+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 16 Oktober 2025 Minggu Limrah

Yesaya 54:11-17; Jabur 121; Lelakone Para Rasul 17:22-34

MAWAS DHIRI LAN MRATOBAT

… bilih wontena ing pundi-pundi kemawon, sadaya tiyang kedah mratobat”

(Lelakone Para Rasul 17:30b)

Trisno ora sida dolan pit-pitan. Dheweke nglendhot pak Wiryo sing nembe maos koran aneng teras mburi. “Pak, napa Gusti Allah niku boten tresna dhateng kula? Sampun seminggu kula sakit boten saged dolanan layangan; mangka kula sampun nedha obat, ngaso, ndedonga nyuwun kasarasan.” Mangkono ature Trisno. Mireng sing kaya mangkono, ramane ngandika: “Le, nalika kowe bisa utawa ora bisa nindakake kekarepanmu; ora bisa enggal kaaranan yen Gusti Allah tresna utawa ora marang kagungane. Mula, luwih becik mbiji awakmu dhewe: sing daktindakake iki jumbuh karo kersane Gusti apa ora?

Gusti Allah ingkang Mahatresna punika tansah migatosaken para tumitah sinaosa manungsa asring boten ngrumaosi. Anggenipun boten ngrumaosi punika awit saking wontenipun patrap egois ingkang nengenaken pepinginan pribadhi. Dene minangka wujuding tresna, Gusti Allah karsa paring wekdal saha pepenget lumantar para utusanipun supados saged sami mratobat. Tiyang-tiyang ing Atena sedangu punika mangibadah dhateng dewa ingkang wujudipun kadamel saking jene lan selaka dening prigeling tanganipun manungsa. Mila Rasul Paulus lajeng martosaken bab dewa ingkang sedangu punika boten kasumurupan dening tiyang Atena; inggih punika Gusti Allah ingkang nitahaken jagad sakisinipun, ingkang karsa rawuh ing jagad manjalma dados manungsa, nandhang sangsara ngantos seda sinalib lajeng wungu saking antawisipun tiyang pejah kangge milujengaken jagad.

Temtu kita sami pirsa bab kamajenganing bangsa Yunani; mirunggan tiyang Atena, nalika semanten minangka bangsa ingkang miwiti babagan ilmu pengetahuan alam, hukum, matematika, kesehatan lan sapanunggalanipun. Nanging anggenipun nggadhahi kamajengan punika estunipun awit Gusti Allah ngantu-antu pamratobating tiyang Atena. Mila nalika ngraosaken kawontenan ingkang saweg sakeca kemawon, sumangga mawas dhiri; mbokmenawi Gusti Allah saweg ngantu-antu pamratobat kita. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *