+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 9 Desember 2025 Minggu Adven II

Yesaya 41:14-20; Jabur 21; Rum 15:4-13

RUKUN

“Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur,

kersaa maringi karukunan marang kowe, kaya kang dikersakake

dening Sang Kristus Yesus”

(Rum 15 : 5)

Wonten satunggaling piwucal, “Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa“. Piwucal punika paring pepenget bilih padudon (boten rukun) ingkang arupi punapa kemawon, badhe ndhatengaken karisakan lan damel kendho sesambetan ing antawisipun tiyang. Kosok wangsulipun karukunan badhe dhatengaken katentreman lan dadosaken gesang sesarengan sangsaya santosa.

Saben tiyang temtu nggadahi pepenginan supados gesangipun punika ayem lan tentrem. Dene kangge mujudaken kawontenaning gesang ingkang kados mekaten kedah dipun udi lampahing gesang salebeting karukunan.  Tata gesang ingkang boten wonten regejan, boten sami cecongkrahan.

Waosan kita wekdal punika mujudaken pepemut saking Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing kitha Rum supados pasamuwan sami ngudi gesang ing salebeting kerukunan. Dene kangge mujudaken kerukunan punika pancen boten gampil, awit gesang kita taksih kagubel dening raos srei, melik lan raos gumunggung  ingkang sedaya punika saged nuwuhaken padudan lan regejegan.

Awit saking punika mangga kabucala raos gumunggung, srei, punapa dene melik dumateng liyan lan sampun ngantos nyimpen rasa sengit dumateng mitra kadang lan sinten kemawon  sesami kita. Langkung-langkung ing satengahimg gesang masamuwan, kerukunan punika kedah saged kawarna awit Sang Kristus punika dados punjering karukunan, ingkang sampun ngrukunaken manungsa kaliyan Allah Sang Rama. Mulihaken sesambetaning manungsa kaliyan Gusti Allah satemah panebusing dosa saged saged kalampahan lan tiyang ingkang pitados sami kaparingan kawilujengan. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *