+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 20 Oktober 2025 Minggu Limrah

I Samuel 25:2-22; Jabur 57; I Korinta 6:1-11

ADIL DHATENG SESAMI

Ananging kowe dhewe malah padha tumindak sawenang-wenang lan

padha gawe pituna, tur bab iku tumanduk marang para sadulurmu dhewe”

(I Korinta 6:8)

Kaya padatane sakulihe saka sekolah; Trisno salin, mangan lan karepe arep gageyan pit-pitan. Nanging awan iku dheweke ditimbali pak Wiryo: “Tris, aja kesusu lunga. Mrenea, bapak arep ngandika.” “Wonten kersa punapa, pak? Kula sampun dipun tengga kanca-kanca wonten lapangan.” Wangsulane Trisno sinambi nyendhekake sepeda neng tembok karo mlaku nyedhaki bapake. “Tris, mbok dina iki kowe aja dolan dhisik. Isih akeh piring lan gelas reged saka bidston dhek bengi lan ibumu ora keconggah ngrampungi kabeh. Kayadene rina-wengi anggone ibumu nunggoni nalika wingi kowe lara, saiki wayahe anggonmu ngentheng-entheng gaweyane ibumu.”

Awit Prabu Saul ngarah nyawanipun, Sang Dawud mlajar ngantos ing sakcelaking redi Karmel. Sinaosa ngadhepi kawontenan ingkang boten sakeca, piyambakipun tansah mbudidaya njumbuhaken gesangipun kaliyan karsaning Allah. Kacariyos Sang Dawud ngayomi sato-kewan gadhahanipun Nabal. Nalika wancinipun mbathili menda, Sang Dawud menawi dipun keparengaken namung badhe ndherek ngraosaken kabingahanipun Nabal. Nanging eman bilih boten namung nampik, Nabal atur wangsulan kanthi tembung ingkang kirang prayogi. Mireng ingkang mekaten, Sang Dawud enggal nyengkelit gaman nedya mbesmi Nabal lan tiyang-tiyangipun.

Nami Nabal punika ngemu teges wangkot. Mila sinaosa tedhak-turunipun Kaleb, piyambakipun boten wicaksana kados dene Kaleb. Sinaosa mangertos bilih Sang Dawud lan tiyang-tiyangipun dados pager tembok tumrap kawilujenganipun, piyambakipun tumindak boten adil awit boten purun migatosaken kabetahanipun tiyang-tiyang punika. Nabal kanthi srakah kapengin supados namung gesangipun piyambak ingkang sakeca. Tiyang ingkang kados mekaten ngrisak sesambetan kaliyan sesami lan tundhanipun damel tuna dhiri pribadhi. Mila prayogi saben tiyang saged mujudaken kaadilan, kawiwitan saking migatosaken bot-repoting sesami ingkang gesangipun dipun agem dening Gusti Allah ndhatengaken kasaenan tumrap gesang kita. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *