+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 22 Oktober 2025 Minggu Limrah

I Samuel 25:36-42; Jabur 57; Lukas 22:39-46

KAWIWITAN KANTHI PANDONGA

Padha nyenyuwuna, supaya aja nganti klebu ing panggodha”

(Lukas 22:40b)

Trisno isah-isah karo ndedonga sakjrone ati; nyenyuwun Gusti Allah paring sabar awit ing saksisih dheweke pengin dolanan karo kanca-kancane nanging ing sisih liyane, dheweke uga pengin ngenthengake gaweyane ibune. Srengenge sing maune padhang sumunar dumadakan mbleret kaling-kalingan mega. Ora suwe, kahanan dadi udan prahara lan bledheg sesamberan. Trisno mbayangake yen sida mangkat pit-pitan, dheweke mesthi klebus. Neng sakjrone ati, dheweke caos sokur marang Gusti Allah dene sanadyan mrengut nandangi gaweyan isah-isahan nanging dheweke bisa neng jero omah nalika udan deres lan bledheg sesamberan.

Pancen boten gampil tetep sabar ngadhepi kasunyataning gesang ingkang beda kaliyan pangangen-angen, langkung-langkung menawi kedah ngadhepi bebaya. Gamaning manungsa namung pangrehing Allah ingkang ndayani manungsa unggul saking bebaya lan uwal saking tumindak ingkang cengkah kaliyan karsaning Allah. Gusti Yesus piyambak ugi nate ngadhepi kawontenan punika. Wonten patamanan Getsemane ing dalu ndungkap kacepeng, Gusti Yesus ndedonga nyuwun pitedahing Sang Rama. Malaekat ngatingal ing langit nyantosakaken Gusti Yesus ingkang saweg ngestokaken dhawuhipun Sang Rama, labuh nyawa murih kawilujenganing jagad.

Tiyang boten saged kanthi otomatis sumarah lan tresna dhateng Allah. Kedah wonten proses ingkang kedah dipun adhepi. Sinaosa awrat, nanging kedah dipun lampahi supados saged kabangun dados pribadhi ingkang teteg netepi dhawuhing Allah. Proses punika kawiwitan saking mbangun sesambetan ingkang rumaket kaliyan Gusti Allah; inggih punika lumantar pandonga. Nadyan sepele, nanging pandonga punika wigati awit damel manungsa saged ngaturaken sadaya panguneg-uneg ingkang saweg karaosaken dhateng Gusti Allah saktemah pikantuk kakiyatan lan panglipuran. Kawiwitan kanthi ndedonga, manungsa mbangun pakulinan rumaket lan mbangun turut dhateng Gusti Allah sumbering gesang, berkah lan pitulungan. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *