+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 8 Desember 2025 Minggu Adven II

Yesaya 24:1-16a; Jabur 21; 1 Tesalonika 4;1-12

TUMEMEN

“Wasana, para sadulur, panjaluk lan pangatagku kabeh marang kowe

ana ing patunggilane Gusti Yesus : kowe wis padha krungu saka aku,

kepriye kudune lakumu supaya ndadekake keparenge Gusti Allah. Bab iku

pancen wus padha katindakake , ewaosemana prayogane kowe sayaa

luwih tumemen anggonmu padha tumindak mangkono”

(I Tesalonika 4:1)

Wonten satunggaling lare ingkang wiwit alit namung gesang kaliyan biyungipun awit ramanipun sampun tilar donya nalika lindhu ageng ing taun 2006 kepengker. Gesangipun kesrakat awit biyungipun boten nggadhah pedamelan ingkang gumathok. Awit nggadhahi tekad ingkang kiyat lan tumemen anggenipun mbudi daya, lare punika binerkahan dening Gusti lan pungkasanipun saged ngraosaken gesang ingkang mukti.

Rasul Paulus ngemutaken dhateng pasamuwan ing Korinta supados nggadhahi sesambetan ingkang leres kaliyan Gusti Allah srana sami tumemen anggenipun ngudi tata gesang ingkang damel renaning penggalihipun Gusti Allah. Tembung tumemen punika ateges: sregep, boten setengah-setengah (boten suam-suam kuku). Lajeng kados pundi wujuding mbangun sesambetan  ingkang leres kaliyan Gusti punika? Ing ayat candhakipun dipun serat inggih punika kanthi njagi gesang suci, nyingkiri lampah jina, lan ngudi gesang ingkang migunani tumraping ngasanes. Kanthi mekaten gesang kita saged dados keparengipun Gusti Allah.

Sumangga sami nitipriksa dhateng dhiri kita piyambak -piyambak, punapa kita sampun dados abdi ingkang tumemen kadosdene pasamuwan ing Tesalonika? Punapa malah kosok wangsulipun? Sumangga kita mbangun sesambetan ingkang leres kaliyan Gusti Allah srana tumemen anggen kita ngudi gesang ingkang suci. Temahan gesang kita tansah binerkahan dening Gusti Allah lan saged dados berkah tumraping sesami. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *