Yesaya 61:1-7; Jabur 19; Rum 7:1-6 KAMARDIKANING GESANG KANG SEJATI “…awit kita wus padha mati tumrap kang maune ngunjara kita, satemah saiki kita leladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh…” (Rum 7:6) Gesang ing salebetipun angger-angger (Toret), ateges enering gesang, lampah lan pandamel mligi netepi pratelaning angger-angger. Kenging punapa makaten, kados pundi, punapa wigatosipun, boten perlu dipun penggalih. Jer angger-angger punika namung saged dipun tetepi punapa badhe dipun terak. Netepi pindha robot tanpa nyawa, nerak ndhatengaken bebendhu. Sedayanipun nyawabi bilahi lan pepejah. Wondene pakaryan kawilujenganipn Gusti Yesus kepareng ngluwari kita saking pepejah lan maringi kawilujengan. Gesang anyar ing salebeting sang Roh Suci. Srana makaten anggen kita gesang mligi awit sih rahmat kawilujenganipun Gusti. Wondene pandamel sae minangka cihnaning pamuji sokur lan panuwun. Ingkang katindakna klawan kamardhikan lan suka bingah. Boten awit kapeksa netepi paugeran ingkang ngunjara kamardikaning gesang Emanipun, murih luwar saking kinunjaraning toret, ngeneraken gesang wonten ing kamardikan ingkang tanpa wates. Satemah sangsaya kathah tiyang ingkang ngupadi bebas srana perangan ingkang tanpa wewaton. Remen omben-omben ngantos mabuk. Remen dhateng candu lan narkoba. Nguja kanikmataning gesang srana abyor ing “gemerlap dunia malam”. Kamardhikan ingkang ngemu perangan, “sakremenipun, sasekecanipun awakipun piyambak”. Tan duga bilih punika sedaya saged kemawon njalari manugsa kinunjara ing dosa; lan nyawabi pepejah. Punapa kelampahan Gusti Yesus kasalibaken lan pejah malih murih kita linuwaran malih? Boten. Sampun wekdalipun gesang ing salebeting sih rahmat kinanthenan gesang ing salebeting pamratobat. Awit inggih srana pamratobat punika, gesang kita tansah kaenggalaken lan kasampurnakaken. Gesang miturut tata gesang anyar kados ingkang sampun kaprasetyakaken Gusti. “…awit kita wus padha mati tumrap kang maune ngunjara kita, satemah saiki kita leladi ana ing kaanan kang anyar, manut ing Roh…” (Rum 7:6) Mugi Sang Roh Suci tansah mitulungi mujudaken gesang ing salebeting kamardhikan ingkang sejati. |*AJ
Rebo, 22 Januari 2025 Minggu Limrah
Mustikaning Kidung 4:9-5:1; Jabur 145; Lukas 5:33-39 NEPAKAKEN GESANG “Apa bisa para mitraning panganten lanang dikon pasa, sajroning pangantene isih ana?” (Lukas 5:34) Nampeni sih rahmat kawilujenganipun Gusti Allah wonten ing Gusti Yesus, saestu perkawis ingkang mirunggan lan pangaji sanget. Mirunggan; inggih awit pakaryaning kawilujengan ingkang kebabar kagem jagad kepareng murugi lan nimbali, miji lan netepaken kawula minangka umatipun. Pangaji; inggih awit sih rahmat kawilujengan linambaran rah lan pangurbananipun Gusti Yesus. Srana nandhang sangsara, sinalib seda lan wungunipun ing antawisipun tiyang pejah. Mila saking punika, sampun samesthinipun kawula sedaya ngaturaken panuwun sokur ingkang tanpa pepindhan wonten ngarsanipun. Panuwun sokur ingkang kebabar wonten ing peranganing gesang ingkang sregep ing pandamel, tumemen lan kebaking pangajeng-ajeng. Gesang ingkang tansah mujudaken Gusti Yesus ing pamanggih, pangandika lan pandamel ing gesang saben dintenipun. Punika ingkang dipun wastani ngriyadinaken gesang (merayakan hidup). Ngriyadinaken gesang ingkang dipun gambaraken wonten ing kabingahaning pandherekipun temanten jaler ing satengahing pawiwahan. Kambi kembul dhahar, kekidungan lan mbok menawi lajeng sami jejogedan. Saiba emanipun, nalika ing salebeting kabingahan, wonten mitranipun ingkang kendel lan mbegegek kemawon, sinartan pasuryan ingkang nyureng, boten wonten esemipun babar pisan. Jalaran saweg siyam. Sinaosa makaten wekdal pinanganten kakung mengker, wonten wekdalipun anggenipun siyam. Inggih punika nalikanipun manten kakung kapethal; njalari kawulanipun piyambakan. Wekdal piyambakan; kaparingan wengan ngraos-raosaken sedaya peranganing gesang ingkang kelampahan. Niti priksa pundi peranganing gesang ing kalepetan ing dosa; lajeng mratobat. Siyam minangka wekdal nelakan patunggilaning manungsa lan Gusti ing pandonga. Nuwuhaken daya kekiyatan anggenipun nglajengaken pambudidaya mbabaraken Injil kratoning Allah. Mugi kita sami kasagedaken nepakaken gesang miturut kawontenan lan kabetahan. Wonten wekdalipun mbudidaya, wonten wekdalipun siyam. |*AJ
Slasa, 21 Januari 2025 Minggu Limrah
Musthikaning Kidung 4:1-8; Jabur 145; 1 Korinta 1:3-17 DADOS SATUNGGAL “kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.” (1 Korinta 1:10b) Wulang Bebasan 30:25 nelakaken makaten: “semut iku golongan kang ora rosa, nanging sasuwene mangsa panas padha tandho pangan”. Memper menawi kita mrangguli kumpulaning semut, saged dipun pesthekaken menawi saweg sami ngupadhi tedha. Lan elokipun, anggenipun sami mbekta lan ngempalaken tedha, perangan ingkang dipun bekta punika matikel-tikel agengipun tinimbang dedegipun semut punika piyambak. Murih sagedipun, semut-semut punika kedah gotong royong; nyambut damel sareng-sareng. Awit menawi piyambakan kemawon, tangeh lamun kelampahanipun. Punapa ingkang katindakaken dening semut-semut punika dados piwulang sae tumraping pasamuwanipun Gusti anggenipun ngudi patunggilaning sariranipun Gusti. Sanajan satunggal lan sanesipun punika boten sami; wonten padaran, pikiran, suku, asta, tutug lan sapiturutipun, nggadahi satunggal ancas anggenipun nglestantunaken gesang. Tuladha: Padaran kraos luwe, pikiran nemtokaken; badhe masak utawi tumbas, sukunipun jumangkah, astanipun obah, lan tutukipun mamah. Punika ingkang dipun wastani saiyeg, rukun-rumaket, tunggal budi lan pangrasa. Boten wonten gegelitaning gesang punika ingkang nengenaken kepentinganipun awakipun piyambak. Jer menawi makaten, satunggal lan sanesipun sami tempuk lan tubrukan. Njalari gesangipun sangsaya ringkih. Ingkang dados kawigatosan inggih punika: Kados pundi murih sagedipun sami nyatunggil? Boten sanes inggih punika katunggilaken wonten ing pakaryan kawilujenganipun Gusti Allah Sang Rama, wonten ing Gusti Yesus Sang Putra, lan panuntuning kawilujengan inggih punika Sang Roh Suci. Kados dene Allah Rama, Sang Putra, Sang Roh Suci ingkang manunggal makaten ugi gesangipun umat kedah nyatunggil. Cundhuk kaliyan pandonganipun Gusti “supados sadayanipun sami dadosa satunggal kadosdene Paduka, dhuh Rama, wonten ing Kawula, sarta Kawula wonten ing Paduka, supados inggih sami dadosa satunggal” (Yok. 17:21). Amin. |*AJ
Senen, 20 Januari 2025 Minggu Limrah
Yesaya 54:1-8; Jabur 145; Rum 12:19-21 PIWALES; WEWENANGIPUN GUSTI “Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesake” (Rum 12:19) Perangan ing tata politik ingkang viral lan dereng rampung wekasanipun, inggih punika ipat-ipatipun Ahok. Jlentrehipun makaten, nalika nyalon dados Gubernur DKI, Pak Ahok kadakwa nyenyamah agami Islam awit tafsir Almaida 51 ingkang dados regejegan/pro-kontra. Sanajan kathah ingkang paring paseksi bilih Pak Ahok punika boten lepat, pangadilan ndawahaken putusan kalih tahun kinunjara. Lan wonten ing pangadilan punika piyambakipun supata menawa sedaya tiyang ingkang mengsahi lan nidhes piyambakipun, Gusti badhe adamel wirang setunggal mbaka satunggal. Ndilalah satunggal mbaka satunggal tiyang ingkang dados mengsahipun sami kawirangan. Wonten sakit lajeng pejah punapa dene nampi perkawising gesang ingkang awrat. Kagubel ing perkawis, kajiret ing korupsi lan sapiturutipun. Srana kelampahanipun “Ipat-ipatipun Ahok” punika kados-kados ngleresaken bilih “Doa orang teraniaya besar kuasanya”. Pratelan punika kados-kados ngleresaken bilih umatipun Gusti punika kepareng dongaken awon tumrap para-para ingkang sami mengsahi. Pratelan punika sanyata cengkah kaliyan angger-angger katresanan ingkang dipun dhawuhipun Gusti. “Balik manawa satrumu kaluwen, wenehana mangan; yen ngelak, wenehana ngombe. Sabab kanthi patrap mangkono iku, kowe prasasat numplek mawa ana ing sirahe. Kowe aja nganti dikalahake dening piala, malah piala iku kalahna sarana kabecikan.” (Rum 12:20-21). Awit saking makaten, boten samesthinipun pandherekipun Gusti Yesus punika ngipat-ipati, nyupatani lan dongakaken awon menggahing sinten kemawon. Punapa malih para-para ingkang sami nggethingi lan mengsahi kita. Menawi kaleresan kok perangan ingkang awon kelampahan tumraping para-para ingkang nggethingi lan mengsahi kita, punika sedaya awit Gusti Allah piyambak. Wewenangipun Gusti Allah piyambak. Lan ugi dados kekeranipun Gusti Allah piyambak. Sampun ngantos sami ngunandika: “Sokur, rasakna! Marga kuwalat karo aku!”. |*AJ
Ahad, 19 Januari 2025 Minggu Limrah
Yesaya 62:1-5; Jabur 36:5-10; 1 Korinta 12:1-11; Yokanan 2:1-11 DAMEL KAELOKAN “Apa sadhawuhe marang kowe padha lakonana.” (Yokanan 2:5b) Rikala kapengker wonten acara reality show ingkang nggiyaraken kasudibyanipun manungsa anggenipun nindakaken kaelokan. Kaelokan-kaelokan ingkang boten saged katindakna dening salimrahipun manungsa. Olah kanuragan temahan boten tedhas tapak paluning pande. Olah pikir utawi mentalis temahan saged meca perangan ingkang badhe kelampahan. Hipnotis ingkang saged nelukaken tiyang bangun turut punapa kemawon ingkang kadhawuhaken. Saestunipun kaelokan ingkang pangaji boten ngemungaken saged nindakaken perangan ingkang boten saged katindakaken dening asanes. Ananging sepinten kaelokan punika migunani lan sae tumraping pagesangan. Wonten ing waosan dinten punika, Gusti Yesus ugi adamel kaelokan inggih punika ngewahi toya dados anggur. Kaelokan punika boten ujug-ujug kelampahan, ananging wonten cak-cakanipun. Boten ugi awit kirang pedamelan punapa dene iseng kemawon. Wiwitanipn wonten manten ing Kana kamongko katelasan ing anggur. Lajeng tuwuhipun raos sih piwlas ing manahipun kang ibunipun Gusti Yesus. Mekaten ugi raosing kumandelipun para palados anggenipun setya tuhu nindakaken punapa sadhawuhipun Gusti Yesus. Kados ingkang kaserat wonten nas ing nginggil. Sanajan Gusti Yesus sampun nyemanyani kelawan pawadan “dereng dumugi wekdalipun” ananging agengipun sih piwlas kang ibu lan kandelipun kapitadosanipun para pelados nyawabi kebabaring kaelokan. Kamongko saestunipun dereng wanuh Gusti jer kaelokan ing Kana punika minangka kang kawiwitan anggenipun Gusti Yesus adamel kaelokan. Wusana Gusti Yesus inggih ngestokaken srana dhawuh: “Genthonge pada kebakana banyu!” Tumuli iya diiseni nganti kebak. “Saiki cidhuken, lan aturna marang pitayaning gawe!” Banjur kelakon digawa lan dipun incipi sampun dados anggur. Pituwasipun, menawi wonten kawigatosan wonten pangajeng-ajeng lan raosing kumandel ing ngarsanipun Gusti Allah, boten wonten perangan ingkang mokal kelampahan. Sauger kagem kesaenaning asanes lan kaluhuranipun asmanipun Gusti. Mara adamel kaelokan! |*AJ
Setu, 18 Januari 2025 Minggu I Saksampunipun Epifani
Yeremia 4:1-4; Jabur 36:5-10; Lukas 11:14-23 SAESTU INGGIH SANES ORA “Sing sapa ora nyarujuki Aku, iku nglawan marang Aku sarta sing sapa ora melu anggonKu nglumpukake, iku dadi mbuyarake.” (Lukas 11:14) Mbok menawi nate mireng pasambat: “Lho aku ra wis nampa. Aku ora njaluk apa-apa. Aku wis ngalah; ora nate serik apa maneh kepingin males. Wis sakarepe, ora bakal ndak glape. Kok pijer ora kapeneran. Njur aku kudu kepriye?” Padatanipun anggen kita mangsuli nggih cekak aos kemawon, murih boten sangsaya goreh manahipun. “Wis to kang, ditenangna pikirmu, mengko ra nampa pituwase Gusti!”. Tembung ingkang sanyatanipun boten mangsuli panggresahing sederek ing ngajeng. Puji sokur konjuk Gusti wondene Gusti Yesus paring pangandika ingkang saestu dados pambereg anggen kita ngrampungaken perkawising gesang ingkang pinanggih. Makaten, “Sing sapa ora nyarujuki Aku, iku nglawan marang Aku sarta sing sapa ora melu anggonKu nglumpukake, iku dadi mbuyarake” Saestu cetha lan trawaca. Ora nyarujuki ateges nglawan, ora nglumpukake ateges mbuyarake. Klawan tembung sanes, menawi cemeng nggih cemeng, menawi pethak nggih pethak. Boten saged klawu. Wonten kalanipun pethak, wonten kalanipun cemeng. Pramila makaten pandamel ingkang pasif, ora nggagas, ora ngglape, ora papa, lan ora-ora sanesipun menggahing para pitados boten cekap. Samesthinipun aktif; INGGIH. Nggih ndherek, nggih nyarengi, nggih nuladhani, inggih mitulungi, nggih nresnani lan sapiturutipun. Laras kaliyan paugeran ingkang utamanipun Gusti Yesus. “Apa kang kokkarepake tumrap kang tumanduk marang kowe, iku iya tandukna marang wong.” (Lukas 3:11). Murih raosing kumandel wonten ing sang Kristus sageda kebabar klawan nyata, boten wonten perangan sanes ingkang kedah katindakna kejawi nuladha Gusti Kristus; mbabaraken kratoning Allah ing gesang sanyatanipun. Cunduk kaliyan pangandikanipun Gusti: “… martakake kabar becik marang wong-wong miskin; lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun martakake luware para wong kang kinunjara, sarta pulihe pandelenge wong wuta, ngluwari wong-wong kang katindhes, ngundhangake taun kang dadi keparenge Pangeran.” Sanyata inggih! |*AJ
Jemuwah, 17 Januari 2025 Minggu I Saksampunipun Epifani
Yeremia 3:19-25; Jabur 36:5-10 ETUKING GESANG LAN PEPADHANG “Amargi tuking gesang punika wonten ing Paduka; anggen kawula ningali pepadhang namung wonten ing pepadhang Paduka.” (Jabur 36: 10) Pangajining gesang punika boten mapan wonten ing kawontenaning gesang ingkang bingah kemawon utawi sisah kemawon. Boten ngemungaken mapan ing kabegjan kemawon utawi cilaka kemawon. Badhea bingah utawi sisah; begja punapa dene cilaka, nuwuhaken panglenggana bilih jejering manungsa minangka titahipun Gusti Allah punika sarwa ringkih lan winates nanging pikantuk sihipun Gusti. Kala mangsanipun manungsa nampeni kabingahan lan kabegjan, murih sageda ngraosaken pamuji lan panuwun sokur wonten ngarsanipun Gusti. Kala mangsanipun manungsa nampeni kasisahan lan kaapesan, murih tansaha emut lan kumandel ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang nuwuhaken panglipur lan pangajeng-ajeng. Emanipun, kathah ingkang kepareng nampi kabingahan lan kabegjan kemawon lan nyelaki kasisahan lan kaapesan. Tan nduga menawi kabingahan lan kabegjan punika asring milut manungsa anggenipun ngegung-egungaken kekiyatan lan kaluhuranipun piyambak. Sami dene kumalungkung; adigang-adigung-adiguna. Wusana nyenyamah Gusti. Ewadene kasisahan lan kaapesan sami dipun singkur. Inganggep minangka bebendhunipun Gusti. Wusana sami nggugat lan ndakwa bilih Gusti boten tresna. Kamangka kasisahan lan kaapesan punika saged dados sarananipun Gusti Allah anggenipun ndadar umatipun supados tansah pitados lan saged nampi berkahipun. Dhatan pinanggih nalar jer Gusti Allah etuking gesang, lha kok kamitegan, ngendeg gesang lan dhatengaken karisakan saha pepejah. Pramila makaten, ing wekdal kaasoran; panandhang lan kasisahan, tansaha kumandel. Kumandel bilih Gusti piyambak, etuking gesang ingkang kepareng badhe mitulungi lan mberkahi. Sampuna ngantos ngglewar, napa malih murtad, ngudi pepadhang sanesipun. Awit inggih namung Gusti tuking gesang lan pepadhang ingkang sejati. |*AJ
Kemis, 16 Januari 2025 Minggu I Saksampunipun Epifani
Yeremia 3:1-5; Jabur 36:5-10; 1 Korinta 7:1-7 ENDAHING GESANG BEBRAYAN “Kowe aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuke kanggo ing sawatara mangsa, supaya kowe bisa mligekake wektu kanggo ndedonga.” (1 Korinta 7:5a) Ing kawontenanipun gesang ingkang sangsaya rekaos, mliginipun ing babagan ekonomi; kathah brayat ingkang kepeksa nelakaken panyambut damelipun nglangkungi wekdal panyambut damel kados padhatan. Wosipun wiwit sumuruping srengenge ngantos angslupipun, dereng rampung anggenipun nyambut damel. Wusana wekdal kagem brayat sangsaya suda. Mirungganipun sesambetaning semah lan garwa. Memper nalikanipun prei, kathah ingkang sami miji wekdal anggenipun rekreasi murih sesambetaning brayat sageda tansah rumaket lan anget. Sinaosa makaten nalika wekdal kempal punika kelangkung omber, kados kelampahan nalikanipun nedhengipun covid-19 srana Work From Home, boten ndadosaken brayat sangsaya supeket lan rumaket. Raos bosen, raos was lan sumelang, raos ajrih lan semplah ingkang nyarengi lampahing covid-19, njalari brayat sami dene sensitif; gampil kebrongot banjur padudon. Kepara gunggunging brayat ingkang sami pegatan sangsaya ndedel; inggil sanget. Pramila mekaten, ingkang dados under sesabetaning brayat klebet semah-garwa punika sanes asring punapa awis-awis anggenipun sesarengan, ananging langkung utami bobot lan mutunipun anggenipun srawung. Rahayu nalikanipun Rasul Paulus kepareng mrayogekaken murih sesambetanipun semah-garwa punika saestu berkualitas, wonten kalanipun menawi sami cegah-cinegahan. Supados satunggal lan sanesipun wonten wekdal ndedonga. Temtu wonten ing pandonga punika sami kakeparengaken niti priksa kawontenaning sesambetan ingkang sampun kelampahan. Temah pamratobat anggenipun nelakaken jejer minangka semah-garwa ingkang sembada tansaha kebabar. Srana cegah-cinegahan, semah-garwa nampeni kekiyatan; panglipur tuwin pangajeng-ajeng. Temtu punika wonten watesipun, satemah saged “kumpul” malih klawan pangraosing manah ingkang “anyar” satunggal lan sanesipun. Endahing gesang bebrayan! |*AJ
Rebo, 15 Januari 2025 Minggu I Saksampunipun Epifani
Wilangan 27:1-11; Jabur 106:1-12; L. Pr. Rasul 8:18-24; Lukas 11:33-36 DADOSA PEPADHANG “Mulane sing awas, pepadhang kang ana ing kowe iku aja nganti dadi peteng.” (Lukas 11:35) Salah satunggaling timbalaning gesang minangka umatipun Gusti inggih punika dados pepadhang. Pindha lilin, sampun samestinipun papanipun para pitados punika wonten ing jodhog murih sedaya tiyang ingkang sami langkung saged nyawang cahyaning lilin ingkang madhangi sakiwa tengenipun. Menawi cahyaning mblered, melik-melik lajeng pejah, tanpa guna anggenipun disumed. “Mulane sing awas, pepadhang kang ana ing kowe iku aja nganti dadi peteng.” (Lukas 11:35). Emanipun, wonten kemawon umatipun Gusti ingkang samesthinipun dados pepadhang malah gesang ing salebeting pepeteng. Kados ingkang kebabar wonten gesangipun Simon; tiyang ingkang pinunjul ing pasikhiran, ingkang mratobat; nampeni baptis lan dados umatipun Gusti. Nalikanipun rasulipun Gusti Yesus sami nindakaken kaelokan ingkang ngeram-eramaken, awit panguwaosipun Sang Roh Suci, piyambakipun sajak meri lan adreng katedhakan Sang Roh Suci. Sedyanipun sageda ngemperi kasudibyane para rasul anggenipun nindakaken kaelokan. Murih pinanggih sedya piyambakipun keparing atur besel dhumateng Rasul Petrus lan Yokanan. Lajeng disaruwe: “Dhuwitmu kenaa ing rusak bareng karo kowe, amarga kowe ngira, yen kowe bisa tuku peparinging Allah nganggo dhuwit. Kowe ora duwe panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsane Gusti Allah.” (Le. Pr. Rasul 8:18-21) Kados pundi sagedipun dados pepadhang menawi anggenipun ngupadi pepadhang mawi cara ingkang peteng. Mbeseli lan tumindhak boten jujur. Pramila makaten salah satunggaling patrap murih saged dados pepadhang, inggih punika nebihi besel; badhe nampi utawa maringi, lan tumindaka ingkang jujur. Sanajan nampi kalenggahan ingkang luhur; ginayuh klawan besel, wusana lajeng korupsi, tanpa guna anggenipun dados pepadhang. Pramila sepisan malih, “Mulane sing awas, pepadhang kang ana ing kowe iku aja nganti dadi peteng.” Dadosa Pepadhang!|*AJ
Slasa, 14 Januari 2025 Minggu I Saksampunipun Epifani
Para Hakim 5:12-21; Jabur 106:1-12; 1 Yokanan 5:13-21 NGRAOSAKEN BERKAH TUKING PANGANDEL “Dadine kita padha sumurup uga, yen kita wus tampa apa kang kita suwun marang Panjenengane.” (1 Yokanan 5:15b) Anteping kapitadosan wonten ing ngarsanipun Gusti punika gumantung anggenipun sami ngraosaken berkahipun Gusti. Sangsaya luber berkahipun Gusti karaosaken, sangsaya kandel kumandelipun wonten ngarsanipun. Kosok wangsulipun sangsaya berkahipun karaos sepi mamring, sangsaya tipis kumandelipun ing ngarsanipun. Kamangka saestunipun berkahipun Gusti punika binabar nyata ing sagunging gesang. Kathah boten tirah, sekedhik dhatan kirang. Gumantung anggenipun ngraosaken. Makaten ugi ingkang kelampahan nalikanipun bani Israel badhe mangsah perang. (Para Hakim 5:12-21) Saperanganing taleripun Israel sami mantep nglurug perang sesarengan kaliyan Barakh lan Dhebora. Inggih punika Efrayim, Benyamin, Zebulon, Ishakar lan Naftali. Wondene taler sanesipun sami mbobot-timbang lan gojak-gajek. Inggih punika taler Ruben, Dan lan Asyer. Patrap ingkang benten ing antawisipun ingkang mantep mangsah perang lan ingkang mangu-mangu amargi jalaran kandel lan tipising raos kumandel ing ngarsanipun Gusti. Kamangka prasetyanipun Gusti lumantar Dhebora lan Barakh punika nyata, angggenipun badhe ngulungaken para ratuning Kanaan sak wadyabalanipun. Makaten ugi anggen kita mangsah perang ing pangguleting pagesangan. Unggul punapa kawon, katemtokaken dening sepinten kandel lan tipisipun raosing kumandel ing ngarsanipun Gusti minangka tuking pitulungan. Sanajan pacoben, panandhang lan kasangsaran nyerang lan ngrusuhi, sauger mantep kumandel ing Gusti bakal unggul. Laras kaliyan nas ing nginggil “dadine kita padha sumurup uga, yen kita wus tampa apa kang kita suwun marang Panjenengane.” Saestu dados pemut lan pembereg tumraping kita anggenipun kepareng nampeni lan ngraosaken berkahipun Gusti sanadyan taksih ing salebeting pandonga lan panyuwunan. Ngraosaken berkah tuking kumandel. |*AJ
