boten wonten Gusti Allah kajawi ing Israel…” (II Para Raja 5:15b) Dina iku Trisno bisa mulih saka Rumah Sakit. Pak Wiryo methuk karo ngasta woh-wohan sakwadhah sing uwis ditata prayoga. Trino ngira yen woh-wohan iku kanggo dheweke, nanging jebul diaturke marang para perawat. “Wah, kula tiwas remen; jebul diaturke ibu perawat.” Trisno matur karo rada mrengut kecut. “Le, jatahmu wis dicawisake biyung neng omah. Iki diaturke ibu perawat minangka atur panuwun amarga wis gelem ngrumat kowe nganti mari, mangka kadhangkala kowe kuwi bocah sing angel kandhanane nek dikongkon ngombe obat.” Mangkono wangsulane pak Wiryo karo ngempet guyu. Nabi Elisa kekah boten kersa nampi sakathahing atur-atur saking Senapati Naaman awit ngrumaosi bilih piyambakipun punika namung lantaran ingkang dipun agem dening Gusti Allah. Mila nabi Elisa estunipun nedahaken bilih anggenipun Senapati Naaman mantun punika awit saking karsaning Allah. Punika ingkang saklajengipun damel Sang Naaman nyuwun supados Gusti Allah karsa paring pangapunten nalika piyambakipun ndherekaken sang prabu ing Aram manembah ing papan pamujanipun dewa rimon. Punika boten ateges piyambakipun manembah ugi dhateng dewa rimon, nanging namung nindakaken tanggeljawabipun minangka punggawa. Kangge nedahaken kapitadosan lan raos sokuripun, Senapati Naaman mbekta wangsul siti samomotaning bihal sarakit kangge caos kurban obaran lan kurban sembelehan dhateng Sang Yehuwah ing papan dunungipun. Tumraping tiyang pitados, kapitadosan lan raos sokur dhateng Gusti Allah mesthinipun tansah dipun wujudaken ing gesang padintenan. Eman bilih punika taksih awis-awis katindakaken, bokmenawi awit kirang saged ngraosaken bilih sadaya ingkang katampi lan karaosaken ing sakuruting gesang punika bab ingkang limrah. Tiyang pitados prelu langkung titen saktemah saged ngrumaosi bilih ingkang kelampahan punika boten bab limrah, nanging Gusti Allah ingkang tansah campur-asta ndhatengaken kasaenan ing gesangipun. |*GPY
