+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 4 Desember 2025 Minggu Adven I

Yesaya 4: 2-6; Jabur 72:1-7,18-19; Lelakone Para Rasul 1:12-17;21-26

ADIL

Dhuh Allah, Sang Prabu mugi Paduka angger-angger Paduka

sarta kaadilan Paduka dhateng Sang Raja -putra.”

(Jabur 72 : 1)

Nalikanipun Pamarentah Indonesia paring kawigatosan dhateng masyararat lumantar program BLT (Bantuan Langsung Tunai), mesthi kemawon damel bingah kanggening tiyang-tiyang ingkang nampi bantuan punika. Ananging tumrap tiyang-tiyang ingkang boten nampi, perkawis punika saged nuwuhaken raos kuciwa awit rumaos boten dipun gatosaken dening pamarentah. Pramila lajeng sami nggadahi pamanggih menawi pamarentah punika tumindak boten adil dhateng masyarakat. Kamangka punapa ingkang dipun wastani adil punika kedah sami? Kamangka kawontenaning masyarakat punika mboten sami.  

Waosan kita wekdal punika nelakaken pandonga ingkang mijil saking manahipun Prabu Sulaiman. Piyambakipun nyenyuwun dhumateng Gusti Allah supados kaparingan kawicaksanan temahan saged nindakaken jejibahan minangka pamimpining negari. Kanthi mekaten prabu Sulaiman saged paring kaadilan dhateng tiyang kesrakat, paring pitulungan dhateng tiyang mlarat saha numpes tiyang ingkang nganiaya.

Kaadilan dipun betahaken dening sedaya manungsa ing saindhenging bawana. Lajeng sinten ingkang saged mbabar kaadilan punika? Punapa namung Raja? Pangarsaning nagari? Kedahipun boten mekaten. Sinten kemawon kedah saged tumindak adil dhumateng sesamininipun. Lajeng kados pundi wujuding tumindak adil dateng sesami punika? Srana purun paring kawigatosan dumateng tiyang ingkang nembe wonten ing satengahing panadhang, tiyang ingkang gesangipun kecingkrangan, tiyang ingkang katindhes, kasingkiraken dening sesaminipun. Sumangga kita nuwuhaken tekad kangge mbabar kaadilan, supados tentrem rayahu tansah karaosaken wonten satengahing gesang kita. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *