+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 15 Januari 2025 Minggu I Saksampunipun Epifani

Wilangan 27:1-11; Jabur 106:1-12;  L. Pr. Rasul 8:18-24; Lukas 11:33-36

DADOSA PEPADHANG

 “Mulane sing awas, pepadhang kang ana ing kowe iku

aja nganti dadi peteng.(Lukas 11:35)

Salah satunggaling timbalaning gesang minangka umatipun Gusti inggih punika dados pepadhang. Pindha lilin, sampun samestinipun papanipun para pitados punika wonten ing jodhog murih sedaya tiyang ingkang sami langkung saged nyawang cahyaning lilin ingkang madhangi sakiwa tengenipun. Menawi cahyaning mblered, melik-melik lajeng pejah, tanpa guna anggenipun disumed. “Mulane sing awas, pepadhang kang ana ing kowe iku aja nganti dadi peteng.(Lukas 11:35).

              Emanipun, wonten kemawon umatipun Gusti ingkang samesthinipun dados pepadhang malah gesang ing salebeting pepeteng. Kados ingkang kebabar wonten gesangipun Simon; tiyang ingkang pinunjul ing pasikhiran, ingkang mratobat; nampeni baptis lan dados umatipun Gusti. Nalikanipun rasulipun Gusti Yesus sami nindakaken kaelokan ingkang ngeram-eramaken, awit panguwaosipun Sang Roh Suci, piyambakipun sajak meri lan adreng katedhakan  Sang Roh Suci. Sedyanipun sageda ngemperi kasudibyane para rasul anggenipun nindakaken kaelokan. Murih pinanggih sedya piyambakipun keparing atur besel dhumateng Rasul Petrus lan Yokanan. Lajeng disaruwe: “Dhuwitmu kenaa ing rusak bareng karo kowe, amarga kowe ngira, yen kowe bisa tuku peparinging Allah nganggo dhuwit. Kowe ora duwe panduman utawa wewenang tumrap prakara iki, amarga atimu ora jujur ana ing ngarsane Gusti Allah.” (Le. Pr. Rasul 8:18-21) Kados pundi sagedipun dados pepadhang menawi anggenipun  ngupadi pepadhang mawi cara ingkang peteng.  Mbeseli lan tumindhak boten jujur. 

 Pramila makaten salah satunggaling patrap murih saged dados pepadhang, inggih punika nebihi besel; badhe nampi utawa maringi, lan tumindaka ingkang jujur. Sanajan nampi kalenggahan ingkang luhur; ginayuh klawan besel, wusana lajeng korupsi, tanpa guna anggenipun dados pepadhang. Pramila sepisan malih, “Mulane sing awas, pepadhang kang ana ing kowe iku aja nganti dadi peteng. Dadosa Pepadhang!|*AJ 

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *