Wilangan 4:34-5:4; Jabur 111; II Timoteus 2:1-7
MBAGI WEKDAL TEMAH PRAYOGI
“Prajurit kang lagi perang iku ora mraduli marang prakara-prakara
kang gegayutan karo panguripane…”
(II Timoteus 2:4a)
Trisno karo mbakyune sing biasane ngrewangi bu Minal asah-asah lan resik-resik meja makan, sore iki langsung mlebu kamar. Tanggung jawabe bocah loro kuwi diayahi pak Wiryo. Bengine, pak Wiryo ora mirsani kethoprak sing dadi klangenane. TV sengaja ora disetel lan radio ora muni. Omah iku sepi nyenyet. “Bocah-bocah besuk ngadhepi mid-semester, pak. Mula kareben padha temen sinau. Saiki wayahe awake dhewe ndedonga, nyenyuwun supaya Gusti Allah kersa nganthi lan maringi kasil sing prayoga”. Mangkono pangandikane bu Minal.
Gusti Allah netepaken bilih tiyang Lewi nindakaken ayahan peladosan ing Tarub Pasewakan. Awit turunipun Lewi punika kathah, mila kedah katata supados boten wor-suh lan tundhanipun peladosan boten saged katindakaken kanthi prayogi. Pancen peladosan mbetahaken katelatosan, boten saged katindakaken namung minangka samben utawi malah kangge rebatan pados pangalem. Patrap ingkang nengenaken watak kamanungsan ingkang kados mekaten boten dados karenaning Allah. Mila dhateng Timoteus, Rasul Paulus ugi ngemutaken supados sampun ngantos kaceneng dening babagan kabetahaning gesang nalika ngayahi peladosan kagem Gusti Allah.
Boten ateges para peladosipun Gusti Allah boten migatosaken kabetahaning gesangipun piyambak punapa dene brayatipun. Sepisan; sadaya pandherekipun Sang Kristus nampi timbalan peladosan mila sadaya ugi sinebat minangka pelados. Kaping kalih, ayahan peladosan boten ateges boten nggadhahi panyambut damel sanesipun kangge nyekapi kabetahaning kajasmanen tumrap dhiri pribadi punapa dene brayatipun. Kepara peladosipun Gusti Allah nggadhahi tanggel jawab temen anggenipun nindakaken ayahanipun. Mila ingkang dipun betahaken punika namung mbagi wekdal supados boten wor-suh saktemah sadaya ayahan saged katindakaken kanthi temen lan tundhanipun sadaya sami ndhatengaken kasil ingkang prayogi kangge dhiri pribadhi, brayat, sesami lan ndadosaken kaluhuran asmanipun Gusti Allah. |*GPY
