+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 14 Oktober 2025 Minggu Limrah

II Para Raja 5:19b-27; Jabur 61; Efesus 6:10-20

MAKARYA TEMEN LAN JUJUR

Dhemi Pangeran Yehuwah kang gesang, lah aku arep mlayu

nututi panjenengane lan bakal nyuwun apa-apa”

(II Para Raja 5:20b)

Sakuwise Trisno tekan omah saka Rumah Sakit, sedulur, kanca lan tangga-teparo padha rawuh ndlidir ngaruhake kahanane. Saklumrahe, saben sing rawuh nyangoni amplop isi dhuwit marang Trisno. Ora wurung, sak klambi karo kathoke Trisno dadi kebak. Sakondure para tamu, Trisno matur marang bapake: “Pak, artane pareng kangge tumbas dolanan anyar, nggih.” Pak Wiryo enggal mangsuli: “Sepisan, kowe kudu caos pisungsung amarga Gusti Allah wis mberkahi kowe kanthi kesarasan. Kaping pindhone, kowe butuh duwe tabungan kanggo sekolahmu. Kaping telune, saiki gageyan ngaso. Aja nganti kekeselen amarga kowe durung mari sampurna. Telung dina maneh kowe kudu kontrol neng Rumah Sakit!”

Sanadyan Nabi Elisa kekah boten kersa nampi sakathahing atur-atur saking Senapati Naaman, nanging Gehazi purun. Abdinipun Elisa punika enggal mlajar nututi Senapati Naaman. Saksampunipun pinanggih, Gehazi ngaturaken bilih berdaranipun punika ngersakaken selaka satalenta lan panganggen kalih pengadeg kangge tiyang neneman saking pareden Efraim. Panyuwunipun enggal kasembadan dening Sang Naaman. Nanging nalika wangsul, jebul nabi Elisa pirsa sadaya ingkang sampun kelampahan. Gehazi nampi paukuman. Saged kawastanan bilih memala saraatipun Sang Naaman pindhah dhateng raganipun Gehazi.

Gehazi kapengin bandha kangge kapentingan pribadhi ngantos piyambakipun purun goroh lan nyebut kanthi nyawiyah asmanipun Gusti Allah. Sinaosa manungsa gesang kedah nyambut damel ngudi bandha kangge nyekapi kabetahan, nanging ing wanci punika kita kaengetaken bilih bandha donya punika saged dados margi anggenipun manungsa nemahi cilaka. Mila tiyang pitados tetep waspada lan wicaksana supados boten cilaka kados dene Gehazi. Ingkang katindakaken inggih punika makarya kanthi temen lan jujur, gemi ngrigenaken berkahipun Gusti Allah kanthi nggadhahi tabungan kagem masa depan sarta sampun ngantos supe caos sokur. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *