+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Minggu, 12 Oktober 2025 Minggu Limrah

II Para Raja 5:1-3,7-15c; Jabur 111; II Timoteus 2:8-15; Lukas 17:11-19

NGREKAOS NGASORAKEN DHIRI

Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup kaping pitu

ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah mau, …”

(II Para Raja 5:14a)

Amarga ora mung Trisno sing kena Demam Berdarah, mula PUSKESMAS nindakake fogging. Pancen pak Wiryo sakbrayat ngrekasa amarga omah sakisine dadi mambu obat kabeh. Nanging iku mau pamrihe supaya nyamuk kang nggawa memala dadi lan matine. Eman dene isih ana sawenehe warga sing ora kepranan yen omahe disemprot. Kahanan sing kaya mangkene ora mung mbebayani tumrape sakisine omah iku wae, nanging uga tangga-teparone. Weruh sing kaya mangkono iku, pak Wiryo mung bisa ngunjukake pandonga; nyenyuwun panganthi lan pangayomaning Allah.

Senapati Naaman punika tentindhing wadyabala Aram ingkang pinunjul lan nggadhahi kalenggahan inggil. Mila piyambakipun rumaos kaasoraken dening nabi Elisa nalika dhinawuhan siram ngantos ambal kaping pitu ing bengawan Yarden. Sang Naaman kanthi duka nedya enggal wangsul dhateng Aram. Nanging saksampunipun kaerih-erih dening para punggawanipun, Sang Naaman purun nglampahi dhawuhipun nabi Elisa. Nalika purun ngasoraken dhiri, Sang Naaman nampi berkahing Allah; sanalika saras saking memala saraat.

Nandhang sakit punika boten sakeca. Nanging emanipun tiyang asring boten purun ngasoraken dhiri kangge njagi kasarasaning badan utawi nglampahi usada kangge ngudi pulihing kasarasan. Wonten tiyang ingkang nggadhahi pamanggih pung-nak, pung-na; mumpung enak-mumpung ana. Tiyang-tiyang punika boten njagi dhiri sinaosa mangretos bilih piyambakipun saged ketaman sesakit saking tetedhan ingkang saweg dipun rahabi. Wonten ugi tiyang ingkang mbokbilih ajrih utawi aras-arasen; sae kangge nedha obat, priksan dhateng PUSKESMAS utawi nglampahi terapi kangge ngudi kesarasan. Sumangga sinau saking Senapati Naaman ingkang purun ngrekaos ngasoraken dhiri kangge ngudi kasarasan kanthi mancekaken wekdal nindakaken olahraga, wicaksana anggenipun nedha lan ngunjuk, nedha obat kanthi rutin lan enggal manggihi juru-medis nalika ngraosaken badanipun saweg kirang sakeca. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *