Yesaya 62:1-9; Jabur 20; II Korinta 4:16-18
SEMPLAH
“Marga saka iku aku ora rumangsa semplah,malah sanadyan ta
kamanungsanku kang lair sansaya rusak, nanging kamanungsanku
kang batin kaanyarake saben dina”
(II Korinta 4: 16)
Kita sami temtu nate ngraosaken semplah nalika ngadepi kasunyataning gesang ingkang beda kaliyan pangajeng-ajeng kita. Pantun ingkang sekedap malih panen malah kenging wereng temahan asilipun awon. Bikak warung sepen arang ingkang tumbas pungkasanipun kedah tutup. Lare mboten saged tumut tes awit dereng nglunasi SPP lan sapiturutipun. Satengahing kawontenan ingkang kados mekaten punika punapa ingkang saged kita tindakaken?
Waosan kita wekdal punika nyariosaken peseksinipun Rasul Paulus dhateng Pasamuwan ing kitha Korintus. Rasul Paulus nglenggana bilih wekdal samangke yuswanipun sampun sepuh lan satata lair sampun ringkih, “kamanungsanku satata lair sansaya rusak nanging kamanugsanku kang batin sansaya kaanyarake saben dina.” Tegesipun nadyan ta raganipun sampun suda kekiyatanipun, nanging kapitadosanipun tansah kaanyaraken. Rasul Paulus nitik lan tansah nglenggana bilih kebabaring katresnanipun Gusti saben dinten tansah karaosaken ing gesangipun.
Kathah berkah ingkang sampun tinampi ing tahun 2025, siaosa ugi kathah pangajeng-ajeng ingkang dereng kasembadan. Lare-lare wonten ingkang dereng mentas pasinaosipun, ugi dereng mapan ing gesangipun. Usaha ingkang dereng saged kasil kados ingkang dados kekudanganipun. Namung kita pitados senadyan yuswa sampun sansaya sepuh lan kekiyatan sansaya suda, Gusti Allah tansah paring kawigatosan dumateng kita ingkang tansah setya tuhu. Langkung saking punika Gusti mesthi nganyaraken kapitadosan kita. Kalih dinten malih kita nilar tahun 2025 lan badhe tumapak ing warsa 2026. Sampun ngantos semplah awit Gusti nuntun ing sauruting lampah. |*YS
