Rut 1: 6-18; Jabur 146:5-10; II Petrus 3:1-10
PILIHAN
“Nanging ature Rut: Kula sampun penjenangan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten dherek panjenengan, awit dhatenga pundhi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe dherekake” (Rut 1:16a)
Wonten tetembungan, “Gesang punika pilihan,” ingkang tegesipun, salamining tiyang gesang badhe tansah aben ajeng kaliyan pilihan-pilihan. Sedaya pilihan ingkang dipun tetepaken punika tamtunipun mbekta konsekwensi (perkawis ingkang tuwuh awit pilihan punika) sae ingkang ngremenaken punapa dene ingkang mrihatosaken.
Kados lelampahanipun Rut, putra mantunipun Naomi, ingkang sampun netepaken pilihan kangge gesang sesarengan kaliyan Naomi. Gesang ndherek tiyang sanes punapa malih nderek mara sepuh punika sanes prekawis ingkang gampil. Kedah samidene saged momong lan njagi raos pangraosing manah. Saestunipun Naomi ugi paring kelonggaran dhateng Rut, menawi badhe nilaraken Naomi, piyambakipun boten kawratan. Ananging Rut milih tetep ndherek ibu marasepuh ingkang dipun tresnani, ing sadhengah kawontenan.
Temtu kita ugi asring dipun abenajengaken kaliyan pilihan-pilihan ingkang kedah dipun penggalih kanthi lebet awit nggadahi konsekwensi ingkang awrat. Tuladhanipun nalika badhe emah-emah, sampun rumaos manteb dereng, sampun cekap dereng anggen kita cecawis kangge kabetahan punika, lan sapiturutipun. Lajeng sasampunipun kelampahan nenikahan punapa kemawon perkawis ingkang wonten inggih kedah dipun tampi lan dipun lampahi kanthi suka bingah awit punika sampun dados pilihan kita.
Ndherek Gusti Yesus punika mujudaken pilihan kita, badhea rumpil marginipun, kathah pepalangipun, kedah kita tampi lan lampahi kanthi madep manteb. Sampun ngantos nglokro lan tetep sigrak nadyan panandhang lan panggodha nempuh ing gesang kita. Awit kita punika umat tebusanipun Gusti, ingkang sampun cinadhangan makuthaning gesang. Sumangga nuladha Rut ingkang setya tuhu dumateng pilihanipun. |*YS
