+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 15 Oktober 2025 Minggu Limrah

II Para Raja 15:1-7; Jabur 61; Mateus 10:5-15

OBAT INGKANG MANDI

Wong lara padha warasna, wong mati tangekna, biraten najise

wong lara budhugen; dhemit-dhemit pada tundhungana”

(Mateus 10:8a)

Marga rumangsa awake uwis kepenak, mula Trisno wis ora pengin ngombe obat, kepara wis pengin dolan. Mirsani Trisno sing uwis nuntun sepedane, bu Minal nimbali: “Ngger, arep menyang endi? Ibu arep matur.” Bareng dilungguhke, biyunge ngandika: “Le, kowe nembe 2 dina neng omah. Sejatine, awakmu isih butuh ngaso. Obatmu kae dientekake supaya kasiate mandi tenan. Obat mandi nek ora mbokombe, ora bakal gawe marimu.”

Pangeran Azarya ketetepaken dening Gusti Allah jumeneng ratu ing Yehuda. Estunipun; prabu Azarya nglampahi ingkang sae ing paningaling Allah. Eman dene piyambakipun ngendelaken tengger-tengger pangurbanan saktemah rakyat taksih saged caos sesajen lan korban ing papan punika saktemah damel Gusti Allah boten karenan. Mila Pangeran Yehuwah nggebag sang Prabu gerah saraat ngantos dumugi sedanipun minangka paukuman awit Prabu Azarya boten saged nuntun bangsanipun sangsaya celak kaliyan Gusti Allah.

Para kagunganipun Gusti Allah katimbalan boten namung kangge nampi berkah kawilujengan, nanging ugi supados dados lantaraning berkah tumrap sesami. Gesang dados berkah punika kawujudaken kanthi gesang padintenan ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah, awit punika dados margi anggenipun sesami saged wanuh dhateng Gusti Allah. Gusti Yesus ngutus sekabat kalih welas supados sami nundhungi dhemit, nyarasaken tiyang sakit, mbirat najisipun tiyang budhugen, nangekaken tiyang pejah lan martosaken bab Kratoning Swarga ingkang sampun celak. Gesangipun para sekabat dados mandi awit saged ndhatengaken kasaenan tumrap sesami nalika purun sami mbangun-turut ngestokaken dhawuh timbalanipun Gusti Yesus. Mila sampun ngantos para kagunganipun Gusti Allah sami gesang sakpikajengipun piyambak, punapa malih malah dados sandhungan lan momotan tumrap sesami. Sumangga gesang dados obat mandi tumrap sesami kanthi mbangun-turut dhateng Gusti. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *