Yesaya 29:17-24; Jabur 42; Lelakone Para Rasul 5:12-16
NGAREP- AREPA MARANG GUSTI
“Ngarep-ngarepa marang Gusti Allah!
Awit panjenengane dak puji maneh”
(Jabur 42:12b)
“Esuk dele sore tempe“ punika tembung ingkang dipun ginakaken kangge nggambaraken tiyang ingkang mencla-mencle, boten saged dipun cepeng (dipun pitadosi) tembungipun, utawi tiyang ingkang asring blenjani janji. Limrahipun tiyang gampil sanget kangge blenjani janjinipun, sae punika amargi kesupen utawi kanthi sengaja blenjani janjinipun.
Awit saking punika Juru Masmur paring pepenget supados kita sampun ngantos ngandelaken manungsa. Juru Masmur ngandharaken bilih namung Gusti Allah ingkang saged dipun andelaken. Panjenenganipun boten nate lirwa dhateng prasetyanipun. Panjenenganipun Maha Kuwaos lan kebak ing katresnan. Prasetya kangge paring kawilujengan saha ngluwari manungsa saking dosa, sampun kalampahan wonten ing Sang Kristus Yesus, ingkang sampun nandhang sangsara, sinalib seda lajeng wungu malih. Juru Mazmur nitik lan ngraosaken panganthi, pangreksanipun Gusti ingkang dhatan kendhat kababar ing gesangipun. Awit saking pangraosipun punika pramila Juru Mazmur namung kapang dhumateng Gusti Allah ingkang tansah netepi prasetyanipun.
Menawi kita ngandelaken manungsa, kita badhe pinanggih raos kuciwa. Bab punika amargi kawontenaning manungsa ingkang winates pramila manungsa asring mblenjani utawi kesupen dhateng janjinipun. Ananging benten kaliyan Gusti Allah ingkang tansah setya dhumateng prasetyanipun. Panjenenganipun tansah makarya ing wekdal ingkang ngremenaken punapa dene ing wekdal ingkang kirang ngremenaken. Awit saking punika sumangga namung tansah ngandelaken pitulunganipun Gusti Allah wonten ing sauruting gesang kita. |*YS
