+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 17 Oktober 2025 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 31:43-32:2; Jabur 121; II Timoteus 2:14-26

TETALES SEJATI KANG SANTOSA

Nanging tetales kang dipasang dening Allah iku santosa”

(II Timoteus 2:19a)

Pak, obatipun sampun telas.” Ature Trisno sakuwise ngombe obat. Mireng bab iku, pak Wiryo ngandika: “Puji Gusti! Gusti Allah campur asta paring kasarasan kanggo kowe lumantar obat-obatan sing mbok ombe. Saiki kari marine, ya.” Bu Minal uga nyedhak karo ngandika: “Saiki ngaso, uwis bengi. Aja lali, sesuk esuk kowe kontrol neng Rumah Sakit.” 

Kaereh dening hawa nepsu, Laban mlajar nututi rombonganipun Yakub. Pamanggihipun, Yakub sampun mundhut dewa-dewa sesembahanipun Laban. Saksampunipun dipun padosi, boten pinanggih awit dipun dhelikaken dening Rahel. Supados prastawa punika boten badhe kelampahan malih ing wekdal saklajengipun, Laban lan Yakub damel prajanjian. Ingkang narik kawigatosan inggih punika Laban lan Yakub boten namung ndadosaken tumpukan sela minangka seksi, nanging ugi nyuwun supados Gusti Allah minangka ingkang Mahaagung lan Mahakwaos, karsa nguningani prajanjian punika.

Jaman samangke, asring sadaya dipun dhasaraken dhateng bab ingkang ketawis lan ingkang tinemu dening nalaring manungsa. Mila Gusti Allah asring boten pikantuk papan ing nalar lan batinipun manungsa. Nanging menawi kagatosaken bilih sanadyan manungsa sampun ngrancang samudayanipun kanthi tliti, taksih kemawon wonten bab-bab ingkang njalari manungsa boten saged nggayuh bab ingkang karancang. Contonipun nalika ing taun 2020 manungsa sampun nggadhahi rancangan ingkang tinata tliti, dumadakan wonten pandemi COVID-19 ingkang njalari sadaya ingkang sampun karancang dados ambyar. Awit Himeneus lan Filetus ingkang sewaunipun lelados nanging sapunika sampun nyimpang saking kayekten, Rasul Paulus nedahaken dhateng Timoteus bab wigatinipun ngugemi tetales sejati; inggih punika piwulang lan patuladhaning Sang Kristus. Nalika ngugemi bab punika, manungsa badhe saged manggihaken kaadilan, kasetyan, katresnan lan karukunan minangka margi ingkang dipun agem dening Gusti Allah nguwalaken manungsa saking kalanipun iblis. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *