+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 19 Oktober 2025 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 32:22-31; Jabur 121; II Timoteus 3:14-4:5; Lukas 18:1-8

NDEDONGA PUNIKA MBUDIDAYA

Ing kutha kono uga ana randha sing bola-bali nekani hakim mau

lan nyuwun kaadilan tumrap enggone prakaran…”

(Lukas 18:3a)

Dhasar sayah saking akehe PR; bengi iku sakuwise nata buku kanggo sekolah, Trisno langsung mapan turu. Pinuju bu Minal pirsa Trisno mancal kemul. “Apa kowe uwis ndonga, le?” Mangkono dangune bu Minal. “Mpun sayah, bu. Benjang malih mawon” wangsulane Trisno. “Le, apa Gusti Allah nate sayah mberkahi kowe? Panyuwunmu rak nembe wae kasembadan, to? Wingi lara, saiki wis mari. Mongsok ora caos sokur? Kaya anggonmu temen ngombe obat, kaya mangkono uga anggonmu temen ndedonga. Gageyan ndonga, bar kuwi ndang turu!” Mangkono dhawuhe bu Minal.

Bokmenawi minangka tiyang pitados, kita ugi nate ngraosaken sayah kangge ndedonga. Wonten kalanipun pancen badanipun sayah saksampunipun nyambut damel sadinten natas, wonten kalanipun penggalihipun sayah awit ngraosaken momotaning gesang ingkang awrat, ugi rumaos bosen awit rumaos bilih Gusti Allah boten karsa nyembadani panyuwunan kita. Saged dipun undheri bilih ingkang damel manungsa boten setya ndedonga punika rumaos bilih pandonga punika boten munpangati tumraping gesang.

Temtu kita emut bilih pandonga punika ambeganing tiyang pitados awit kanthi ndedonga, kita mbangun sesambetan kaliyan Gusti Allah minangka sumbering gesang. Kados dene sregep unjal ambegan raganipun manungsa badhe gesang, mekaten ugi karohenanipun manungsa badhe gesang nalika sregep ndedonga. Mila tiyang pitados nggadhahi sesanti “ORA et LABORA”, ndedonga lan makarya; inggih punika tiyang pitados sumedya temen nyambut damel lan ndedonga kangge mujudaken gesang ingkang langkung prayogi wonten ing ngarsanipun Gusti Allah lan sesami. Mila kados dene anggenipun Yakub temen mbudidaya lan ndedonga nyuwun berkahing Allah, sumangga kita minangka tiyang pitados sampun ngantos sayah, kendho punapa malih sayah anggenipun nyambut damel lan ndedonga ngudi karahayoning gesang. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *