+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 7 Desember 2025 Minggu Adven II

Yesaya 11:1-10; Jabur 72:1-7;18-19; Rum 15:4-11; Mateus 3:1-12

WOHING PAMRATOBAT

“Yen mangkono, padha metokna woh kang sembada marang pamratobat”

(Mateus 3:8)

Kita temtu nate mireng pitembungan, ”Gajah diblangkoni, isa kojah ning ora isa nglakoni.” Pitembungan punika ugi asring dipun plesetaken, “bisa kotbah ning ora  bisa nglakoni.” Tembung punika ngemu teges limrahipun tiyang punika gampil menawi paring pangandikan, paring pitutur, paring sesuluh, paring dhawuh lan iguh. Ananging kathah tiyang ingkang boten saged nglampahi kados ingkang dipun ngendikakaken. 

Waosan kita wekdal punika nyariosaken Nabi Yokanan Pambaptis ingkang kautus supados nyawisaken margi kangge rawuhipun Gusti Yesus. Nabi Yokanan kautus kangge ngemutaken bangsa Israel supados sami mratobat. Mratobat punika satunggaling patrap utawi lampah gesang ingkang cundhuk utawi laras kaliyan kersanipun Gusti. Mratobat punika nilar pandamel awon lan mblasar. Langkung saking punika mratobat punika boten namung mandeg ing pangucap ananging kedah kawujudaken wonten ing lampahing gesang.  Patrap lan tata gesang lami ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti kedah dipun tilaraken lan samangke lumebet wonten ing gesang anyar laras kaliyan kersanipun Gusti.

Wit pisang punika namung awoh kaping sepisan, namung menawi wohipun punika sae lan eco raosipun, temtu awis reginipun lan dipun remeni dening tiyang kathah. Gesang kita inggih namung sepisan pramila sumangga kanthi wekdal ingkang winates punika kita lampahi gesang ing salebeting pamratobat. Nilar gesang lami ingkang kebak dosa lajeng ngrasuk gesang anyar temahan gesang kita punika saged ngasilaken woh ingkang sae, saged dados berkah tumraping sesami lan ndadosaken Asmanipun Gusti kaluhuraken.|*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *