+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 11 Oktober 2025 Minggu Limrah

Wilangan 12:1-15; Jabur 111; Lukas 5:12-16

GUSTI ALLAH KARSA NYARASAKEN

Gusti nuli mulung astane, ndemek wong mau kalawan ngandika:

“Aku karsa, birata najismu! Sanalika iku uga lelarane budhug sirna”

(Lukas 5:13)

Wis telung dina anggone Trisno opname ana Rumah Sakit amarga kena lelara Demam Berdarah. Trisno ngangluh marang bapake: “Pak, napa kula kados mekaten punika awit dosa nalika boten mbangun-turut dhateng bapak?” Karo mesem, pak Wiryo mangsuli karo mesem: “Ngger, sing baku kowe lara iku merga ketularan rikala dolanan karo kanca-kancamu ngoyak layangan pedhot nganti tekan kebonan. Dene menawa dianggep pinangka wohing dosamu merga ora manut bapak, kuwi tuwuh saka rasa pracayamu marang Gusti Allah. Pancen Gusti Allah kwasa ngganjar lelara; nanging Panjenengane uga kwaos nyarasake umate saka sakehing lelara. Luwih becik saiki kowe ndedonga nyuwun berkah kasarasan saka Gusti Allah!”

Miryam lan Harun nampi bebendu saking Gusti Allah awujud memala saraat awit meri dhateng nabi Musa. Nalika emut dhateng cariyosipun Korakh, Datan, Abiram dalah sakbrayatipun ingkang dipun untal dening bumi urip-uripan awit mbalela dhateng nabi Musa (Wilangan 16), ingkang katamakaken dhateng ibu Miryam lan imam Harun punika taksih kapetang entheng awit Gusti Allah taksih karsa nyarasaken lan nampi kekalihipun malih.

Wonten titi-wancinipun Gusti Allah namakaken memala, nanging ugi wonten titi-wancipun Gusti Allah nyarasaken memala. Kacariyos Gusti Yesus ugi karsa nyarasaken tiyang ingkang ketaman budhugen. Nalika semanten sesakit ingkang kados mekaten kaanggep minangka bebendu saking Gusti Allah karana awrating dosa lan panerak ingkang katindakaken. Mila punika ingkang damel tiyang punika munjuk; “Gusti, menawi Paduka karsa, tamtu saged birat najis kawula.” Dados piyambakipun pitados bilih ingkang njalari piyambakipun mantun punika sanes awit saking dayaning tamba, nanging awit saking karsaning Allah. Mila nalika ketaman sesakit, prekawis utawi momotaning gesang; sumangga enggal nyuwun pitulunganipun Gusti Allah. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *