Purwaning Dumadi 32:3-21; Jabur 121; Markus 10:46-52
KARSANING ALLAH, SANES NDILALAH
“Gusti Yesus banjur ngandika: Wis, mundura, pangandelmu kang mitulungi kowe”
(Markus 10:52)
Nalika kontrol neng Rumah Sakit, pak Dokter ngendika menawa Trisno iku bocah begja karana pasien liyane sing sakumuran akeh sing isih opname lan uga ana sakwetara sing ora ketulungan. Krungu sing kaya mangkono, pak Wiryo matur: “Saneg begja, pak dokter; nanging binerkahan. Siyang-dalu anggen kula sakbrayat ndedonga, nyenyuwun supados Gusti Allah karsa paring kasarasan lumantar obat-obatan lan sadaya pambudidaya ingkang katindakaken. Punika sanes begja napa malih ndilalah, nanging pancen karsaning Allah, pak dokter.”
Awit wuta, Bartimeus boten saged nyambut damel sami kados sanesipun. Kangge nyambung gesang, piyambakipun kedah ngemis nyuwun kawelasan saking sesaminipun. Temtu boten lumrah menawi tiyang ingkang wuta lajeng saged ningali. Saged kabayangaken bilih tiyang wuta kados dene Bartimeus boten nggadhahi pangajeng-ajeng badhe saged ningali. Nanging dumadakan wonten pawartos bilih Gusti Yesus tindak miyos Yerikho. Bartimeus ingkang boten saged mlampah piyambak manggihaken Gusti Yesus, enggal nguwuh-uwuh supados piyambakipun dipun gatosaken. Pambudidayanipun boten nglaha. Gusti Yesus mireng lajeng nimbali Bartimeus ingkang dipun dangu bab punapa ingkang dados panyuwunipun. Panyuwunanipun tumuli Bartimeus kasembadan, piyambakipun saged ningali.
Gusti Yesus temtunipun pirsa menawi Yerikho punika kitha ingkang kenging ing ipat-ipat dening Sang Yusak (Yusak 6:26). Nanging nalika kacundhukaken kaliyan waosan saklajenipun ingkang nyariyosaken bab Gusti Yesus lumebet ing kitha Yerusalem, saged kawastanan bilih pancen sakderengipun mungkasi peladosanipun kanthi seda sinalib, Gusti Yesus nggadhahi rancangan badhe nyarasaken Bartimeus. Boten tinemu nalar, boten ndilalah, boten begjan. Nanging kados dene Yakub kados-kados dumadakan kedah pepanggihan kaliyan Esau, kakangipun; saksampunipun uwal saking Laban, pancen wonten karsanipun Allah ingkang sampurna, ingkang ndhatengaken kasaenan ing gesangipun para kagunganipun. Manungsa namung kedah ngantebi pitados. |*GPY
