II Para Raja 5:15-19a; Jabur 61; Lelakone Para Rasul 26:24-29
NGREKAOS NGASORAKEN DHIRI
“Sapunika kula sumerep, bilih ing salumahing bumi punika
boten wonten Gusti Allah kajawi ing Israel…”
(II Para Raja 5:15b)
Dina iku Trisno bisa mulih saka Rumah Sakit. Pak Wiryo methuk karo ngasta woh-wohan sakwadhah sing uwis ditata prayoga. Trino ngira yen woh-wohan iku kanggo dheweke, nanging jebul diaturke marang para perawat. “Wah, kula tiwas remen; jebul diaturke ibu perawat.” Trisno matur karo rada mrengut kecut. “Le, jatahmu wis dicawisake biyung neng omah. Iki diaturke ibu perawat minangka atur panuwun amarga wis gelem ngrumat kowe nganti mari, mangka kadhangkala kowe kuwi bocah sing angel kandhanane nek dikongkon ngombe obat.” Mangkono wangsulane pak Wiryo karo ngempet guyu.
Nabi Elisa kekah boten kersa nampi sakathahing atur-atur saking Senapati Naaman awit ngrumaosi bilih piyambakipun punika namung lantaran ingkang dipun agem dening Gusti Allah. Mila nabi Elisa estunipun nedahaken bilih anggenipun Senapati Naaman mantun punika awit saking karsaning Allah. Punika ingkang saklajengipun damel Sang Naaman nyuwun supados Gusti Allah karsa paring pangapunten nalika piyambakipun ndherekaken sang prabu ing Aram manembah ing papan pamujanipun dewa rimon. Punika boten ateges piyambakipun manembah ugi dhateng dewa rimon, nanging namung nindakaken tanggeljawabipun minangka punggawa. Kangge nedahaken kapitadosan lan raos sokuripun, Senapati Naaman mbekta wangsul siti samomotaning bihal sarakit kangge caos kurban obaran lan kurban sembelehan dhateng Sang Yehuwah ing papan dunungipun.
Tumraping tiyang pitados, kapitadosan lan raos sokur dhateng Gusti Allah mesthinipun tansah dipun wujudaken ing gesang padintenan. Eman bilih punika taksih awis-awis katindakaken, bokmenawi awit kirang saged ngraosaken bilih sadaya ingkang katampi lan karaosaken ing sakuruting gesang punika bab ingkang limrah. Tiyang pitados prelu langkung titen saktemah saged ngrumaosi bilih ingkang kelampahan punika boten bab limrah, nanging Gusti Allah ingkang tansah campur-asta ndhatengaken kasaenan ing gesangipun. |*GPY
